Wayang purwa
Wayang Purwa iku sajinising wayang saka Jawa. Para ahli ngira yèn ukara purwa dijupuk saka parwa, utawa péranganing kitab-kitab kakawin kaya ta Mahabharata utawa Ramayana. Ing bausastra Jawa anyar, ukara purwa uga bisa ngandhut pangerten jaman purba utawa jaman wiwitan. Yèn ing versi asliné, kitab loro iki ora ana sesambungané. Ing Jawa, ana sesambungan antarané rong jaman iki kang banjur dirunut dadi silsilah dhéwé.
Pangowahan
besutIng tangan para pujangga Jawa, wiracarita loro iku diowahi lan ditambahi manèh. Ing padhalangan, dhalang nduwé kuwasa improvisasi carita-carita cilik, kang banjur kondhang dadi ‘’carita carangan’’.
Wayang purwa ngalami owahan kang akèh nalika ing jaman Wali Sanga. Para ulama Islam iki nyoba ngilangi ajaran Hindhu ing Mahabharata lan Ramayana kang asliné saka India. Ing wayang kulit, gambar-gambar wayang iki banjur dientha-entha karebèn ora kaya manungsa. Jimat Kalimasada duwèké Puntadewa saka tambahané para wali uga. Semono uga paraga wayang kaya Sang Hyang Giri Nata kang dianggep ngrujuk marang Sunan Giri, salah sijiné Wali Sanga.
Ing jaman Mataram Anyar, Walanda nyoba ngrungkebi pulitik lan panguwasa. Nanging amarga saka iku banjur pujangga-pujangga kraton olèh kawigaten. Para pujangga kaya Yasadipura I, Yasadipura II, utawa Ranggawarsita nyoba nguripaké manèh kasusastran kang magepokan kalawan Mahabharata lan Ramayana iku.
Lakon-Lakon
besutYèn dideleng kanthi prasaja, lakon wayang kapérang dadi loro: pakem lan carangan.
Pakem
besutLakon pakem dijupuk saka carita-carita kang ana ing kitab-kitab kuna, kaya ta: Kakawin Mahabharata, Kakawin Ramayana, Pustaka Raja Purwa lan Purwakandha. Ing antarané carita-carita pakem iku antarané:
- Bale Sigala-gala
- Pandhawa Dhadhu
- Bharatayudha
- Rama Gandrung
- Subali Lena
- Anoman Dhuta
- Brubuh Ngalengka
Lakon Carangan
besutLakon carangan iku njupuké saka carita pakem kang dikantheni tambahan carita liyané. Saka carita carangan iki banjur akèh gagrag-gagrag kang tansah béda. Paraga-paraga ing wayang uga dadi tambah akèh. Nanging ana kalané gawé bingung, amarga bisa baé lakoné padha nanging caritané dadi béda. Carita-carita carangan iku antarané:
- Babad Alas Mertani
- Partakrama
- Aji Narantaka
- Abimanyu Lair
- Peksi Dewata
- Gambiranom
- Semar Mantu
- Bambang Sitijaya
- Aswatama Maling
- Thongthongborong
- Srikandhi Mandung
- Danasalira
- Laire Pandhu
- Laire Dasamuka
- Laire Indrajit
- Bedhah Lokapala
- Tutugipun Lampahan Wilugangga
- Gathotkaca Gandrung
- Antasena Rabi
- Ugrasena Tapa
- Sembadra Larung
- Kresna Kembang
- Narayana Maling Putri
- Sri Boyong
- Bandung Naga Sewu
- Pandhawa Maneges
- Semar Maneges
- Parta Déwa
- Wahyu Topeng Waja
- Wahyu Widayat
- Semar Kuning
- Rama Tambak
- Semar mBarang Jantur
- Anoman Swarga
- Déwa Ruci
- Bima Bungkus
- Gatutkaca Sungging
- Sudamala
- Sumantri Ngenger
- Wahyu Makutharama
Sawetara lakon ing dhuwur kanthi format MP3 bisa kaundhuh ing situs internèt.[1]
Sempalan
besutLakon sempalan iku lakon kang wis dadi lakon gubahan, béda karo asliné amarga disaluyokaké déning gagrag anyar kaya lakon-lakon Wayang mbeling utawa lakonet anggitan Ki Harsono Siswocarita.
Banjaran
besutLakon BANJARAN iku jinising lakon wayang purwa sinng nyaritakaké éning Alm Ki Nartosabdo. Sebadyan lakon iku dawa lan ginelar sewengi natas, nanging ora nara, Jejer III, perang brubuh nganti tancep kayon. Sawetara lakon Banjaran kanthi format MP3 uga bisa diundhuh lan dipirengake ing internèt.[2]
- Banjaran Karna
- Banjaran Abimanyu
- Banjaran Gatutkaca
- Narasoma (Banjaran Salya)
- Banjaran Karna
- Banjaran Bisma