Sumatra

pulo ing Indonésia

Pulo Sumatra sing papané ing Indonésia iku pulo kaenem gedhé dhéwé ing donya, kanthi wiyar 443.065,8 km2. Pandunung pulo iki kurang luwih 42.409.510 jiwa (2000).

Sumatra
Geography
LocationAsia Kidul-Wétan
Coordinates0°00′N 102°00′E / 0.000°N 102.000°E / 0.000; 102.000
ArchipelagoKapuloan Sundha Gedhé
Administration
Indonésia
Demographics
Population45 yuta

Ing pulo Sumatra naté ana kraton Samudera (saiki Acèh). Konon ing kunjungané nuju pulo mau, Ibnu Battuta (cendekiawan Islam asal Maroko) mesthi nglafalaké tembung Samudera dadi Sumatera, wiwit wektu iku jeneng Sumatera kaloka wiyar minangka jeneng pulo mau.

Sadurungé kaloka kanthi jeneng Sumatra, Pulo mau kaloka kanthi jeneng pulo Andalas utawa Suwarnadwipa.

Géografi

besut

Pulo Sumatra papané ing pérangan kulon gugusan kapuloan Indonésia. Ing sisih lor wewatesan karo Lempongan Benggala, ing wétan karo Selat Malaka, ing sisih kidul karo Selat Sundha, lan ing sisih kulon karo Samodra Hindia. Ing sisih wétan pulo, akèh ditemoni rawa sing dialiri déning kali-kali gedhé, antarané; kali Asahan (Sumatra Lor), kali Kampar, Siak lan Indragiri (Riau), kali Batang Hari (Jambi), kali Musi, Ogan, lan Komering (Sumatra Kidul), kali Lematang (Lahat) lan kali Enim (Muara Enim). Ing pérangan kulon pulo, mbentang Bukit Barisan sing mbujur saka lor tekan kidul. Mung sithik wewengkon saka pulo iki sing cocog dipigunaaké kanggo tetanèn pari. Sakdawané bukit barisan ana gunung-gunung berapi sing nganti saiki isih aktif, kaya gunung Merapi (Sumatra Kulon) lan Kerinci (Jambi). Pulo Sumatra uga akèh tlaga, ing antarané tlaga Laut Tawar (NAD), tlaga Toba (Sumatra Lor), tlaga Singkarak, Maninjau, Diatas dan Dibawah (Sumatra Kulon), tlaga Ranau (Sumatra Kidul)

Sajarah

besut

Jeneng asli pulo Sumatra, kaya déné kacathet ing sumber-sumber sajarah lan carita-carita rakyat, ya iku “Pulo Emas”. Istilah pulo ameh ditemoni ing carita Cindur Mata saka Minangkabau. Ing carita rakyat Lampung kacantum jeneng tanoh mas kanggo nyebut pulo sing gedhé iku. I-tsing (634-713) wong Cina sing mataun-taun dumunung ing Sriwijaya (Palembang saiki) ing abad kaping 7, nyebut pulo Sumatra kanthi jeneng chin-chou sing artiné “nagari emas”.

Ing sapérangan prasasti, pulo Sumatra ingaran kanthi jeneng Sansekerta: Suwarnadwipa (“pulo emas”) utawa Suwarnabhumi (“lemah emas”). Jeneng-jeneng iki wis dipigunaaké ing naskah-naskah India sadurungé Masehi. Naskah Buda sing kalebu tuwa dhéwé, Kitab Jataka, nyritaaké pelaut-pelaut India nyeberang Lempongan Benggala nuju Suwarnabhumi. Ing carita Ramayana dikisahké panggolèkan Dèwi Sinta, patutané Rama sing diculik Ravana, nganti Suwarnadwipa.

Para musafir Arab nyebut pulo Sumatra kanthi jeneng Serendib (tepaté: Suwarandib), transliterasi saka jeneng Suwarnadwipa. Abu Raihan Al-Biruni, ahli géografi Pèrsi sing ngunjungi Sriwijaya taun 1030, nelaaké yèn nagari Sriwijaya ana ing pulo Suwarandib. Nanging mbuh kepriyé, ana uga wong sing ngidhentifikasi Serendib kanthi jeneng Srilanka, sing ora naté ingaran Suwarnadwipa!

Ing kalangan bangsa Yunani purba, Pulo Sumatra wis kaloka kanthi jeneng Taprobana. Jeneng Taprobana Insula wis dipigunaaké déning Klaudios Ptolemaios, ahli géografi Yunani abad kaping pindho Masehi, tepaté taun 165, nalika panjenengané njlèntrèhaké laladan Asia Kidul-Wétan ing karyané Geographike Hyphegesis. Ptolemaios nulis yèn ing pulo Taprobana ana nagari Barousai. Mungel waé nagari sing dimaksudaké iku Barus ing pasisir kulon Sumatra, sing misuwur wiwit jaman purba minangka pangasil kapur barus.

Naskah Yunani taun 70, Periplous tes Erythras Thalasses, ndungkap yèn Taprobana uga dijuluki chryse nesos, sing artiné ‘pulo emas’. Wiwit jaman purba para pedagang saka laladan sakiwa-tengené Laut Tengah wis nekani tanah air kita, mligi Sumatra. Saliyané nggolèk emas, para pedagang uga nggolèk kemenyan (Styrax sumatrana) lan kapur barus (Dryobalanops aromatica) sing wektu iku mung ana ing Sumatra. Sakwaliké, para pedagang Nuswantara uga wis njajaaké komoditiné tekan Asia Kulon lan Afrika Wétan, kaya kacantum ing naskah Historia Naturalis karya Plini abad sepisanan Masehi.

Ing kitab umat Yahudi, Melakim (Raja-ratu), pasal 9, diterangaké manawa Nabi Sulaiman a.s. ratu Israil nampa 420 talenta emas saka Hiram, ratu Tirus sing dadi andhahané. Emas iku diantuki saka nagari Ophir. Kitab Al-Qur’an, Surat Al-Anbiya’ 81, nerangaké manawa kapal-kapal Nabi Sulaiman a.s. berlayar nuju “tanah yang Kami berkati atasnya” (al-ardha l-lati barak-Na fiha).

Ing ngendi papan nagari Ophir sing diberkati Allah iku? Akèh ahli sajarah sing duwé penemu yèn nagari Ophir iku papané ing Sumatra! Perlu dicathet, kutha Tirus iku punjer pamasaran barang-barang saka Timur Jauh. Ptolemaios uga nulis Geographike Hyphegesis kanthi dhasar informasi saka sawijining pedagang Tirus sing jenengé Marinus. Lan akèh petualang Éropah ing abad kaping 15 lan kaping 16 nggolèk emas ing Sumatra kanthi anggepan yèn ing kono papané nagari Ophir-é Nabi Sulaiman a.s.

Banjur saka ngendi jeneng “Sumatra” sing saiki umum digunakaké kanthi nasional utawa déning donya internasional? Pranyata jeneng Sumatra asalé saka jeneng Samudera, kraton ing Acèh abad kaping 13 lan kaping 14. Para musafir Éropah wiwit abad kaping 15 migunakaké jeneng kraton iku kanggo nyebut kabèh pulo. Padha déné kaliyan pulo Kalimantan sing naté ingaran Borneo, saka jeneng Brunai, laladan pérangan lor pulo iku sing ndhisikké ditekani wong Éropah. Semono uga pulo Lombok mauné jenengé Selaparang, éwadéné Lombok iku jeneng laladan ing pasisir wétan pulo Selaparang sing ndhisikké disinggahi pelaut Portugis. Pancèn wong Éropah sapénaké dhéwé ngowah-owahi jeneng papan. Mèh waé nagara Indonésia jenengé “Hindia Wétan” (East Indies), nanging untung ana George Samuel Windsor Earl lan James Richardson Logan sing nyiptaaké istilah Indonésia, saéngga awake dhéwé ora dadi wong “Indian”! (Pirsani artikel panulis, “Asal-Usul Jeneng Indonésia”, Harian Pikiran Rakyat, Bandung, tanggal 16 Agustus 2004, sing wus didadèaké salah sawijining réferénsi ing Wikipedia artikel “Indonésia”).

Paralihan Samudera (jeneng kraton) dadi Sumatra (jeneng pulo) narik kanggo ditelusuri. Odorico da Pardenone ing carita palayarané taun 1318 nyebutaké yèn panjenengané berlayar ngétan saka Koromandel, India, suwéné 20 dina, banjur tekan ing kraton Sumoltra. Ibnu Bathutah certa ing kitab Rihlah ila l-Masyriq (Pangembaraan ngétan) yèn ing taun 1345 pajenengané mampir ing kraton Samatrah. Ing abad sabanjuré, jeneng nagari utawa kraton ing Acèh iku dijupuk déning musafir-musafir liya kanggo nyebutaké kabèh pulo iku.

Ing taun 1490 Ibnu Majid nggawé péta laladan sakiwa-tengené Samodra Hindia lan ing kono tinulis pulo Samatrah. Péta Ibnu Majid iki disalin déning Roteiro taun 1498 lan banjur muncul jeneng Camatarra. Péta panggawéané Amerigo Vespucci taun 1501 nyantumaké jeneng Samatara, éwadéné péta Masser taun 1506 munculaké jeneng Samatra. Ruy d’Araujo taun 1510 nyebut pulo iku Camatra, lan Alfonso Albuquerque taun 1512 nulisaké Camatora. Antonio Pigafetta taun 1521 nganggo jeneng sing rada ‘bener’: Somatra. Nanging akèh banget cathetan musafir liya sing luwih ‘kacau’ nulisaké: Samoterra, Samotra, Sumotra, malah Zamatra lan Zamatora.

Cathetan-cathetan wong Walanda lan Inggris, wiwit Jan Huygen van Linschoten lan Sir Francis Drake abad kaping 16, mesthi konsistèn ing panulisan Sumatra. Wangun iki sing dadi baku, lan sabanjuré dilarasaké marang ilaté wong Indonésia: Sumatera

Penduduk

besut

Lumrahé, pulo Sumatra dipanggoni déning bangsa Malayu, sing kapérang dadi sapérangan suku. Suku-suku gedhé dhéwé ya iku Acèh, Batak, Malayu, Minangkabau, Lampung, Palembang lan Rejang. Penduduk pulo Sumatra mung kakonsentrasi ing wewengkon Sumatra Wétan lan dhataran dhuwur Minangkabau. Penduduk Sumatra sabagéan gedhé dadi tani, warigaluh lan pedagang.

Transportasi

besut

Kutha-kutha ing pulo Sumatra digandhéngané déning telung ruas dalan lintas, ya iku lintas tengah, lintas wétan, lan lintas kulon. Ing sapérangan pérangan pulo Sumatra, sepur dadi sarana transportasi alternatif. Ing pérangan kidul, jalur sepur kawiwitan saka pelabuhan Panjang (Lampung) tekan Lubuk Linggau (Sumatra Kidul). Ing tengah pulo Sumatra, jalur sepur mung ana ing Sumatra Kulon. Jalur iki ngubungaké kutha Padang kaliyan Sawah Lunto lan kutha Padang kaliyan kutha Pariaman. Samangsa kolonial Walanda tekan taun 2001, jalur Padang-Sawah Lunto dipigunaaké kanggo pangangkutan batu bara. Nanging nalika cadhangan batu bara ing Ombilin wiwit nipis, jalur iki ora dipigunaaké manèh. Wiwit akir taun 2006, pamaréntah provinsi SumatraKulon, mengaktifaké manèh jalur iki minangka jalur sepur wisata. Ing lor Sumatra, jalur sepur mbentang saka kutha Medan tekan kutha Tebing Tinggi. Ing jalur iki, kereta api dipigunaaké minangka sarana pangangkutan klapa sawit lan penumpang. Kanggo kutha-kutha ing njaban pulo, digayutaké kanthi papan anggegana lan palabuhan laut sing ana ing saben kutha krajan provinsi. Papan Anggegana Internasional mung ana ing Medan, Padang, lan Batam.

Ékonomi

besut

Pulo Sumatra wujud pulo sing sugih asil buminé. Saka limang provinsi sugih ing Indonésia, telung provinsi ana ing pulo Sumatra, ya iku provinsi Nanggroe Acèh Darussalam, Riau lan Sumatra Kidul. Asil-asil utama pulo Sumatra ya iku Klapa Sawit, Mbako (Tembakau), Lenga Bumi, Timah, Bauksit, Batu Bara lan Gas Alam. Asil-asil bumi mau sabagéan gedhé diolah déning perusahaan-perusahaan asing, kaya ta umpamané PT Caltex sing ngolah lenga bumi ing provinsi Riau. Papan-papan sing ngasilaké barang tambang ya iku:

  • Arun (NAD), ngasialké gas alam.
  • Pangkalan Brandan (Sumatra Lor), ngasilaké lenga bumi
  • Duri, Dumai, dan Bengkalis (Riau), ngasilaké lenga bumi
  • Tanjung Enim (Sumatra Kidul), ngasilaké batu bara
  • Plaju lan Sungai Gerong, ngasilaké lenga bumi
  • Tanjung Pinang (Kapuloan Riau), ngasilaké bauksit
  • Muntok (Bangka-Belitung), ngasilaké timah

Sapérangan kutha ing pulo Sumatra, uga wujud kutha perniagaan sing cukup wigati. Medan kutha paling gehdé ing pulo Sumatra, wujud kutha perniagaan utama ing pulo iki. Akèh perusahaan-perusahaan gedhé nasional sing duwé kantor punjer ing kéné.

Provinsi ing Sumatra

besut

Pranala njaba

besut