Wong Dani

suku wangsa ing Indonésia

Dani inggih punika salah sawiji saking kathahipun bebrayan ingkang dumunung ing wewengkon Pegunungan Tengah, Papua, Indonésia. Lan dumunung ing sadaya Kabupatèn Jayawijaya lan sapérangan kabupatèn Puncak Jaya.[1]

Suku Dani
Suku Dani
Orang Parim
Gunggung cacah jiwa
(2009: kurang lebih 25.000 Jiwa.)
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Indonésia:
Basa
basa Dani
Agama
Mayoritas Kristen Protèstan dan Islam Sunni, namun ada sedikit yang beragama Katholik, Animisme, Animatisme, Dinamisme dan Totem
Golongan ètnik magepokan
Suku Damal, Suku Yali, Suku Lani dan Suku Moni.

Selayang Pandang Suku Dani

besut

Suku Dani minangka salah satunggaling suku ingkang dumunung ing wewengkon Lembah Baliem ingkang misuwur wiwit atusan taun kapengker minangka wong tani ingkang trampil lan migunakaken piranti utawi perkakas ingkang wiwit kapanggih dipunmangertosi sampun ngenal tèknologi panganggo kapak batu, lading ingkang kadamel saking balung kéwan, pring, lan ugi tombak ingkang kadamel migunakaken kayu galian ingkang kondhang kiyat lan abot.[2] Suku Dani taksih kathah ingkang migunakaken “koteka” ingkang kadamel saking kunden/labu kuning lan para wanita migunakaken busana wah asalipun saking rumput/serat lan dumunung ing “honai-honai” (gubuk ingkang atapipun kadamel saking dami lan alang-alang). Upacara-upacara ageng lan keagamaan, perang suku taksih dipunlaksanakaken.[3]

Suku Dani Dipunpanggihaken

besut

Suku Dani Papua, Perkampungan ingkang pisanan dipunmangertosi ing Lembah Baliem dipunprakirakaken antawis atuasan taun kepengker. Kathah observasi ing dataran tinggi pedalaman Papua ingkang dipunlaksanakaken. Salah satunggalipun inggih punika ingkang kapisanan Expedisi Lorentz nalika taun 1909-1910 (Netherlands), nanging boten operasi ing Lembah Baliem.[4]

Lajeng panaliti saking Amérika ingkang nama Richard Archold anggota timipun inggih punika tiyang ingkang kapisanan ngawontenaken interaksi kaliyan penduduk asli ingkang dèrèng naté ngawontenaken komunikasi kaliyan nagara sanès. Punika kadadosan ing taun 1935. Lajeng ugi sampun dipunmangertosi bilih penduduk Suku Dani minangka para wong tani ingkang trmapil migunakaken kapak batu, piranti pengikis, pisau ingkang kadamel saking balung kéwan, pring utawi tombak kayu lan tongkat galian. Prabawa Éropah dipunbekta déning para Missionaris ingkang yasa pusat Missi Protèstan ing Hetegima antawis taun 1955. Lajeng sabibaripun Bangsa Walanda madegaken kutha Wamena saéngga agama Katholik wiwit nyebar.[4]

Basa Suku Dani

besut

Basa Dani kasungsun saking 3 sub kulawarga basa, inggih punika:

  • Sub kulawarga Wano ing Bokondini
  • Sub kulawarga Dani Pusat ingkang kasungsun saking logat Dani Barat lan logat lembah Besar Dugawa.
  • Sub kulawarga Nggalik lan ndash

Basa suku Dani kalebeb kulawarga basa Melansia lan basa Papua tengah.[5]

Cathetan suku

besut
  1. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2012-01-06. Dibukak ing 2012-12-30.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  2. [1]
  3. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2013-03-04. Dibukak ing 2012-12-30.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  4. a b [2]
  5. Adat Budaya Suku Dani