Adinegoro

Adinegoro ( Talawi, Sumatra Kulon, 14 Agustus 1904 - Jakarta, 8 Januari 1967 ) punika sastrawan Indonesia lan wartawan kawakan. Piyambakipun gadhah pendidikan STOVIA (1918-1925) lan naté memetri kawruh bab jurnalistik, géografi, kartografi, lan geopulitik ing Jerman lan Walandi, taun (1926-1930).

Adinegoro
A.s. Dharta.jpg
Lair(1904-08-14)14 Agustus 1904
Talawi, Sumatra Kulon
PatiJanuari 8, 1967(1967-01-08) (umur 62)
Jakarta
BasaBasa Indonésia
BangsaIndhonésia Indonésia
SukuMelayu
Warga nagaraIndonésia

Nami asli Adinegoro saleresipun Djamaluddin gelar Datuk Madjo Sutan. Piyambakipun punika rayinipun sastrawan Muhammad Yamin, sadhèrèk tunggal Bapa nanging bènten ibu. Bapakipun Adinegoro inggih punika Usman gelar Baginda Chatib lan ibunipun ingkang asma Sadarijah, déné ibunipun Muhammad Yamin inggih punika ingkang asma Rohimah.

Jaman Nèm-nèmanBesut

Adinegoro kapeksa nganggé asma sesinglon amargi nalika taksih sekolah wonten ing STOVIA piyambakipun boten dipunparengaken nyerat. Kamangka, wekdal punika kekarepan kanggé nyerat ageng sanget. Pramila, lajeng nganggé sesinglon Adinegoro minangka identitas énggal, saéngga saged nyerat lan publikasi seratannipun tanpi kadenangan bilih Adinegoro punika saleresipun inggih Djamaluddin gelar Datuk Madjo. Wusananipun nama Adinegoro minangka sastrawan langkung misuwur tinimbang nama aslinipun, Djamaluddin.

Nalika sinau sekawan taun wonten ing Berlin, Jerman, Adinegoro memetri bab jurnalistik. Sansipun punika, piyambakipun ugi nyinaoni bab kartografi, géografi, pulitik, lan geopulitik. Tamtu kémawon, pengalaman sinau wonten ing Jerman punika kathah sanget nambih kawruh lan wawasanipun, ingkang utami bab jurnalistik. Adinegoro, Pancèn langkung misuwur minangka wartawan tinimbang sastrawan.

KarirBesut

Piyambakipun miwiti karir minangka wartawan ing kalawarti Caya Hindia, dados pembantu tetap. Saben minggu piyambakipun nyerat artikel bab manca nagari ing kalawarti punika. Nalika sinau wonten ing manca nagari (19261930), Piyambakipun nyambi dados wartawan bébas (freelance journalist) wonten ing serat kabar Pewarta Deli (Medan), Bintang Timur, lan Panji Pustaka (Jakarta).

Sakwangsulipun dhateng tanah air, Adinegoro mimpin kalawarti Panji Pustaka ing taun 1931, nanging boten lami namung enem wulan. Saksampunipun punika, piyambakipun mimpin serat kabar Pewarta Deli ing Medan (19321942). Piyambakipun ugi naté mimpin Sumatra Shimbun salami kalih taun. Lajeng, sesarengan kaliyan Prof. Dr. Supomo, piyambakipun mimpin kalawarti Mimbar Indonesia (1948—1950). Salajengipun, Adinegoro mimpin Yayasan Pers Biro Indonesia (1951) lan wusana, piyambakipun nyambut damel wonten ing Kantor Berita Nasional (saterasipun lajeng dados LKBN Antara). Ngantos akir hayatipun Adinegoro ngabdi wonten ing kantor berita punika.

Adinegoro ndhèrèk ngadegaken Perguruan Tinggi Jurnalistik ing Jakarta lan Fakultas Publisistik lan Jurnalistik Universitas Padjadjaran. Piyambakipun naté ugi dados Tjuo Sangi In (kados déné Dewan Rakyat) ingkang dipunwujud déning Jepang taun (1942-1945), anggota Dewan Perancang Nasional, anggota MPRS, Ketua Dewan Komisaris Penerbit Gunung Agung, lan Présidhèn Komisaris LKBN Antara.

KaryaBesut

Buku
Novèl
Carios Cekak

Pranala njawiBesut