Tayub Ngayogyakarta
Tayub Ngayogyakarta inggih menika salah satunggiling tari saking Yogyakarta. Tari menika asalipun saking kraton lan dipunbeksa déning raja sinambi mucalaken babagan kapemimpinan (Astha Brata) kanggé putra mahkota (miturut RT Kusumakesawa taun 1980). Boten wonten tiyang sanès ingkang ndhèrèk lan mirsani prosesi ini. Ing catetan Mangkunegaran wonteng setunggal dongeng babagan raja saking negari Purwacarita asmanipun Prabu Kano. Ing negari menika wonten aturan ingkang dipunsebat Badudakan inggih menika pasamuan neningkahan mila kaluarga putri menapa déné kakung sami jejogèdan.
Saking asal tembungipun Tayub menika momot kalih tembung inggih menika mataya ateges tari lan guyub ateges rukun ingkang lajeng dipundhaupaken sesaréngan satemah dados setunggal tembung. Ing salajengipun dados nayub. Ing Yogyakarta piyambak wonten ugi tradhisi kados nayuban ingkang dipunsebat beksan pangeranan. Tari menika naming dipunbeksa déné setunggal penari tanpa gendhing ingkang mbarung. Dados pambeksanipun naming kaliyan lèdhèk. Tayub ugi kawentar ing Serat Centini. Ing ngriki tayub dipunsebat tari rerencangan ingkang nuju dhateng pambeksa putri ingkang nggadhahi panyebutan sanès kados ta ronggèng, talèdhèk (tlèdèk), lan tandhak.
Kesenian Tayub minangka gambaraning gesang manungsa ingkang nyariosaken gegayutan ingkang raket antawisipun manungsa kaliyan alam sakiwa tengenipun. Geguletan kados mekaten menika katingal cetho sanget ing bab tetanduran tradhisional. Miturut cariyos Sayem (piyantun putri saking Dhusun Bandongan), piyambakipun pikantuk pantun sakbongk lajeng dipuncaosaken ing sandhingipun gamelan. Bibar mekaten, Sayem wiwit mbeksa piyambak manut kaliyan gendhing ingkang dipungamel déning para yaga. Gendhing kaping pisan dipunginakaken minangka binarung sepindah nalika ngasta pantun wonten ngajengipun pambeksa ledhok. Istilahipun tandhak inggih menika gendhing Sri Boyong utawi Boyong kemawon. Menika kanggé binarungi pradatan nalika Mbok Sri (Dewi Pantun -- dewi ingkang ngrimat para tani) dipunboyong supados dewi menika tansah wonten ing satengahipun para tani satemah asil panen tansah kathah.
Tata Cara Tayuban
besutKesenian Tayub nggadhahi tata cara Tayuban/Ngibing inggih menika:
- Mituhu dhateng aturan ingkang dipuntemtokaken déning plandang (tiyang ingkang mimpin lan ngatur lampahipun Tayuban kanthi ngutamèkaken urutan lan keadilan supados boten wonten cecongkrahan ingkang saged dados reribed lampahipun Tayuban
- Kedah njagi jarak setunggal meter kaliyan pambeksa tayub
- Boten ngasta gaman nalika jogèd
- Boten ngrokok lan mendem nalika jogèd
- Maringi saweran (arta)
Pèrangan Tayub
besut- Pambeksa Tayub yaiku tiyang putri ingkang mbeksa kanggé ekspresi seni
- Plandang yaiku tiyang ingkang mimpin lan ngatur lampahipun Tayuban
- Pangibing yaiku tiyang ingkang pikantuk pakurmatan utawi ketiban sampur lan kedah jogèd kaliyan pambeksa Tayub nanging kedah paring sawèran langkung rumiyin
- Penglareh yaiku tiyang ingkang ndhèrèk jogèd ngréncangi pangibing saking ngajeng
- Pangrawit yaiku tiyang ingkang ngintuni Tayuban mawi gamelan
- Sinden yaiku tiyang putri ingkang nyekar kabinarung swanten gamelan
Rujukan
besut- Warisan Budaya Takbenda Archived 2023-09-07 at the Wayback Machine.
- Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2014). Buku Panduan Penetapan Warisan Budaya Takbenda Indonesia Tahun 2014 (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
- Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2018). Katalog Warisan Budaya Takbenda Indonesia 2018 (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
- Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya (2015). Panduan Pencatatan, Penetapan, dan Pengusulan Warisan Budaya Takbenda Indonesia (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.
- Mancacaritadipura, Gaura; Wirakartakusumah, Daryl Neng (2019). Warisan Budaya Takbenda dan Pembangunan Berkelanjutan (PDF). Jakarta: Kementerian Pendidikan, Kebudayaan, Riset, dan Teknologi Republik Indonesia.