Artémis

(Kaelih saka Artemis)


Artémis (Basa Yunani Ἄρτεμις) wonten ing mitologi Yunani punika dèwi paburon, ngalam alasan, 'kéwan alas, kenya, lan pawukiran. Artémis punika ingkang nolak lelara wonten ing para wanita lan kalebet dewi ingkang paring pitulung nalika prosès lairan. Artemis punika putri saking Zeus lan Leto sarta kembaranipun Apollo. Artemis dipungambaraken minangka pemburu lan mbeta busur sarta anak panah [1]. Rusa lan wit siprus dipunkeramataken déning Artemis [1]. Artemis punika asalipun saking masa pra-Yunani [2][3][4][5].

Wonten ing pangembanganipun, Artemis kaubungaken kaliyan Selene, dewi bulan Yunani ingkang asring dipungambaraken kaliyan bulan sabut ing sirahipun. Nalika pungkasan masa Hellenistik ugi dipunwastani minangka dewi kelahiran (dipunadhaptasi saking tugasipun Eilethyia). Wonten ing mitologi Romawi Artemis ugi kawéntar minangka Diana lan ing mitologi Etruska kaubungaken kaliyan dewi Artume. Kajawi punika ugi kaubungaken kaliyan dewi Hekate.

Ètimologi

besut
 
Artemis nitih Kreta perang ingkang dipuntarik déning satunggal pasang rusa. Lukisan vas saking taun 450–425 SM, kapanggihaken wonten ing Boeotia.

Wonten hipotesis ingkang ngubungaken Artemis kaliyan *h₂ŕ̥tḱos ("beruang") ingkang berakar saking Proto-Indo-Éropah amargi wontenipun pamujan dhateng Artemis ing Brauronialan Arkouditessa. Nanging wonten ugi ingkang ngubungaken kaliyan nama saking Anatolia,[6][7]. Awit saking punika inggih istilah kanggé beruang wonten ing Basa Hittis [8]. Bukti wiwitan babagan nama Artemis punika wonten ing lembaran linear B ingkang kapanggih wonten ing Pylos, wonten ing mriku kaserat A-TI-MI-TE.[9]. Déné Artemis kasebat ing Lydia minangka Artimus [10][11].

Wonten ing etimologi ingkang langkung tradhisional babagan Yunani Kuno, nama Artemis kaubungaken kaliyan "ἀρτεμής" (artemes), "aman",[12] utawi "ἄρταμος" (artamos) "penjagal".[13][14]

Pamujaan

besut

Artemis minangka dewi hutan lan perbukitan punika dipunsembah ing Yunani Kuno. Praktek pamujaan ingkang kawéntar punika wonten ing Pulo Delos (papan wiyosipun), ing Attika, Brauron, ing Mounikhia (caket kaliyan Piraeus lan ing Sparta. Tiyang Sparta kuna padatanipun paring sesembahan sadèrèngipun ngawontenaken kampanye militèr amargi Dewi Artemis ugi kalebet salah satunggaling dewi pelindung kutha Sparta. Ing Sparta dipunwontenaken Artemis Orthia. Déné wonten ing kutha Athena, festival kanggé ngurmati Artemis punika ing antawisipun festival Elafebolia, Mounikhia, Kharisteria, lan Brauronia.

Ing Athena para priyantun èstri ingkang sampun caket kaliyan masa nikah dipunkintun dhateng Kuil Artemis ing Brauron supados nglayani Sang Dewi satunggal taun dangunipun. Wonten ing masa mau ingkang nglayani punika dipunwastani arktoi utawi beruang wadon kecil. Miturut mitor, wiwitanipun tradisi punika nalika wonten beruang ingkang asring dugi ing Brauron lan para warganipun paring dedhararan marang kéwan mau saéngga saya dangu beruang mau sansaya kutkuk. Nanging wonten priyantun èstri enèm ingkang ngganggu beruang mau saéngga kéwan mau matèni priyantun punika. Kakang saking priyantun èstri mau duka lajeng matèni beruang saéngga Artemis ugi duka lan ngedahaken para priyantun èstri ingkang enèm supados ngabdi wonten kuilipun. Sasampunipun telas masa ngabdinipun, para pengantèn ngobong busana jero ingkang kaginakaken nalika taksih prawan.

Ugi pirsani

besut

Pranala njawi

besut

Cathetan suku

besut
  1. a b “Kekuasaannya ya iku di bumi, terutama papan-papan yang belum terjamah, hutan dan bukit yang banyak dihuni hewan alasan." Hammond dan Scullard (penyunting), The Oxford Classical Dictionary. (Oxford: Clarendon Press, 1970) hal. 126. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; jeneng "Hammond" diwedharaké ping bola-bali déné isiné béda
  2. Rose, H. J. A Handbook of Greek Mythology, Dutton 1959, hal. 112
  3. Guthrie, W. C. K. The Greeks and Their Gods, Beacon 1955, hal. 99
  4. Homer menyebutnya sebagai Artemis Agrotera, Potnia Theron (Artemis dari Alam Liar, Ratu Para Binatang"
  5. Homer, Iliad xxi 470
  6. Campanile, Ann. Scuola Pisa 28:305
  7. Restelli, Aevum 37:307, 312.
  8. Charis: Essays in Honor of Sara A. Immerwahr, esai olèh Edwin L. Brown, "In Search of Anatolian Apollo", Hesperia Supplements 33 (2004:243-257) hal. 251: Artemis, sebagai saudari kembar Apollo, didisksuikan dalam hal. 251.
  9. John Chadwick dan Lydia Baumbach, "The Mycenaean Greek Vocabulary" Glotta, 41.3./4. (1963:157-271) hal. 176, s.v. Ἂρτεμις, a-te-mi-to- (genitif); C. Souvinous, "A-TE-MI-TO dan A-TI-MI-TE", Kadmos9 1970:42-47; T. Christidis, "Further remarks on A-TE-MI-TO and A-TI-MI-TE", Kadmos 11:125-28; Palaeolexicon, Word study tool of ancient languages;
  10. Indogermanica et Caucasica: Festschrift fur Karl Horst Schmidt zum 65. Geburtstag (Studies in Indo-European language and culture), W. de Gruyter, 1994, Etyma Graeca, hal. 213-214, dalam Google books
  11. Houwink ten Cate, The Luwian Population Groups of Lycia and Cilicia Aspera during the Hellenistic Period (Leiden) 1961, hal. 166, diamati dalam konteks ini olèh Brown 2004, hal. 252.
  12. ἀρτεμής, Henry George Liddell, Robert Scott, A Greek-English Lexicon, On Perseus Digital Library
  13. ἄρταμος, Henry George Liddell, Robert Scott, A Greek-English Lexicon, On Perseus Digital Library
  14. Ἄρτεμις, Henry George Liddell, Robert Scott, A Greek-English Lexicon, On Perseus Digital Library; http://www.behindthename.com/name/artemis