Wayang Pancasila
Wayang Pancasila iku carita wayang kang persis karo wayang purwa kang bedakaké mung lakon-lakoné, ning wayang Pancasila lakoné pejuang-pejuang bangsa Indonésia caritané uga bab perjuangan Bangsa Indonésia[1]. Wayang modern iki kacipta amarga wayang-wayang purwa, madya lan gedhog ora bisa menuhi kaperluan masarakat, mligi kaperluan komunikasi[2]. Mula iku kacipta wayang modern-modern liyan kanggo njangkepi faktor-fakttor panglancar komunikasi ning masarakat, kaya ta wayang wahana (1920), wayang kancil(1925), wayang wahyu (1960), wayang dobel, wayang sajati (1972), wayang budha lan wayang sadat (1985)[2].
Wujudé Wayang Pancasila
besutWujud wahana wayang iki bisa diomong padha karo wayang purwa, saora-orané meh padha persis karo wayang wahana atawa wayang suluh[3].Wayang iki diciptakaké déning Suharsana Hadisusena (pegawé Kamentrian Penerangan kang ana ning Kutha Ngayogyakarta) watara taun 1950-an[1]. Paraga wayang pancasila iku modifikasi saka rupané lakon-lakon wayang kulit purwa, lakon kasatria saka wayang pancasila rupané dipadakaké karo lakon-lakon panjajah lan para pejuang, karo klambi ijo kanggo para lakon-lakon wayang kulit purwa kaya ta Bima lan Arjuna, wayang pancasila iki ditambahi bedil lan ora lali ana bintang pangkaté uga[1]. Dinggoni klambi, kathok dawa lan nganggo peci bala[4]. Saka segi kaendahan seni kriya, peraga wayang pancasila kaya-kaya ngrusak kaendahan wayang kulit purwa[1]. Wayang pancasila kago;ong wayang kontemporer, padha kaya wayang revolusi, wayang sadat lan wayang pandu.[5] macem-macemé wayang kontemporer, kang duwé sajarah lan tokoh kang béda-béda.[5] Jeneng-jeneng lakon kang ana ning wayang pancasila uga duwé arti kang ngambaraké sapa tokoh iku, kaya ta tokoh Jendral Spoor, panglima panjajah Walanda[1]. Uga dibeber kanggo nyeritakaké carita-carita paristiwa Kamardikan Républik Indonésia kanti tujuan mènèhi "penerangan" bab filsafat Pancasila, UUD sarta GBHN [4] . Ana ning wayang Pancasila Jendral iku duwé celukan Senapati Rata Dahana, kang artiné Rata iku kereta api, lan dahana iku geni. kaya tembung celukan spoor iku padha karo sepur[1].
Karana wayang pancasila iki akèh carita perang, nuli kurang apik manawa dadi tontonan, wayang pancasila iki ora maju.[1] Watara taun 1951 wayang ora tau dibeber manèh.[1]
Delengna Uga
besutCathetan suku
besut- ↑ a b c d e f g h www.pdwi.org[pranala mati permanèn] dipununduh tanggal 28 April 2011, jam 04.50 WIB
- ↑ a b RAGAM WAYANG DINUSANTARA[pranala mati permanèn] dipununduh tanggal 11 April 2011, tabuh 23.09 WIB
- ↑ jinis wayang Indonésia[pranala mati permanèn] dipununduh tanggal 11 April 2011, tabuh 21.49 WIB
- ↑ a b SMK PEDALANGAN kls 10, hlm.52[pranala mati permanèn] dipununduh tanggal 11 April 2011 tabuh 21.32 WIB
- ↑ a b koran TEMPO[pranala mati permanèn] dipununduh tanggal 11 April 2011, tabuh 21.05 WIB