Basa Malayu Manado
Basa Malayu Manado atawa kang sok karan basa Menado waé ya iku basa kang dituturaké ing Kutha Manado, Bitung, Tomohon, Kabupatén Minahasa, Minahasa Kidul, Minahasa Lor, Minahasa Kidul-Wétan, Bolaang Mongondow lan Provinsi Gorontalo[1][2]. Rupa dhialèk basa Malayu iki uga ana padha-padhané kayadéné ing Sulawesi Tengah lan Maluku. Sakèhé tembung-tembung ing basa Manado iki padha karo tembung-tembung ing basa Indonésia. Amarga basa iki mung dienggo kanggo basa lésan, dadi durung ana standar ortografi atawa éjaan kang sah.
Basa Melayu Manado | ||
---|---|---|
Bahasa Manado | ||
Dituturaké ing | Indonésia | |
Wilayah | Sulawesi Lor | |
Gunggung panutur | 850,000 (2001) | |
Rumpun basa | Melayu Kreol
| |
Kodhe basa | ||
ISO 639-1 | None | |
ISO 639-2 | –
| |
ISO 639-3 | xmm
| |
|
Basa Malayu iki lair sing lingkungan masarakat Manado kang multiètnik lan multikultur minangka basa ibu ing kutha Manado. Kayadéné wong Minahasa, Sangihé, Talaud, Gorontalo, Jawa, lan Ambon. Amarga iku basa Manado iki akèh dhialèké, salah sijiné dhialèk Borgo kang dituturaké wong Borgo ning kutha Manado[3].
Conto tembung basa
besutBasa Jawa | Basa Manado | |
t.ganti wong kesiji tunggal | aku | kita |
t.ganti wong kesiji jamak | kita | torang |
t.ganti wong keloro tunggal | kowé | ngana |
t.ganti wong keloro jamak | kowé | ngoni |
t.ganti wong keloro tunggal | dhèwèké | dia |
t.ganti wong ketelu jamak | dhèwèké | dorang |
Rujukan
besut- ↑ Najoan, J.A. Karisoh dkk (1981). Morfologi dan Sintaksis Bahasa Melayu Manado. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.
- ↑ "Malay, Manado". Ethnologue. Dibukak ing September 27, 2017.
- ↑ Masengi, Nonce; Arbie, Rosijanih (Juni 20, 2012). "Eksistensi Bahasa Melayu Manado sebagai Bahasa Ibu dalam Kebhinekaan Budaya". SIBI 2012.