Tembung andana warih lan andanawari

Tembung andana warih Ian andanawa ri (andenawari) iku satemené kabèh bener Ian minangka tembung Ioro kang béda tegesé. Tembung andana warih iku mengku teges “awèh (mènèhi, paring, maringi) banyu”. Gerbané, andana warih kuwi “pandhita”, ya iku “wong kang awèh (mènèhi, paring, maringi) banyu kang dimantrani minangka tamba”.

Tembung andana warih iku mengku teges “awèh (mènèhi, paring, maringi) banyu”. Gerbané, andana warih kuwi “pandhita”, ya iku “wong kang awèh (mènèhi, paring, maringi) banyu kang dimantrani minangka tamba”.

PanganggoBesut

Basa pedhalangan iku kalebu basa éndah utawa basa susastra. Ora mokal yèn ing sajroné basa pedhalangan iku akèh tinemu tembung utawa tetembungan kang arang dianggo utawa malah ora kelumrah dianggo ing basa padinan, kepara malah ana uga kang ora disumurupi apa teges kang satemené déning sapérangan warganing masarakat.[1] Ing wektu kapungkur, ana sutresna kang olèh tetembungan iki nalika midhangetaké giyaran wayang kulit saka radhio. Panyanané, pocapaning dhalang tumrap tetembungan iki klèru, déné kang dianggep bener ya iku andana warih (dudu andenawa ri). Nanging, tetembungan andana warih Ian andanawa ri (andenawari) iku satemené kabèh bener Ian minangka tembung Ioro kang béda tegesé.[2]

Panganggone tetembungan iki, upamane mangkene:

Punika ta warnanira Radèn Janaka, satriya pamadyaning Pandhawa. Satriya bagus kang wus kaloka sekti mandraguna, tau taté ngentas karya dadi jagoning déwa nyirnakaké satru sekti. Padha-padha titahing déwa, Radèn Janaka kadunungan kasektèn linangkung jalaran wiwit mudha remen nggegulang kaprigelan olah sawarnining dedamel miwah olah bandayuda. Dhasar satriya trahing kusuma rembesing madu tedhaking andana warih Iinambaran gentur tapané, datan mokal yèn ta Radèn Janaka tajem polatané, kukuh bebudèné, sidik paningalé.[3]

Tetembungan trahing kusuma rembesing madu kang kapacak ing ukara pungkasan iku mengku teges “tedhak (turun) pandhita”.[4] Dadi, miturut critané, Radèn Janaka kuwi trahing ratu Ian uga trahing pandhita. Diarani trahing ratu jalaran Radèn Janaka kuwi wayahé (putuné) Prabu Pandhu Déwanata lan diarani trahing pandhita jalaran Radèn Janaka kuwi wayah buyuté (putu buyuté) Begawan Abiyasa.[3]

Tetembungan andanawa ri iku dumadi saka tembung an- + danawa + ari. Tembung danawa asalé saka basa Sangsekerta dânawa “buta” Ian ari (uga saka basa Sangsekerta) mengku teges “mungsuh”. Panulisé tetembungan dânawa ari ing sakawit digandhèng dadi dânawâri, ananging sawatara dhalang anggoné ngucapaké dadi danawa ri (andanawa ri). Adhedhasar tetembungané, danawa ari iku mengku teges “mungsuh(é) buta”; déné gerbané, tetembungan iki mengku teges “déwa” utawa (yèn ing crita wayang) “satriya”. Kanthi mangkono, tetembungan danawa ari (dânawâri) kang ing pakecapan banjur dadi danawa ri (denawa ri) iku bisa ditegesi “déwa” utawia “satriya”.[5]

Panganggoné tetembungan iki, upamané mangkéné:

Punika ta warnanira Radèn Abimanyu iya Parta Tanaya. Satriya kang kalok kajanapriya ing saindenging bawana, yèn priya ngondhangaké kasektèné yèn wanodya ngondhangaké kabagusané. Sanadyan ta kadunungan kasektèn linangkung, Radèn Abimanyu datan kuma-Iungkung, bagus datan kumenthus, Iimpad datan kuméwat, ing satemah kathah jalma gung alit kang samya tresna asih marang Sang Andanawa ri.[6]

Tetembungan Sang Andanawa ri kang dumunung ing pungkasaning ukara pethikan panyandra iku mengku teges “satriya”, dudu “déwa”. Déné kang dikarepaké Sang Andanawa ri ing ukara mau, ya iku Radèn Abimanyu, Ian wis disumurupi yèn Radèn Abimanyu kuwi kalebu golonganing satriya, dudu golonganing déwa.[7]

Uga delengenBesut

RujukanBesut

KapustakanBesut

  • Harjawiyana, Haryana (2001). Marsudi Unggah-Ungguh Basa Jawa. Yogyakarta: Penerbit Kanisius. ISBN 978-979-2100-51-8.
  • Harjawiyana, Haryana; Supriya, Theodorus (2001). Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa. Yogyakarta: Penerbit Kanisius. ISBN 978-979-6729-91-3.
  • Padmosoekotjo, Sitam (1987). Gegaran Sinau Basa Jawa (Memetri Basa Jawi) (PDF). Surabaya: PT. Citra Jaya Murti.
  • Widati, Sri, dkk (2018). Puspa Rinoncé. Yogyakarta: Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan Badan Pengembangan dan Pembinaan Bahasa Balai Bahasa Provinsi Daerah Istimewa Yogyakarta. ISBN 978-979-1854-05-4.

Pranala jabaBesut