Basa Acèh
basa kang digunakake dening etnis utawa suku Aceh
Basa Acèh minangka péranganing kulawarga Basa Malayo-Polinesia. Basa iki dianggo ing Nanggröe Acèh Darussalam, dominan ing sabagéan gedhé wewengkon kajaba ing Bener Meriah, Acèh Tengah, Gayo Lues, Acèh Tamiang, Acèh Singkil, Acèh Tenggara lan Simeulue. Ana kamèmperan Basa Acèh iki karo Basa Cham lan Bahnar ing Kamboja lan Vietnam.
Basa Acèh | ||
---|---|---|
Acèh | ||
Dituturaké ing | Indonésia | |
Wilayah | Acèh, Sumatra | |
Gunggung panutur | 3 yuta | |
Ranking | ? | |
Rumpun basa | ||
| ||
Status resmi | ||
Basa resmi ing | ora ana | |
Regulated by | ? | |
Kodhe basa | ||
ISO 639-1 | ora ana
| |
ISO 639-2 | ace Cithakan:Infobox Language/SIL14
| |
ISO 639-3 | ace
| |
|
Éjaan
besutBasa Acèh wis ngalami owah-owahan éjaan makaping kaping, wiwit nganggo Aksara Arab, Aksara Latin éjaan lawas, lan saiki nganggo éjaan kang disampurnakaké.
Ing ngisor iki paugeran éjaané:
- Ee diwaca kaya aksara "e" sajeroning tembaung "dekat"; conto: le (akèh).
- Èè diwaca kaya aksara "e" sajeroning tembung "besok"; conto: lè (biyèn).
- Éé diwaca kaya aksara "e" sajeroning tembung "kuwé"; conto: lé (déning).
- Ëë ora tinemu padanan sajeroning basa Indonésia.
- Öö ora tinemu padanan sajeroning basa Indonésia.
- Ôô diwaca kaya aksara "o" sajeroning tembung "soto", "foto", "tato"; conto: bôh (dèlèh), sôh (tinju), tôh (ngetokaké).
- Oo diwaca kaya aksara "o" sajeroning tembung "tolong", "kutha"; conto: boh (woh), soh (kothong), toh (endi).
Conto
besut- Peu haba? = Piyé kabaré?
- Haba gèt = Kabar apik.
- Lôn piké geutanyoë han meureumpok lé = Tak kira kita ora bakal ketemu manèh.
- Lôn jép ië u mudha = Aku ngombé banyu degan.
- Agam ngön inong = priya lan wanita
- Lôn = aku
- Kah, droë = kowé, panjenengan
- Han = ora
- Na = ana
- Pajôh = makan
- Jih, dijih, gobnyan = dhèwèké
- Ceudah that gobnyan = Gantheng banget dhèwèké.