Taman Sujarah Nasional Kabudayan Chaco

Taman Sujarah Nasional Kabudayan Chaco ya iku sawijing taman kang kapernah ing New Mexico, Amérikah Sarékat. Luwih saka 2.000 taun, wong-wong Pueblo dunungi laladan Amérikah Lor-Kulon. Punjeré pamukiman iki ana ing èrèngan Chaco antara 850 -1.250. Kagiyatan ing laladan iki kaya ta upacara, dagang, lan pulitik. Chaco duwéni yasan masarakat lan monumèn kang éndah lan duwéni arsitèktur mligi.[2]

Taman Sujarah Nasional Kabudayan Chaco
Large circular depression outlined by a stone wall. The bottom is flat and grassy, and has a collection of rectangular stone foundations and smaller circles of stone. A great sandstone cliff towers in the background, and beneath the cliff are other stone foundations that are larger and higher.
Plasa Great kiva
A color map of the area around Chaco Canyon, New Mexico
Park map
PernahSan Juan lan McKinley County, New Mexico, Amérikah Sarékat
Koordhinat36°04′N 107°58′W / 36.06°N 107.97°W / 36.06; -107.97Koordhinat: 36°04′N 107°58′W / 36.06°N 107.97°W / 36.06; -107.97
Area33,977.8 acres (137.50 km2)
Architectural style(s)Pueblo kuno
Visitors39,175 (in 2011)
Governing bodyNational Park Service
WebsiteChaco Culture National Historical Park
Jeneng resmiBudaya Chaco
JinisKabudayan
Wewatoniii
Kadhapuk1987 (sèsi ka-11)
Angka353
Negara Amérika Sarékat
LaladanÉropa lan Amérikah Lor
Jinisdhistrik kang ngemu sujarah
Kadhapuk15 Oktober 1966
Angka66000895[1]
Kadhapuk11 Maret 1907
Kabusek19 Dhèsèmber 1980
Dirancang déningPresiden Theodore Roosevelt
Kadhapuk19 Dhèsèmber 1980
Kadhapuk21 Mèi 1971
Angka57

Kolèksi arkéologi

besut

Kolèksi arkéologi ing taman sujarang iki awujud panci, perkakas saka watu lan balung, sendal, perkakas kanggo nggawé glepung jagung, palu, pacul, lan balung. Kolèkesi liyané awujud ekofak ya iku sampel ékologi kang ngemu informasi kaya ta kèwan lan tetuwuhan, lemah, serbuk sari, mineral, lan kayu. Akèh-akèhé artefak saka Taman Nasional Chaco ditemokaké nalika Proyek Chaco kang dianakaké taun 1970-1985. Ing proyèk iki dimeluni déning paneliti saka manèka kawruh. Saka proyèk iku ditemoakaké udakara 4.000 sana, kang loro saka teluné ya iku sana kang ana ing jaman prasujarah. Kolèksi kang saka dhuwuré lemah ing proyèk iki ngasilaké informasi kang wigati kanggo nyinau budaya Chacoan. Ing dina iki, artefak cacah 70 kang didhudhuk disimpen lan didadèkaké kolèksi. Saliyané iku kolèksi kang dhuwuré lemah kang cacah 1.800 uga disimpen dadi kolèksi. Spèsimèn ing taman iki jinisé keramik, litik, lempung, kèwan, tetuwuhan, lan lichen.[3]

Proyèk Chaco 1970-1975

besut

Ing proyèk iki ditemokaké luwih saka 100.000 artefak. Artefak-artefak iku ditemokaké ing luwih saka 1.800 sana. Wujud sana, kart, lan foto dhokumèntasi dikumpulké lan disimpen dadi arsip. Asil saka proyèk iki ya iku Lapuran Survei Arkèologi Èrèngan Chaco, New Mexico kang digawé déning Alden C. Hayes, David m. Brugge, and W. James Judge.

Survei Pierson

besut

Survei iki ditindakaké déning Lloyd Pierson, mahasiswa saka Universitas New Mexico, nalika taun 1947. Survei iki nemokaké 16.000 artefak ing 167 sana. Akèh-akèhé temuané ya iku keramik. Survei kapindho dianakaké nalika taun 1960, nalika Pierson dadi pegawé NPS (National Park Service). Dhokumèntasi iki disimpen dadi arsip.

Kolèksi Sana Bangsa Navajo

besut

Lumantar undhang-undhang ing taun 1980, taman iki duwéni ayahan bareng karo Program Sana Perlindungan Chaco Bangsa Navajo kanggo ngrumat sana Chaco ing laladan Navajo. Miturut prajanjèn, taman iki didadèkaké gudang musiyum kanggo artefak bangsa Navajo. Ing taun 1980-1981 dianakaké program ekskavasi kang nemokaké 47.500 artefak. Lan uga dianakaké program kang luwih cilik ing taun 1990-an ing Navajo Springs, Crumbled House, lan Raton Well. Ing taun 1995-1996 uga dianakaké program pangumpulan artefak kang cacah luwih saka 17.000 ing 73 lokasi.

Proyèk nglestarèkaké kayu

besut

Nalika taun 1920-an, arkèolog kang megawé ing èrèngan Chaco ngumpulaké kayu konstruksi jaman prasujarah. Nganti saiki program iki ngasilaké dhokumèntasi arsitèktur, panalitèn arsitèktur, lan program lestari kayu. Bahan arsitèktur, bakuné plèster lan balok kayu diklumpukaké terus. Sampel dijupuk saka omah gedhé ing èrèngan Chaco. Luwih saka 1.500 spèsimèn kayu disimpen ing taman nasional lan luwih 6.000 spèsimèn disilihaké ing Laboratory of Tree Ring Research (LTRR). Catetan lapangan saben spèsimèn disimpen dadi arsip.

Iklim

besut

Taman Nasional Kabudayan Chaco manggon ing pujeré laladan San Juan, kang pernahé lor-kulon saka swapraja New Mexico. Taman iki cedhak marang 4 wates swapraja liyané. Taman iki rada garing lan kapernah ing kidul-wétané dhataran dhuwur Colorado. Taman iki kapernah ing 6.000 nganti 6.800 sakdhuwuré sagara. Wujud palemahan ing taman iki akèh èrèngan. Èrèngan-èrèngan iku awujud èrèngan Chaco Canyon kang diisi alluvium kang sistem pacerèné nonjol, watu-wedhi Cretaceous kang amba ang èrèngé akèh ditemoni watu apung, lan sawenèh èrèng cilik (padunung lokal ngarani "rincon"). Curah udan taunan taman iki rata-rata 9,1 inch (sanadyan wiwit taun 2000 curah udan taunan rata-rata 6,5 inch). Iklim taman iki diperbawani déning jinisé lemah, anané banyu, dhuwuré dharatan, sudhuté srengéngé.[4]

Ékologi

besut

Géologi lan paléontologi wewaton Chaco nyritakaké pasisir kang cedhak marang The Great Inland Sea saka periodé Crateceous pungkasan udakara 75 - 80 yuta taun kepungkur. Kedadéan iku bisa dituduhaké lumantar watu, wedhi, lempung, lan batu bara kang kalebu susunan Menefee. Kaéndahan taman iki saka laladan banyu kang na nalika jaman Plèistosen, wiwitané 2 yuta taun kepungkur. Udakara 40.000 nganti 70.000 taun kepungkur, Chaco lèdhès kang jeroné nganti Menefee Shale. Amarga iku, èrèngan iku kaisi alluvium 38 mèter, lan ndadèkaké èrèngan kang modhèren. Tetuwuhan kang urip taman iki awujud suket lan tetuwuhan cendhèk kang mligi ana ing sagara pasir. Saliyané iku taman iki uga dituwuhi wit kapas lan wit dedalu ing sadawané jubiné èrèng, lan kadhangkala uga bisa ditemoni ing saindhengé taman. Ing parangé èrèng uga bisa ditemoni wit kembang lan wit-witan cendhèk. Ing taman iki uga ana Alas Pinyon-juniper kang kapernah ing laladan dhuwur dhéwé saka taman iki, Chacra Mesa. Sanadyan taman iki kalebu taman arkéologi, nanging taman iki duwéni laladan lindhung kang kalebu laladan lindhung San Juan. Taman iki duwéni fungsi kanggo njaga manéka warna kèwan lan tetuwuhan, sanadyan ing laladan iki akèh kagiyatan kaya ta angon-angon kèwan ternak, èkstraksi mineral tambang, lan kagiyatan liyané kang nggunaké palemahan ing taman iki. Ing taman iki asring nganakaké panalitèn babagan budaya, fosil, tetuwuhan, manuk, lan wewaton.[4][5]

Kèwan

besut

Kèwan kang urip ing taman iki kaya ta rusa, kucing alas, kelinci, musang, landhak, lawa, ula, kadhal, manuk, lan kèwan amfibi.[5]

Tetuwuhan

besut

Tetuwuhan kang urip ing nggoné taman iki ya iku pinyon-juniper, wit kapas, wit dedalu, wit-witan cendhèk, lan wit-witan kembang.[5]

Gladri

besut

Rujukan

besut
  1. "National Register Information System". National Register of Historic Places. National Park Service. Juli 9, 2010.
  2. Centre, UNESCO World Heritage. "Chaco Culture". UNESCO World Heritage Centre (ing basa Inggris). Dibukak ing 2020-01-31.
  3. Nageezi, Mailing Address: PO Box 220; Us, NM 87037 Phone:786-7014 Contact. "Archaeological Collection - Chaco Culture National Historical Park (U.S. National Park Service)". www.nps.gov (ing basa Inggris). Dibukak ing 2020-01-31.
  4. a b Nageezi, Mailing Address: PO Box 220; Us, NM 87037 Phone:786-7014 Contact. "Natural Features & Ecosystems - Chaco Culture National Historical Park (U.S. National Park Service)". www.nps.gov (ing basa Inggris). Dibukak ing 2020-01-31.
  5. a b c Nageezi, Mailing Address: PO Box 220; Us, NM 87037 Phone:786-7014 Contact. "Nature - Chaco Culture National Historical Park (U.S. National Park Service)". www.nps.gov (ing basa Inggris). Dibukak ing 2020-01-31.