Aksara Sundha dienggo nulisaké araning siji yasan ing salah sijining paguron ndhuwur ing Bandhung.

Aksara Sundha (ᮃᮊ᮪ᮞᮛ ᮞᮥᮔ᮪ᮓ) iku ngrujuk ing siji sistim panulisan kasil karya bangsa Sundha kanggo nulisaké basa Sundha. Aksara Sunda iku ngrujuk ing aksara Sundha Kuna kang dienggo saka abad kaping 14 nganti tekan abad kaping 18.

SajarahBesut

 
Prasasti Astana Gedé Kawali saka jaman Sundha-Kawali abad kaping-15, tulisané nganggo aksara Sundha Kuna.

Saliyané nganggo aksara Sundha Kuna, bangsa Sundha tau ngerti lan nganggo sistém aksara liyané, antarané

Sacara resmi, pamaréntah Jawa Kulon ngetokaké Perda taun 2003 kanggo njurung aksara Sunda bèn bisa dienggo sadina-dina.[1]

KomputerisasiBesut

Komputerisasi aksara Sundha nalika metuné publikasi resmi aksara Sundha saking Pamaréntah Jawa Kulon. Conto pisanané "Aksara Pakuan" ing wujud OTF.

Liyané saka aksara mau, ing wulan Januari 2006, proposal kanggo kodhifikasi Aksara Sundha ing format Unicode wis dikirimaké menyang konsorsium Unicode [2]. Prosès iki bakal mlaku suwéné rong taun. Diarepaké ing taun 2008, aksara Sundha wis bisa mlebu ing susunan Unicode vèrsi 5.0.

Susunan Aksara SundhaBesut

Aksara Sundha bisa dipérang dadi sawatara komponèn, antarané:

  • aksara nglegena (aksara wyanjana)
  • aksara swara
  • sandhangan swara
  • paugeran tandha waca
  • angka

Aksara nglegenaBesut

 

Aksara swaraBesut

 

Sandhangan swaraBesut

 

AngkaBesut

 

Conto panganggonanéBesut

AsmarandanaBesut

Tèks Sundha Alihaksara Sundha Jarwa ing basa Jawa
  Éling éling masing éling,

rumingkang di bumi alam,
darma wawayangan baé,
raga taya pangawasa,
lamun kasasar lampah,
napsu nu matak kaduhung,
badan anu katempuhan.

Éling éling mbok ya éling,

Yèn nglelana ing bumi alam,
Darma wewayangan waé,
Raga 'ra ana kuwasa,
Upama kesasar mlampah,
Napsu kang marakké getun,
Awaké kang kudu kurban.

LadrangBesut

Tèks Sundha Alihaksara Sundha Jarwa ing basa Jawa
  Aya hiji rupa sato leutik,

Éngkang-éngkang, éngkang-éngkang,
Sok luluncatan di cai,
Ari bangun arék sarupa jeung lancah.

Ana siji rupa kéwan cilik,
Éngkang-éngkang, éngkang-éngkang,
Senengé loncat nèng banyu,
Nèk wanguné ngarep padha karo kemangga.

Cathetan sikilBesut

  1. Dangiang Aksara Sunda, pirsanana filsafat Abah Surya ngenani aksara Sunda ing Sundanet.com
  2. http://std.dkuug.dk/jtc1/sc2/wg2/docs/n3022.pdf