Wit krésék(Dodonara viscosa) manut panèlétén K. Heyne ing buku Tumbuhan Berguna Indonesia I-IV(Badan Penelitian dan Pengembangan Kehutanan Departemen Kehutanan, 1987), nduweni jeneng liyane sing cèkap akeh. Ana sisan pratèla sing ngarani jeneng latinné Rhyncocarpa monophylla. Ning Sundha diarani Cantigi. Ning Jawa ana sing diarani wit mésèn, kese, kisig, krésék, lan tèngsék.[1]

Wit iki dhapuran, grombolané wit cilik-cilik, dhuwure pantaraning 2-10 meter. Thukul nganti lemah dhuwur, ning lemah wèdhi wangên idêp wewaton, nduwé akeh cabang. Kayuné atos bangêt, tur awis gêgaman landhèp isa ngethok wit kasebut.

Kawi tau ndêlok wit iki ning perkebunan teh Medini, kecamatan Limbangan, Kabupaten Kendal. Ning kunu akeh uwong ngarani wit tengsek. Kayune atos lan dimuliakake, kaya galih asem. Ing mangsa iku(1972) akeh digunakaké anggo kelet lan barang-barang jimat liyane. Supados khasiat sing ana ing njêroné ora luntur, motong dahan wit iki mesti nganggo gergaji loro gawe ngêthok ujung lan pangkal mesisan. Ning panggon liyané, kayu iki mesti digawé arang sing kualitasé apik.


Arané desa besut

Desa-desa ing Jawa Wétan/Jawa Tengah/Yogyakarta sing nggunakake jeneng Kresek anggo arane desa yaiku:

No Desa/Kelurahan Kecamatan Kabupaten
1 Kresek Wungu Madiun
2 Kese Grabag Purworejo

Rujukan besut

  1. Santosa, Iman Budhi (2017). Suta naya dhadhap waru : manusia Jawa dan tumbuhan. Yogyakarta: Interlude. kc. 255. ISBN 9786026250421. OCLC 1040082743.