Wayang Jemblung

Wayang Jemblung utawa Dalang Jemblung ya iku sawijining wujud kesenian teater tradhisional saka tlatah Banyumas.[1] Dhapuré wayang iki kaya pagelaran wayang, nanging dimainake déning sawijining dhalang kang ngrangkep dadi wayang, gamelan, pangrawit, lan waranggana (vokalis). Ing perkembangane, Wayang Jemblung dimainake déning wong kang cacahé telu nganti enem amarga prabawa kesenian tradhisional liyané, kaya ta ketoprak lan wayang wong.

Istilah jemblung nganti seprene durung ana sing ngerteni kanthi mesti, nanging ing tlatah Banyumas ana rong panyaruwe kang béda. Panyaruwe pisanan kandha yèn jemblung saka tembung gemblung kang ateges gendheng. Panyaruwe iki cukup bisa ditampa, amarga nalika pertunjukan dimulai, lakuné dhalang kaya wong édan. Kabèh mau dilakoni dhéwé, wiwit dadi wayang nganti nembangake iringan gamelan. Panyaruwe kapindhone ya iku istilah iki dipopulerake déning sawijining dhalang kang jenenge Ki Lebijiwo ing panggonan ngungsi, nalika ana perang Trunojoyo ing jaman karajan Mataram. Ing panggonan ngungsi, dhèwèké kepéngin nganakake pagelaran wayang. Nanging amarga kaanane kang sarwa kurang, mula pagelaran wayang dianakae saanane. Kang wigati, nalika mainake lakon Babad Menak kanthi tokoh sentral Umarmaya lan Umardani, Ki Lebijiwo tansah nambahake jejuluk jemblung ing ngarepe jeneng jeneng tokoh-tokoh mau.

Pagelaran iki dimainake kanthi lungguh sila madhep méja kang kadangkala ana cemilan kanggo dhalang. Yèn dhalange punjul siji, dhalang mau padha lungguh adep-adepan. Dhalang-dhalang mau duwé pembagian tugas kang cetha, tuladhané sapa kang swarane kaya rebab, gong, utawa minangka waranggana.

Sajatiné, repertoir Wayang Jemblung ora patiya béda karo repertoir Wayang Kulit. Pambeda kang paling katon ya iku ana ing wayang lan gamelan. Wayang Jemblung mung nganggo modhal cangkem lan awake dhalang. Ana uga sapérangan wong kang ngarani wayang iki minangka teater accapela saka Banyumas.

Cathetan suku

besut
  1. petra.ac.id Archived 2010-08-06 at the Wayback Machine. diundhuh tanggal 20 Mèi 2012