Barok ya iku salah sawijiné gaya ing babagan seni.[1] Ora mung ing seni rupa, nanging uga ana ing seni musik.[1] Wektu saka kira-kira taun 1600-1750 ing jero sajarah musik ya iku salah siji epoche kang wutuh kang sinebut Barok utawa jaman basso continuo utawa jaman stilo concertante.[1] Istilah Barok kang sapisan dienggo dadi jeneng gaya kesenian ing buku Encyclopédie karangan Denis Diderot ing taun 1750 lan diartèkna miturut tembung Portugis barucco utawa barocco dadi bulat miring utawa lonjong, kira-kita wujudké mutiara.[1]

Bach. Komponis

Wates wektu

besut

Lumrahe, Barok dibedakna dadi 3 tahap:[1]
Barok awal : Kira-kira 1580-1630[1]
Barok tengah : kira-kira 1630-1680[1]
Barok akir : kira-kira 1680-1750[1]

Rasa lan pikiran wong barok

besut

Pangrasa lan pikiran wong Barok ora namung ngeti awaké dhéwé saka citra Tuhan, kang dadi pedoman lan ukuran kaéndahan.[2] Dhèwèké uga miwiti merhatèkna pangrasané lan imajinasiné.[2] Wong Barok ngusahani nambah kesan mewah lan luwih-luwih, dhèwèké ora rasa-rasa kanggo ngeluasna wates realita urip karo kayalan-kayalan kang fantastis.[2]

Prosès kreasi

besut

Para seniman Barok ora namung nirokaké alam kaya para seniman Renaissance, nanging dhèwèké makarya kanthi kreatif.[3] Prosès iki, kadang kaya-kaya nglawan alam.[3] Tuladhané, yèn ing alam kaya utan lan rawa dibangun pura karo kebon kang disusun kanthi geometris-matematis.[3] Mangkono uga para sastrawan nyiptaaké karya sastra kang teratur lan buku kang duwé ngèlmu dhuwur.[3] Para pemusik nganggep awaké dhéwé musicus poetius utawa komponis kang nyipatakna karya (opus) kanggo nama.[3]

Dhasar kesenian barok

besut

Gaya Barok éntuk titik pangkal ing Italia, taun 1568 ing Roma dibangun gréja II Gesu.[4] Musik Barok kaya ta Suita, Variasi, Passacaglia, Fuga, lsp nyerminaké sikap dhasar kaya iki : musik cukup urip, duwé pola variasi, nanging ora pinuju ing siji titk tujuan, kaya ing wujud sonata klasik[4] Ing musik Barok ora dilukisna pangrasa kang dilakoni dhéwé.[4] Pangrasa lan émosi uga ditingkataké ing gaya kang ora jarang duwé sipat kaku.[4]

Musik akasa lan klasifikasi musik

besut

Musik akasa

besut

Ing jaman Barok, bali jinunjung dhuwur téyori Pythagoras ngenani musik akasa.[5] Ing Abad pertengahan bayangna antik ngenani musik akasa iki wis didhuwurna dadi musica coelestis (pujian alam raya marang Gusti) sarta musica angelica (pujian marang Gusti saka para malaékat ing swarga).[5]

Klasifikasi musik

besut

Ing jaman Barok isih migunakna istilah klasifikasi musik kang diajar déning Boethius:[5]

  • Musica mundana[5]
  • Musica human[5]
  • Musica instrumentalis[5]
  • Musica plana[5]
  • Musica mensurabilis[5]

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e f g h Prier, Karl-Edmund. 1993. Sajarah Musik Jilid 1. Jogjakarta: Pusat Musik Liturgi. Hal : 7.
  2. a b c Prier, Karl-Edmund. 1993. Sajarah Musik Jilid 1. Jogjakarta: Pusat Musik Liturgi. Hal : 8.
  3. a b c d e Prier, Karl-Edmund. 1993. Sajarah Musik Jilid 1. Jogjakarta: Pusat Musik Liturgi. Hal : 9.
  4. a b c d Prier, Karl-Edmund. 1993. Sajarah Musik Jilid 1. Jogjakarta: Pusat Musik Liturgi. Hal : 10.
  5. a b c d e f g h Prier, Karl-Edmund. 1993. Sajarah Musik Jilid 1. Jogjakarta: Pusat Musik Liturgi. Hal : 11.