Vertigo
Vertigo yaiku wujud gangguan keseimbangan ana ing kuping bagéan jêro, sing bisa marakaké pênderita ngrasa mumêt (ngrasa yèn panggonan sakiwa têngêné munyêr). Kadadéan kaya mangkono iku suwéné bisa mênitan, jam-jaman, malah uga bisa nganti pirang-pirang dina. Vertigo bisa ngganggu aktifitas, sanajan ora marakaké organ tubuh liyané mèlu lara.
Panyêbab
besutPanyêbab vertigo[1] yaiku:
- Kaanan kiwa têngên
- Obat-obatan (alkohol, gentamisn)
- Gangguan sirkulasi:Transient ischemic attack (gangguan sêdhéla fungsi utek amarga kalongé aliran getih marang salah sawjining bagéan utek) ing arteri vertebral lan arteri basiler.
- Kelainan ing bagéan kuping, kaya ta:
- Ana êndhapan kalsium ing salah sawijining kanalis semisirkularis, yaiku ing kuping bagéan jêro (marakake benign paroxysmal positional vertigo).
- Infeksi kuping bagéan jêro jalaran bakteri.
- Herpes zoster
- Peradangan saraf vestibuler.
- Penyakit Meniere.
- Kelainan neurologis, kaya ta sklerosis multipel lan tumor polo.
Tandha-tandha
besutGêjala vertigo yaiku ngrasa mumêt, utawa ngrasa yèn kaanan sakiwa têngené munyêr.
Jinis
besutMacemé vertigo[2] ana 2, yaiku:
- Vertigo periver, yaiku jalaran ora berfungsiné struktur perifer nganti batang utêk (brain stem).
- Vertigo sentral, yaiku nglibataké pênyakit sing bisa mrabawani batang utêk (brain stem) utawa cerebellum.
Cathetan sikil
besut- ↑ "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2012-07-01. Dibukak ing 2012-07-18.
{{cite web}}
: CS1 maint: archived copy as title (link) - ↑ vertigo[pranala mati permanèn]