Amoeba
Amoeba | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Dhomain: | Eukaryota |
Karajan: | Amoebozoa |
Filum: | Tubulinea |
Ordho: | Tubulinida |
Famili: | Amoebidae |
Génus: | Amoeba Bory de Saint-Vincent, 1822 |
Species | |
Amoeba proteus |
Amoeba ya iku salah sawijiné kéwan kang kagolong krajan protista mèmper kéwan filum Rhizopoda, kang obah nganggo sikil semu (pseudopodia).[1] Amoeba iku kéwan kang duwé wangun awak kang ora tetep.[1] Amoeba padatan urip bébas ing banyu tawa, banyu sagara, utawa papan kang nglendhut. Amoeba duwé sipat parasit ing jero awaké manungsa lan kéwan.[1]. Ukuran awak Amoeba kalebu gedhé banget kanggo ukuran protozoa, ya iku kira-kira 200-300 mikron.[2]. Saéngga Amoeba iku jinis Protista kang paling gampang diamati.
Struktur awak amoeba
besutSèl amoeba diayomi mèmbran sèl. Ing jeroné ana organèl-organèl, antarané inti sèl (nukléus), vakuola kontraktil, lan vakuola panganan.[2]
- Mèmbran sèl utawa mèmbran plasma
Mèmbran sèl uga diarani plasmaléma. Plasmaléma duwé mupangat kanggo ngayomi protoplasma. Sitoplasma dibédakaké dadi ékstoplasma lan éndoplasma. Éktoplasma ya iku lapisan kang paling jaba, mapan ing cedhaké mèmbran plasma lan padatan duwé granula (granulosit). Déné ing éndoplasma ana inti siji, vakuola kontraktil siji, lan sawatara vakuola panganan.[2]
- Inti sèl
Inti sèl ngatur kabèh kagiyatan kang kadadèn ing jero sèl.[2]
- Rongga berdenyut (vakuola kontraktil)
Vakuola kontraktil dadi organ èkskrèsi sisa panganan. Vakuola kontraktil njaga supaya tekanan osmosis sèl luwih dhuwur tinimbang tekanan osmosis ing saubengé.[2]
- Rongga panganan (vakuola panganan)
Vakuola panganan ya iku dadi organ pancernan ing Amoeba. Panganan kang ora bisa dicerna bakal ditokaké liwat vakuola kontraktil.[2]
Habitat
besutMiturut papan uripé, Amoeba bisa dipérang dadi loro, ya iku:
- Ektoamuba, urip ing jaba awak organisme liya (urip bébas). Tuladhané Amoeba proteus, amoeba raseksa Chaos carolinense (ukurané bisa nganti 100 mikron)[2]. Jinis liya saka ektomuba ya iku Foraminifera, Arcella, lan Radiolaria.[3]
- Entamuba, urip ing jero awak organisme, kaya ta manungsa. Tuladhané ya iku:
- Entamuba histolytica, urip ing usus alus manungsa. Sipaté parasit lan njalari lara weteng (disèntri)[2]
- Entamuba coli, urip ing jero usus gedhé (kolon) manungsa. Amoeba iki ora asipat parasit nanging sok-sok bisa agawé ngising terus [2]
- Entamuba gingivalis, urip ing jero gronggongan lambé lan bisa ngurai sisa-sisa panganan. Saéngga bisa ngrusak untu lan gusi [2]
Pancernan
besutPanganan Amoeba padatan wujud ganggang, baktèri protozoa liya, lan tuwuhan kang wis mati. Panganan dijupuk kanthi cara nyekel panganan lan obahé nganggo sikil semu banjur dilebokaké ing vakuola panganan lan dicerna ing jeroné.[4] Amoeba nyekel panganan kanthi minangka pseudopodia kang ngubengi panganan.[1] Pseudopodia kawangun amarga tloloran sitoplasma kang ngalami owah-owahan saka plasma gèl dadi plasma sol.[1] Pseudopodia ngubengi panganan banjur panganan dilebokaké ing jero sèl lan kawangun vakuola panganan.[1] Cara iki diarani fagositosis. Déné obahé amoeba diarani amoeboid.[1]
Ambegan
besutIjolan gas kadadèn liwat kabèh lumahan awaké.[4] Oksigèn berdifusi saka banyu liwat mèmbran sèl lan lumebu ing jero sèl.[4] Oksigèn kanggo ngoksidasi panganan, saéngga bisa ngasilaké tenaga lan dat karbondioksida (CO2).[4] Banjur CO2 ditokaké liwat mèmbran sèl.[4]
Réprodhuksi
besutRéprodhuksi amoeba ya iku kanthi cara sigar dhiri (mbagi awak). Ing kaanan kang trep, amoeba nganakaké panyigaran saben 15 menit. Prastawa iki diwiwiti saka panyigaran inti sèl (nucleus) dadi loro.[5] Banjur diterusaké panyigaran sitoplasma dadi loro, saben sitoplasma ngupengi inti sèlé.[5] Sabanjuré pérangan tengah sitoplasma misah.[5] Pungkasané, sawisé sitoplasma wis pisah tenan kawangun rong sèl anyar kang saben sèl nduwé inti anyar lan sitoplasma kang anyar uga.[5] Yèn amoeba ing kahahan ora apik, kaya hawa kang adhem utawa kurang mangan, amoeba bakal nggawé kista.[5] Ing jero kista amoeba bisa sigar manèh dadi amoeba-amoeba anyar kang luwih cilik.[5] Yèn kaanan wis apik manèh, dhindhing kista pecah lan amoeba-amoeba anyar mau bisa metu.[5] Sabanjuré amoeba iki tuwuh nganti ukuran tartamtu kaya sadurungé sigar.[5]
Cathetan sikil
besut- ↑ a b c d e f g Karmana, Oman.2007.Cerdas Belajar Biologi.Bandung: Grafindo
- ↑ a b c d e f g h i j Amuba(diundhuh 19 September 2012)
- ↑ Klasifikasi Protozoa(diundhuh 23 September 2012)
- ↑ a b c d e Pencernaan, pernafasan, dan reproduksi Amoeba(diundhuh 22 September 2012)
- ↑ a b c d e f g h Perkembangbiakan amoeba dan bakteri Archived 2010-02-27 at the Wayback Machine.(diundhuh 23 September 2012)