Undha-Usuk Basa Jawa
Undha-usuk ya iku tingkatan ingkang njléntréhaké menawi basa Jawa ingkang dipunginaaken wonten prosés pacelathon saged ningkataken nilai moral sèmantik. Undha-usuk uga saged dipunsebat unggah-ungguhing basa ya iku tembung undha lan tembung ungguh gadhah teges inggil, menawi tembung usuk lan tembung unggah ngandhut pangertosan landasan utawa panggonan (Ahmad, dkk, 2010:52). Unggah-ungguhing basa dibagi dados tiga ya iku : basa ngoko, basa madya, lan basa krama (Purwadi & Zaidah, 2012:16)[1]
Bentuk Ragam/Tingkat Tutur
besutTingkat tutur ngoko (ragam ngoko) ya iku bentuk unggah-ungguh basa Jawa ingkang lèksikon ngoko dados unsur mligi wonten ing ragam ngoko (Sasangka, 2004:95). Ragam ngoko gadhah kalih (2) bentuk ya iku ngoko lugu lan ngoko alus (Sasangka, 2004:95). Ngoko lugu ya iku bentuk unggah-ungguh basa Jawa ingkang sedaya tembung menika ngoko lan nétral (lèksikon ngoko lan nétral) boten wonten lèksikon krama, krama inggil, utawa krama andhap. Ngoko alus ya iku bentuk unggah-ungguh ingkang boten namung lèksikon ngoko lan nétral kemawon, ananging uga wonten leksikon krama inggil, krama andhap utawa lèksikon krama ingkang wonten ing ragam punika sejatosipun namung dipunginaaken kanggé ngurmati mitra wicara (Sasangka, 2004:99-100).
Bakuning Undha-Usuk Basa
besutUndha-usuk basa ya iku basa ngoko lan basa krama ingkang ngetrepi wewaton utawi paugeraning undha-usuk basa. Tuladhanipun undha-usuk basa ingkang dipunwulangaken ing pawiyatan-pawiyatan, dipunginaaken ing kaperluan utawi kawigatosan resmi, dipunginaaken ing buku-buku seserepan, buku-buku basa lan sastra jawi. Undha-usuk basa ing buku-buku lan sastra jawa limrahipun kènging dipunwastani baku, amargi nalika panyeratipun ngrumpaka, woten wekdal ingkang longgar kanggé nglelimbang lan ngudi amrih saged tansah saè lan prayogi.
Tumrap basa Indonésia, basa ingkang baku (Bahasa Indonesia baku) inggih menika basa ingkang sae lan leres. Dene undha-usuk basa jawi ingkang baku, miturut andharan ing nginggil boten ingkang sae lan leres, nanging ingkang sae lan prayogi. Amargi paugeran undha-usuk basa menika namung awujud pandom utawi ancer-ancer, mula langkung prayogi yen boten dipunwastani undha-usuk basa ingkang boten baku, nanging kirang baku.
Nyengkuyung Undha-Usuk Basa
besut1.Basa Pacalathon
Basa pacalathon inggih menika basa ingkang dipun-ginaaken ing pawicantén utawi pagineman ing pasrawungan padintenan, limrahipun kaliyan kanca ingkang sampun kulina. Ingkang kaanggep wigatos ing basa pacalathon wonten kalih prakawis, inggih menika lairing raos lan spontanitas (wedharing batos ingkang dadakan). Basa pacalathon asring nilar paugeran trap-traping paugeran njalari ngirani segering raos lan spontanitas. Ciri-ciri basa pacalathon inggih menika
- Taksih migunakaken basa madya, basa krama désa, basa enggon-enggonan, basa Indonésia tuwin basa manca.
- Tansah migunakaken tembung-tembung ingkang dipuncekak. Tuladhanipun: menika – nika, dhateng – teng, kadospundi – dospundi, adalem – dalem, menapa – napa, ora – ra, panjenengan – njenengan.
2. Basa Jurnalistik
Basa jurnalistik ya iku basa Jawa ingkang dipunginaaken ing kalawarti, serat iber (surat èdaran, bulletin), lan basa Jawa ingkang dipunginakaken nawakaken dagangan utawi menapa kèmawon (iklan) ing radhio, TV, réklame lan isp. Perkawis ingkang wigatos wonten ing basa jurnalistik ya iku amrih langkung saged narik kawigatosanipun tiyang kathah. Ing ngandhap menika, tuladha ingkang kacupik saking kalawarti Djaka Lodhang babaran dinten Setu Paing tanggal 12 Dèsèmber 2000 kaca 50 kanthi irah-irahan “Satleraman Resépsi Pernikahan Tamara-Tien.
”Gayeng, unik sporty! Iku kesan sing keto king acara resèpsi pernikahan Tamara Geraldine lan Tién Thin Phan sing adani ing Balai Sudirman, dina Senén, tanggal 11 Sèptèmber 2000 kepungkur.
Tembung unik, sporty, kesan, resèpsi pernikahan, bokbilih kinging dipun-gantos tembung Jawa utawi katrangan cekak ingkang suraosipun mèh sami. Bab ingkang pangaos sanget saha perlu tansah dipun wigatosaken inggih menika bilih basa jurnalistik tebanipun wiyar, sumrambah, waradin ing saindénging masarakat Jawa.
3. Indiom Basa Jawa
Sami kaliyan basa-basa manca, ing jagading undha-usuk basa Jawa uga wonten tetembungan ingkang dipunwastani indiom, inggih menika rumpakan ingkang sampun kalimrah utawi tansah dipun-ginakaken. Tuladhanipun :
- Tembung takon dipunkramakaken : nyuwun priksa, nyuwun sèwu, utawi kepareng matur.
- Tembung mbalékakè (barang) dipunkramakaken : ngonduraken.
- Tembung emoh (n: ora doyan) dipunkramakaken : maturnuwun
Yén dipuntlusuri kanthi satiti lan lebet, sedaya idiom menika badhé pinanggih lampah – lampah panalaripun. Kados tetembungan nyuwun priksa menika wancahan saking frase nyuwun sumerep. Dados ingkang perlu kawigatosaken inggih menika, sanajan katingal kirang baku, idiom prayogi tetep dipun-ginakaken menapa wontenipun lan boten badhé ngirangi bakuning undha-usuk basa.
4. Basa Rinengga
Basa Jawa menika sugih basa rinengga, awujud wedharing gagasan lésan utawi sinerat ingkang karengga-rengga, dipunacak murih katingal éndah. Basa rinengga limrahipun dipunanggé ing buku-buku sastra, tembang, geguritan, ing ringgit purwa, ringgit tiyang, kethoprak, lsp. Wondénè caranipun macak utawi amajang basa rinengga ingkang wigatos wonten ing warni kalih ya iku.
Rujukan
besut- ↑ Puspitoningrum, E; Rahmayantis, M.D. (2018). "BAHAN AJAR PACELATHON UNDHA-USUK BASA JAWA LOKALITAS KEDIRI SEBAGAI PENGUATAN KARAKTER TATA KRAMA BERBICARA SISWA DALAM MATA PELAJARAN MUATAN LOKAL BAHASA DAERAH". Jurnal Keilmuan Bahasa, Sastra, dan Pengajarannya 4(1) k.21-34: 14.
- ↑ Harjawiyana, Haryana; Th., Supriya (2009). Kamus Unggah-Ungguh Basa Jawa. Yogyakarta: PT. Kanisius. ISBN 978-979-672-991-3.