Tèknologi informasi
Tèknologi informasi iku olèhé wong nganggo komputer èlèktronika lan piranti alus komputer kanggo ngowahi, nyimpen, ngamanaké, mrosès, mancaraké lan ngamanaké lan nampa data utawa informasi. Miturut Asosiasi Teknologi Informasi AS, tèknologi informasi dijlèntrèhaké minangka: pasinaon, disain, pangembangan, implemèntasi, panyengkuyung utawa manajemen sistem informasi mawa dhasar komputer, mligi aplikasi piranti alus, lan piranti kasar komputer."[1] TI manunggalaké komputasi lan komunikasi mawa kacepetan dhuwur kanggo data, swara, lan vidéo. Conto saka Tèknologi Informasi dudu mung wujud komputer pribadi, nanging uga télpon, TV, piranti rumah tangga èlèktronik, lan piranti gegem modhèren (upamané ponsèl).[2]
Pangolahan, panyimpenan lan panyebaran vokal, informasi mawa gambar, tèks lan numerik déning mikroèlèktronika mawa basis kombinasi komputasi lan télékomunikasi.[3] Istilah sajeroning pangertèn modhèren sepisanan muncul sajeroning sawijining artikel taun 1958 sing diterbitaké sajeroning Harvard Business Review, ing ngendi panulis Leavitt lan Whisler komentar yèn "teknologi anyar durung duwé jeneng tunggal sing diyasa. Awaké dhéwé bakal nyebut iku mau tèknologi informasi (TI)."[4] Sapérangan babagan modhèren lan muncul tèknologi informasi iku génerasi sabanjuré tèknologi wèb, bioinformatika, ''Could Computing'', sistem informasi global, skala gedhé basis pangetauan lan liya-liyané.
Sajarah
besutNalika awal sajarah, manungsa ijolan informasi liwat basa. Mula basa iku tèknologi, basa mungkinaké sawijining wong dadi paham informasi sing ditekakaké déning wong liya nanging iku ora tahan kanthi suwé amarga sawisé pocapan iku rampung, banjur informasi sing ana ing tangan si panampa iku bakal dilalèkaké lan ora bisa disimpen suwé. Saliyané iku jangkauan swara uga winates.
Sawisé iku tèknologi panekan informasi ngrembaka liwat gambar. Kanthi gambar jangkauan informasi bisa luwih adoh. Gambar iki bisa digawa-gawa lan ditekakaké marang wong liya. Saliyané iku informasi sing ana bakal tahan luwih suwé. Sapérangan gambar paninggalan jaman purba isih ana nganti saiki saéngga manungsa saiki bisa (nyoba) mahami informasi sing péngin ditekakaké panggawéné.
Ditemokaké alfabèt lan angka arabik nggampangaké cara panekanan informasi sing luwih èfisièn saka cara sing sadurungé. Sawijining gambar sing makili sawijining prastawa digawé mawa kombinasi alfabèt, utawa mawa panulisan angka, kaya déné MCMXLIII diganti karo 1943. Tèknologi mawa alfabèt iki nggampangaké sajeroning panulisan informasi iku.
Banjur, tèknologi panyithakan mungkinaké pangiriman informasi luwih rikat manèh. Tèknologi èlèktronik kaya déné radhio, tivi, komputer ngakibataké informasi dadi luwih rikat kasebar ing tlatah sing luwih wiyar lan luwih suwé kasimpen.
Informasi umum
besutTI iku babagan panglolaan tèknologi lan nyakup manéka babagan sing kalebu nanging ora winates ing babagan-babagan kaya déné prosès, piranti alus komputer, sistem informasi, piranti kasar komputer, basa program , lan data konstruksi. Cekaké, apa sing gawé data, informasi utawa pangetauan sing dirasakaké sajeroning format visual apa waé, liwat saben mékanisme distribusi multimédhia, dianggep péranganing TI. TI nyedhiakaké bisnis kanthi papat sèt layanan inti kanggo mbantu nglakokaké strategi bisnis: prosès bisnis otomatisasi, mènèhi informasi, ngubungaké karo pelanggan, lan piranti-piranti prodhuktivitas.
TI nglakokaké manéka fungsi (TI Disiplin/Kompetènsi) saka nginstal Aplikasi kanggo ngrancang jaringan komputer lan database informasi. Sapérangan tugas sing TI lakokaké mungkin kalebu manajemen data, jaringan, rékayasa piranti kasar komputer, database lan désain piranti alus, sarta manajemen lan administrasi sistem kanthi sakabèhané. Teknologi informasi wiwit nyebar luwih adoh saka konvènsional komputer pribadi lan tèknologi jaringan, lan luwih menyang njero integrasi tèknologi liya kaya déné panggunan télpon gegem, tivi, montor, lan akèh liyané, sing ngundhakaké panjalukan kanggo pagawéyan.
Ing jaman biyèn, para (Déwan Akréditasi kanggo Engineering lan Tèknologi) lan Asosiasi kanggo mesin komputasi wis nyambut gawé bareng kanggo mbentuk akréditasi lan standhar kurikulum[5] kanggo program degrees ing Tèknologi Informasi minangka babagan studi dibandhingaké[6] karo Èlmu Komputer lan Sistem Informasi. SIGITE (Special Interest Group for IT Education)[7] iku golongan kerja ACM kanggo ndhéfinisikaké standhar iki. Pendhapatan layanan TI ing saindhenging donya watara $ 763.000.000.000 ing taun 2009.[8]
Patuwuhan lan kapasitas tèknologi
besutHilbert lan Lopez[9] ngidhèntifikasi kacepetan èksponènsial owah-owahan tèknologi (mèmper ukum Moore): mesin 'aplikasi-spésifik kanggo ngétung kapasitas informasi per-kapita nduwé watara tikel kaping loro saben 14 sasi watara taun 1986-2007; kapasitas per-kapita ing donya komputer tujuan umum wis tikel kaping loro saben 18 sasi suwéné rong dasawarsa sing padha, kapasitas télékomunikasi global per-kapita tikel kaping loro saben 34 sasi; kapasitas panyimpenan donya per-kapita sing dibutuhaké watara 40 sasi kanggo nggandhakaké (saben 3 taun); lan informasi giyaran per-kapita wis tikel kaping loro watara saben 12,3 taun.[9]
Uga delengen
besutRéferènsi
besut- ↑ http://www.itaa.org/es/docs/Information%20Technology%20Definitions.pdf | p30, Accessed March 3 2008
- ↑ Williams / Sawyer, (2007), Using Information Technology pertalan Indonesia, Penerbit ANDI, ISBN 979-763-817-0
- ↑ Longley, Dennis; Shain, Michael (1985), Dictionary of Information Technology (édhisi ka-2), Macmillan Press, kc. 164, ISBN 0-333-37260-3
- ↑ "information technology", Archive copy, Oxford English Dictionary (édhisi ka-2), Oxford University Press, 1989, diarsip saka sing asli ing 2006-06-25, dibukak ing 20 Novèmber 2010
{{citation}}
: CS1 maint: archived copy as title (link) - ↑ "ABET". Diarsip saka sing asli ing 2010-03-16. Dibukak ing 2011-11-12.
- ↑ Isbell, Charles; Impagliazzo, John; Stein, Lynn; Proulx, Viera; Russ, Steve; Forbes, Jeffrey; Thomas, Richard; Fraser, Linda; Xu, Yan (December 2009), (Re)Defining Computing Curricula by (Re)Defining Computing, Association for Computing Machinery, ACM, ISBN 978-1-60558-886-5
- ↑ ACM-SIGITE
- ↑ "Gartner Says Worldwide IT Services Revenue Declined 5.3 Percent in 2009", Archive copy, Gartner, diarsip saka sing asli ing 2011-09-08, dibukak ing 20 Novèmber 2010
{{citation}}
: CS1 maint: archived copy as title (link) - ↑ a b "The World’s Technological Capacity to Store, Communicate, and Compute Information", Martin Hilbert dan Priscila López (2011), Science (journal), 332(6025), 60-65; free access to the article through here: martinhilbert.net/WorldInfoCapacity.html
Wacan
besut- Adelman, C. (2000). A Parallel Post-secondary Universe: The Certification System in Information Technology. Washington, D.C.: U.S. Department of Education.
- Allen, T., and M.S. Morton, eds. 1994. Information Technology and the Corporation of the 1990s. New York: Oxford University Press.
- Shelly, Gary, Cashman, Thomas, Vermaat, Misty, and Walker, Tim. (1999). Discovering Computers 2000: Concepts for a Connected World. Cambridge, Massachusetts: Course Technology.
- Webster, Frank, and Robins, Kevin. (1986). Information Technology—A Luddite Analysis. Norwood, NJ: Ablex.
- The Global Information Technology Report 2008–2009 (PDF), World Economic Forum and INSEAD, 2009, ISBN 978-92-95044-19-7
- Blais, Steven (December 2011). Business Analysis: Best Practices for Success. John Wiley & Sons. ISBN 1118076001.
- The Global Information Technology Report 2008–2009 (PDF). World Economic Forum and INSEAD. 2009. kc. 406. ISBN 978-92-95044-19-7.
Pranala njaba
besutWikiversity nduwèni bahan pasinaon ngenani Tèknologi informasi |