Arca Bhairawa inggih punika patung watu raksasa lan sapunika dados salah satunggaling kolèksi paméran utama ing Museum Nasional Indonésia. Arca punika nggambaraken "Bhairawa", sawijining déwa-raksasa wonten ing aliran sinkretisme Tantrayana, inggih punika pengejawantahan Siwa ugi Buda minangka raksasa ingkang nggegirisi. Arca punika kagayutaken minangka perwujudan Raja Adityawarman amargi piyambakipun minangka panganut Buda aliran Tantrayana Kalachakra.[1]

Adityawarman minangka Bhairawa, kolèksi Museum Nasional, Jakarta.

Deskripsi arca besut

Patung watu raksasa punika gadhah ukuran inggil 4,41 méter lan bobot 4 ton [2] lan kadamel saking watu andesit. Bhairawa kagambaraken minangka raksasa nggegirisi, ingkang minangka perwujudan Siwa lan Buda wonten ing aliran Tantrayana. Arca Bhairawa punika gadhah kalih asta, asta kiwa nyepeng mangkuk saking tengkorak manungsa ingkang isi getih manungsa lan asta tengen nyepeng belati. Panggambaran Bhairawa mbekta belati jaréné kanggé nedahaken upacara ritual Matsya utawi Mamsa. Mbekta mangkuk punika kanggé ngadhahi getih wonten ing upacara ngunjuk ludira.

Bhairawa minangka déwa Siwa wonten ing salah satunggaling aspèk perwujudanipun. Bhairawa berkategori ugra (ganas) lan kagambaraken kanthi sipat kejem, wujudipun nggegirisi, gadhah taring, lan badanipuh ageng sanget kados raksasa. Rékmanipun dipunsanggul ageng dhateng inggil kados bal, nanging ing tengahiipun wonten arca Buda Amitabha, laksana utawi atribut kados punika minangka atribut bodhisattwa Awalokiteswara, bab punika nggambaraken aspèk sinkretisme Tantrayana ingkang manunggalaken unsur Hindhu lan Buda. Bhairawa migunakaken perhiasan ingkang sugih wujud makutha lan kalung, déné kelat bahu, gelang tangan lan gelang sukunipun awujud belitan ula, déné ikat pinggangipun kaukir sirah kala. Bhairawa punia kagambaraken saweg ngindak tiyang cébol ingkang saweg mlumah lan jumeneng ing nginggil lapik 8 tengkorak jéjér ingkang nggambaraken lapangan mayit.

Penemuan besut

Arca raksasa punika aslinipun dumunung ing bukit ing tengah persawahan ing kompleks percandhian Padang Roco, Dharmasraya, Sumatera Barat, ngadhep dhateng arah wétan lan ing ngandhapipun mili kali Batanghari. Rumiyin, ing papan strategis punika Bhairawa kanthi gagah jumeneng mandeng arah Kali Batanghari, saèngga sinten kémawon ingkang ngléwati kali mau badhé gampil mirsani. Dipunandharaken strategis amargi Padang Roco minangka gerbang mlebet ngléwati Batanghari nuju pusat pamaréntahan Karajan Malayu ing Sumatera Barat, lan arca raksasa punika gadhah fungsi minanka markah tanah.

Arca raksasa punika naté ambruk lan kapendhem lemah, namung satunggal sisih pérangan lapik ingkang nyembul ing lumah lemah. Penduduk sakitar ingkang boen sadar kawontenan arca punika ndadosaken arca punika minangka watu pengasah parang lan damel bolongan lumpang watu minangka lesung kanggé numbuk pantun.Dumugi sapunika bekas bolongan punika saged kapanggihaken ing sisih landasan arca punika. Patung ingkang kagayutaken kaliyan perwujudan Raja Adityawarman punika dipunangkut déning pamarèntah Hindia Walanda nalika taun 1935 dhateng Kebun Margasatwa Bukittinggi. Lajeng ing taun 1937 punika dipunangkut dhateng Museum Nasional ing Batavia lan mapan ing Museum Nasional dumugi sapunika.

Uga delengen besut

Cathetan suku besut

  1. "Tempo Online: Dharmasraya: Kerajaan di Tepian Batanghari". Diarsip saka sing asli ing 2015-05-27. Dibukak ing 2013-03-23.
  2. "Koran Tempo: Menyusuri Jejak Ekspedisi Pamalayu". Diarsip saka sing asli ing 2011-04-25. Dibukak ing 2013-03-23.