Basa Bonai ya iku basa kang dituturaké déning wong Bonai ing wewengkon Rokan, Provinsi Riau[1]. Basa iki kegolong ing kulawarga basa Melayik[2]. Wong Bonai iku asalé sing daérah Kali Rokan, nanging ana carita asal-usul yèn wong Bonai iku saka Pagarruyung, Sumatra Kulon lan pindhah marang Rokan Kanan lan Rokan Kiri. Ing Rokan Kanan dhèwèké ana ing Kecamatan Kunto Darussalam, Kampar lan ing Rokan Kiri ana ing Kacamatan Tanah Putih, Bengkalis. Intiné wong Bonai manggon ing laladan hulu kali Rokan[1].

Basa Bonai
Dituturaké ing Indonésia
Wilayah Riau
Gunggung panutur 1.203 (1985)
Rumpun basa Melayu-Polinésia
Kodhe basa
ISO 639-1 -
ISO 639-2 -
ISO 639-3 -



Cithakan:Infobox Language/IPA notice

Wong Boani saiki lumrahé agamané Islam, nanging isih ngayahi upacara-upacara tradhisional. Kapercayan ing roh-roh leluhur isih ana lan pamenging-pamenging ing siklus urip manungsa kayadéné kawinan, meteng, tani lan liyané. Urip wong Bonai masik kelompok-kelompok lan struktur adat isih dicekel déning Datuk Bendaro kang mimpin katua-katua suku. Wong Bonai isih nganggo basa Bonai kanggo basa pasrawungan ing padinané. Dhéwéké nganggo basa Malayu Rokan kang sesrawungan marang suku liyané[1].

Conto basa

besut

lo bodayung sambil monyanyi, “Dhéwéké ngayuh karo nembang”.

Umah buuk itu yang paling lama di kampung iko, “Omah élék kuwi sing paling suwé ing kampung kono”.

Kok datang dio nanti boi tau aku, “Yén teka dhèwèké mengko ngandhani aku”.[1]

Tanaman iko kuang élok, “Tuwuhan iki kurang bagus”[3].

Rujukan

besut
  1. a b c d Ruswan (1985). Struktur Bahasa Bonai. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan. {{cite book}}: |first2= missing |last2= (pitulung)
  2. "Malay". Ethnologue. Dibukak ing October 3, 2017.
  3. Ruswan (1986). Sistem Morfologi Nomina Dan Adjektiva Bahasa Bonai. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Depertemen Pendithkan dan Kebudayaan.