Arya Penangsang iku tokoh sujarah putrané Pangéran Séda Lèpèn. Wiwit bayi nganti diwasa, Arya Penangsang kagulawentah déning Sunan Kudus. Nalika diwasa, Panjenengané dadi Adhipati ana ing Kadhipatèn Jipang Panolan (dumunung ing tlatah Cepu). Arya Penangsang palastra ing tangané Danang Sutawijaya. Guguré Arya Penangsang iku déné ususé pedhot kairis keris.

Pasaréan Arya Penangsang ing tlatah Demak

Panjenengané iku kerep dadi paraga kethoprak kang awatak kasar, apa anané. Mula kalamangsa ana sing ngarani manawa wong Blora iku asipat kasar, saka iku amarga Wong Blora dianggep tedhak turuné Arya Penangsang.

SilsilahBesut

Miturut Serat Kanda, Bapa saka Arya Penangsang ya iku panjenengané Raden Kikin utawa misuwur kanthi sesebatan Pangeran Sekar Seda Lepen jalaran katemokake tiwas ing kali, putra saka panjenengané Raden Patah raja Demak kang pisanan.Biyung saka Raden Kikin ya iku putri bupati Jipang saéngga panjenengané bisa warisi kadudukan saka leluhur simbah buyut. Arya Penangsang uga duwé sadulur liya ibu kanthi nama Arya Mataram adi saka titisan putra kasultanan kampung Arab Surabaya kanthi nama pangeran Pendowo Limo putra saka karajan banten.

Kadhaton Jipang PanolanBesut

Arya Penangsang jumeneng adipati ing kadipaten Jipang kang mapan ing sapinggire Bengawan Sala kang saiki kalebu ing kalebu ing Kalurahan Jipang, Blora. Ing sakulone kraton, Arya Penangsang gawe sudhetan Bengawan Sala kang ngubengi kratone aran kali Pasarsore. Denen kang dadi pepatih ya iku Raden Mataun kang isih sedulur selirak (sapenuson). Pusakane rupa keris Setan Kober lan tumbak Tundhung Mungsuh, kanthi titihan jaran ules ireng aran Gagak Rimang, peparinge Sultan Demak Bintara.[1]

Gugure Arya PenangsangBesut

Sasurute Radèn Patah, kalungguhane ratu ing Demak dadi rebut para putra lan turune. Ing akhire Arya Penangsang satru karo sedulur misan, para putra saka Sultan Trenggana. Kadipaten Jipang kalurug dening prajurit Pajang, kalebu Sutawijaya, Kyai Ageng Pamanahan lan Ki Penjawi. Arya Penangsang kasil kepancing metu saka kadipaten lan nyabrang sudhetan Pasarsore. Wusana Arya Penangsang kasil katumbak dening Kyai Ageng Pamanahan lan Ki Penjawi. Kadhaton Jipang bedhah lan kabawah Kadipaten Pajang.

Uga delengenBesut

RujukanBesut

  • Babad Tanah Jawi, Mulai dari Nabi Adam Sampai Tahun 1647. (terj.). 2007. Yogyakarta: Narasi
  • H.J.de Graaf dan T.H. Pigeaud. 2001. Karajan-Karajan Islam Pertama di Jawa. Terj. Jakarta: Pustaka Utama Grafiti
  • Hayati dkk. 2000. Peranan Ratu Kalinyamat di jepara pada Abad XVI. Jakarta: Proyek Peningkatan Kesadaran Sajarah Nasional Direktorat Sajarah dan Aji Tradisional Direktorat Jenderal Kebudayaan Departemen Pendidikan Nasional
  • M.C. Ricklefs. 1991. Sajarah Indonesia Modern (terj.). Yogyakarta: Gadjah Mada University Press
  • Moedjianto. 1987. Konsep Kekuasaan Jawa: Penerapannya olèh Raja-raja Mataram. Yogyakarta: Kanisius
  1. Reksakusuma. Cariyosipun Banawi Sala - 1916.