Protozoa, asalé saka tembung Basa Yunani Kuna, yaiku tembung protos kang tegesé sepisanan lan tembung zoon kang tegesé kéwan.[1] Dadi protozoa iku kéwan kang sepisanan.[1] Organisme iki wujudé cilik nanging prasaja, duwé struktur kang luwih majemuk saka sèl tunggal kéwan multisèlulèr, sanadyan mung sèl tunggal nanging protozoa kalebu organisme sampurna.[1] Protozoa iku heterotrophic eukaryote sèl tunggal, kang mangan baktèri lan protista liyané. Protozoa diklasifikasèkaké sajeroning kingdom Protista, yaiku salah sawijiné golongan protista kang mèmper kéwan.[2] Protozoa nglakokaké réprodhuksi kanthi cara sèksual (generatif) lan bisa uga réprodhuksi asèksual (vegetatif).[2] Papan uripé yaiku ing panggonan teles utawa ana banyuné. Yèn kaanan lingkungan papan uripé ora kepénak, protozoa nggawé mèmbran kandel lan kuwat kang diarani kista.[2] Èlmuwan sepisanan kang nyinaoni protozoa yaiku Anton van Leeuwenhoek.[2] Sawatara jinis protozoa kang wujud baktèri bisa njalari lelara.[2] Jinisé antarané Amoeba, Paramecium lan sapanunggalané.[2]

Protozoa

Wujud Awak

besut

Ukuran awak protozoa kira-kira 10-50 μm, nanging ana kang bisa nganti 1 mm lan gampang didelok ing ngisoré mikroskop.[3] Protozoa obah ing sekitaré kanthi cambuk kaya buntut kang diarani flagella.[3] Luwih saka 30.000 jinis protozoa wis tinemu. Protozoa ana ing kabèh lingkungan kang ana banyuné lan ing lemah.[3] Awak protozoa prasaja banget, yaiku kawangun saka siji sèl tunggal (unisel).[3] Nanging, protozoa kalebu sistem kang sarwa bisa. Kabèh tugasawak bisa dilakokaké déning sèl siji tanpa ngalami tumpang tindhih.[3] Ukuran awaké antarané 3-1000 mikron.[3] Wujud awaké warna-warna, ana kang kaya bal, bunder ndawa utawa kaya sandal, uga ana kang dhapuré molah-malih.[3]

Ciri-ciri

besut
 
Ciliata

Protozoa iku mikroorganisme mèmper kéwan kang kalebu ing salah sawijiné filum saka Krajan Protista. Kabèh kagiyatan uripé dilakoni nganggo sèl kang cacahé siji iku dhéwé, yaiku nganggo organèl-organèl sèl, antarané mémbran plasma, sitoplasma, lan mitokondria.

Ciri-ciri umum

besut

Ciri Fisiologi

besut

Padatan protozoa mbutuhaké suhu optimum kanggo urip yaiku antarané 16-25 °C lan suhu paling dhuwur 36-40 °C.[5] Déné pH (drajat keasaman optimum) kanggo prosès metabolisme yaiku antarané pH 6-8.[5] Protozoa nduwé klorofil lan asifat fotoautotrof.[5] Nanging, ana sawatara protozoa kang ora nduwé klorofil.[5] Protozoa jinis iki éntuk panganan lumantar membran sitoplasma.[5] Ana protozoa kang mangan kanthi cara ngelek panganan kang wujud partikel-partikel padhet liwat bolongan lambéné.[5] Panganané wujud baktèri, ganggang, uga ana protozoa jinis liyané.[5]

Ciri-ciri protozoa minangka kéwan yaiku obahé kang aktif nganggo silia utawa flagèn, duwé sèl saka zat lipoprotein, lan wangun awaké ana kang bisa molah-malih. Déné ciri minangka tetuwuhan yaiku ana rong jinis protozoa kang uripé kanthi cara nggawé panganan dhéwé utawa diarani autotrof.

Kanggo nggenepi kabutuhan nutrisine, protozoa duwé sipat kang cacahé ana papat,[6] yaiku:

  1. Saprofitik, nyerep panganan saka kasil prosès bosoké zat organik kang ana ing saubengé.[6]
  2. Saprozoik, njupuk panganan saka organisme mati kang wis bosok.[6]
  3. Holozoik, mangan mikroorganisme liya, kaya ta baktèri, alga, lan jamur.[6]
  4. Holofitik, minangka panganan dhéwé utawa bisa fotosintèsis (sipat tetuwuhan).[6]

Ciri Morfologi

besut

Wujud protozoa manéka warna, ana kang dhapuré lonjong, kaya bal, dawa, lan polimorfemik (nduwé akèh wujud morfologi).[5] Déné ukuran awak protozoa yaiku diameteré 1 milimikron.[5] Sèl protoza kawungkusdèning membran sitoplasma lan saben sèlé duwé siji utawa sawatara inti sèl (nukleus).[5] Padatan protozoa bisa minangka sista utawa seludang kang digawé kanthi cara vegetatif/trofozoit saéngga bisa ngayomi dhèwèké saka bebaya kang asalé saka alam ing saubengé, kaya ta kegaringen, kentèkan panganan, lan kekecuten weteng ing jero inangé.[5] Kanggo nahanaké jinisé, Protozoa manak kanthi cara aseksual/vegetatif lan sèksual/generatif.[5]

Habitat

besut
 
Flagellata

Protozoa kalebu organisme kosmopolitan, yaiku organisme kang bisa tinemu ing papan endi waé, kaya ta ing lemah, banyu, utawa alam bébas.[5] Sawatara gènus saka kéwan iki bisa tahan urip ing lingkungan kang kurang mbathèni kanthi cara minangka tèmbok pangayom kang diarani kista.[5] Protozoa padatan urip bébas ing papan kang lembab kaya ta ing sagara, lingkungan banyu tawar, utawa dharatan.[5] Ana uga protozoa kang urip ing jaringan organisme liya saéngga kalebu organisme akuatik.[5] Ana spésies kang sifaté parasitik, urip ing organisme inang. Inang protozoa duwé sipat parasit, bisa wujud organisme prasaja kaya ta algae nganti organisme vèrtebrata kang genep, kaya ta manungsa.[5] Ana spésies kang urip ing jero lemah utawa ing lumah tetuwuhan. Kabèh protozoa merlokaké kelembaban kang dhuwur ing habitat apa waé.[5] Jinis protozoa sagara iku péranganing zooplankton, déné protozoa sagara jinis liyané urip ing dhasar sagara.[5] Spésies kang urip ing banyu tawar kaya ta ing tlaga, kali, utawa kolam.[5] Ana uga protozoa kang ora duwé sipat parasit yaiku urip ing jero usus utawa ing jero rumèn kéwan ruminansia.[5] Sawatara protozoa uga bisa mbebayani kanggo manungsa amarga protozoa bisa njalari lelara.[5] Protozoa urip kanthi cara solitèr utawa minangka koloni.[5] Ing jero ékosistem banyu, protozoa uga kalebu jinis zooplankton.[5]

Cara Réprodhuksi

besut

Protozoa bisa nglakokaké réprodhuksi kanthi cara asèksual (vegetatif) lan sèksual (generatif).[7]

  • Réprodhuksi asèksual (vègetatif)

Réprodhuksi asèksual kapérang dadi loro, yaiku:

  1. pembelahan mitosis (binèr), yaiku pembelahan kang diwiwiti karo pembelahan inti lan ditutaké pembelahan sitoplasma, banjur ngasilaké sèl loro anyar. Pembelahan binèr kadadéan ing Amoeba, Paramaecium, lan Euglena.[7]
  2. spora, yaiku réprodhuksi asèksual ing klas Sporozoa (Apicomplexa)kanthi cara minangka spora liwat prosès sporulasi ing jero awak lemut Anophèlès. Spora kang dikasilaké diarani sporozoid.[7]
  • Réprodhuksi sèksual (generatif)

Réprodhuksi kanthi cara sèksual ing protozoa uga kapérang dadi loro, yaiku:

  1. Konjugasi, yaiku leburé inti sèl ing organisme kang durung cetha piranti kelaminè. Ing Paramaécium, mikronukleus kang wis diijolaké bakal nglebur karo makronukleus, prosès iki diarani singami.[7]
  2. Peleburan gamèt Sporozoa (Apicomplexa) kang wis ngasilaké gamèt lanang lan gamèt wadon, Leburé gamèt iki kadadèn ing jero awak lemut.[7]

Klasifikasi

besut

Miturut piranti obahé protozoa kapérang dadi 4, yaiku:

Tembung rhizopoda asalé saka tembung rhizo kang tegesé oyod lan podos kang tegesé sikil, piranti obahé wujud pseudopoda (sikil semu). Habitat rhizopoda ing banyu tawar, banyu sagara, lan ing papan kang teles, lan sapérangan manèh duwé sipat parasit ing jero awak kéwan utawa manungsa. Rhizopoda asring diarani Sarcodina. Sikil semu kawangun amarga anané ili sitoplasma minangka jalaran saka malihé sitoplasma saka fase padhet(sol) tumuju fase kenthel(gèl).[8]

Mastigophora kalebu makluk kang urip kanthi cara heterotrof. Mastigophora kang njupuk molekul orgabik saka lingkungané utawa mangsané kanthi cara fagositosis. Mastigophora obah nganggo wulu cambuk utawa flagela. Padatan urip minangka sèl solitèr, nanging ana sawatara jinis kang urip kanthi cara koloni. Mastigophora ana kang urip bébas lan ana uga kang simbiosis karo makluk urip liyané. Tuladhané, Trichonympha campanula kang urip ing usus rayap lan ngéwangi rayap ngurai molekul selulosa kayu. Tuladha liya kang mbebayani yaiku Trypanosoma kang njalari lelara turu ing Afrika lan ditularaké déning cokotan laler tse-tse. Trichomonas vaginalis, njalari lelara kelamin (trichomoniasis) ing wong wadon lan lelara saluran kelamin ing wong lanang.[8]

Ciri saka filum Ciliophora katon saka silia kang kanggo golèk lan ngumpulaké sarta kanggo obah. Akèh anggota saka filum iki urip solitèr utawa urip dhéwé ing banyu tawar. Saliyané iku, filum Ciliophora urip bébas lan jarang kang parasit ing jero organisme liya. Wujud awak saka Ciliophora tetep amarga ngandhut pelikel kang kasusun saka protéin. Pelikel iku yaiku selaput atos kang njalari wujud awaké tetep. Tuladha spésies saka filum iki yaiku Paramaecium caudatum [8]

  • Sporozoa, yaiku protozoa kang ora duwé piranti obah

Sporozoa uga diarani Apicomplexa. Kabèh anggota saka filum iki asifat pasasit ing jero organisme liya. Sawatara saka sporozoa njalari lelara kang wigati kanggo manungsa. Sporozoa iki siji-sijiné Protozoa kang ora duwé piranti obah. Tuladha Sporozoa kang kawentar yaiku Plasmodium. Plasmodium bisa njalari lelara malaria. Lelara iki ditularaké liwat cokotan lemut Anopheles wadon. Tuladha liya yaiku P. falciparum kang njalari lelara Malaria tropicana kanthi wektu sporulasi (prosès minangka spora asèksual) saben 24 jam. Tuladha Sporozoa liyané yaiku P. vivax, njalari lelara malaria tertiana kanthi wektu sporulasi saben 48 jam.[8]

Cathetan suku

besut
  1. a b c "Pengertian Protozoa". Diarsip saka sing asli ing 2012-01-14. Dibukak ing 2012-09-15.
  2. a b c d e f "Protozoa". Diarsip saka sing asli ing 2012-11-28. Dibukak ing 2012-09-15.
  3. a b c d e f g "Amoeba". Diarsip saka sing asli ing 2010-02-27. Dibukak ing 2013-01-18.
  4. a b c d e f g Mengenal Protozoa
  5. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x "Protista Mirip Hewan (Protozoa)". Diarsip saka sing asli ing 2012-11-03. Dibukak ing 2012-09-15.
  6. a b c d e Karmana, Oman.2007.Cerdas Belajar Biologi.Bandung: Grafindo
  7. a b c d e Reproduksi Protozoa[pranala mati permanèn]
  8. a b c d Ciri-ciri dan Klasifikasi Protista Mirip Hewan Protozoa Archived 2012-10-10 at the Wayback Machine.(diundhuh 18 Sepetember 2012)

Pranala njaba

besut