Basa Mandharin (Aksara Jawa: ꦧꦱꦩꦤ꧀ꦝꦫꦶꦤ꧀ Ind: bahasa Mandarin) (Aksara Kan: 官話, pinyin: Guānhuà, tegese basa juru jawat) yaiku klumpukan saka basa-basa Cinawangsa sing kocap ana ing Cina Lor lan Kidulkulon. Klumpukan iki kalebu carabasa Peycing ing dadi dhasaring basa Cina Baku Modheren. Amarga basa Mandharin wiwitane saka Cina Lor lan akeh-akehe basa-basa Mandharin lan carabasa-carabasane katemokake ana ing lor mula klumpukan iki kadhang uga karanan Basa Cina Lor (北方话, běifānghuà, tegese omongan Lor). Okeh parijinis-parijinis (Ind: varietas) saka basa Mandharin kaya ta ing Kidulkulon (kalebu basa Sicwan) lan ing Yangce Asor (kalebu kuthagara lawas Nanking) sing ora bisa dipadhamangreteni (Ing: not mutually intellegible) utawa namung salong dipadhamangreteni karo basa Cina Baku Modheren.

Basa bisa anduweni caralatin luwih saka siji lan beda beda kaya ta ing Basa Mandharin

Panganggo basa Cina lumrahe ngarani basa Mandharin dening jeneng:

  • Pǔtōnghuà (普通话/普通話, tegese omongan lumrah) ing Cina Dharatan
  • Guóyǔ (国语/國語, tegese nagarabasa) ing Taywan
  • Huáyǔ (华语/華語, tegese basa Cina) ing Asia Kidulwetan

Babading Basa

besut

Basa Mandharin Kuna

besut

Sawise rajawangsa Song Lor rubuh (taun 959-1126) lan nalika jumenenge rajawangsa Cin (Ind: Jin) (taun 1115-1234) lan rajawangsa Ywen (Ind: Yuan) (Mongol) ing Cina Lor, basa padinan dumadi adhedhasar carabasa-carabasa saka North Cina Plain sakubenging kuthagara. Basa iki diarani basa Mandharin Kuna. Gagrag-gagrag sastra padinan anyar banjur uga adhedhasar basa iki kaya ta dramah lan carita sayata guguritan Cu (Ind: Qu) lan Sancu[1] (Ind: Sanqu).

Basa Mandharin Tengahan

besut

Nganti tengahing abad kaping 20, ameh kabèh wong Cina sing urip ing laladan Cina Kidul namung nggunakake carabasane dhewe-dhewe. Kanggo kagunan mirunggan, para juru jawating rajawangsa Ming lan Cing[2] (Ind: Qing) mranatakake administrasining kabauraton nganggo basa lumrah adhedhasar parijinis-parijinis basa Mandharin sing kala iku karanan Guānhuà[3] (官話, tegese basa jawat). Kawruh ngenani basa iki dadi penting kanggo pisambut gawe jawat (Ind: karir pejabat pemerintahan). Nanging, prakara iki ora tau dijarwakake kanthi formal.


Para juru jawat (Ind: pejabat pemerintahan) saka akeh laladan nduweni carapocape dhewe-dhewe. Ananging, ciri basa jaman iki sing lumrah yaiku:

  • Ilanging voiced initials kajaba wyanjana V
  • Dumadi sijine wyanjana pungkasan M lan N
  • Anane tatalaku (Ind: system) patang laras basa (Ind: nada bahasa) ing wanda kabukak karo wyanjana mekak (Ing: glottal stop) ing laras basa lebu (Ing: entering tone).
  • Anane beda antaraning palatilized velar lan dental affricate sing ilang ing basa Mandharin Anyar (Peking vs Peycing, Tyentsin vs Tyencin)[4]

Ciri loro sing pungkasan ngandharake yen basa iki awujud basa koyni adhedhasar carabasa-carabasa ing laladan Nanking. Carabasa iki aji suwe banget nganti sawising kuthagara kêlih menyang Peycing ing taun 1421. Lan kala iku, carabasa saka kuthagara anyar wiwit njedhul dadi satru kanggo basa baku. Salawas-lawase ing taun 1815, Robert Morrison ngripta bausastra Inggris Cina kapisan adhedhasar basa koyni iki sing dadi baku jaman iku. Lan ing abad kaping 19, carabasa Peycing wis dadi dhominan lan dadi penting kanggo saharyan-saharyan karo karaton.

Basa Mandharin Anyar

besut

Ing jaman-jaman wiwitaning Républik Cina, juru widya saka New Culture Movement kaya ta Hu Syi (Hu Shih) lan Cen Tusyu (Cen Duxiu) jaya ngampanyekake pangêlihgêntining basa Cina Sastra kanggo basa tulis baku dumadi basa Padinan Cina Katulis sing adhedhasar carabasa-carabasa ing lor. Prioritas liyane yaiku pajarwaning nagarabasa baku (國語, pinyin: Guóyǔ). Sabubaring rêngrêngan antaraning pandhukung saka carabasa-carabasa lor lan kidul lan upaya nggawe cara pocap gawe-gawe, Kumisi Pinyawiji Nagarabasa banjur mandheg ing carabasa Peycing taun 1932. Republik Rakyat Cina sing ngadeg ing taun 1942 ngarani basa iki pǔtōnghuà (普通話, tegese omongan lumrah). Sawatara 54% panganggo parijinis-parijinis basa Mandharin bisa mudheng basa baku anyar ing taun 1950 lan mundhak dumadi 91% ing taun 1984. Ing nagara, gunggung wong sing mudheng mundhak saka 41% dumadi 90% ing jangka wêktu sing padha[5].

Sawang uga

besut

Paripustaka

besut
  1. https://en.wikipedia.org/wiki/Mandarin_Chinese#CITEREFNorman1988
  2. China in the Sixteenth Century: The Journals of Mathew Ricci.
  3. Coblin (2000). 537 https://en.wikipedia.org/wiki/Mandarin_Chinese#CITEREFCoblin2000. {{cite journal}}: Cite journal requires |journal= (pitulung); Missing or empty |title= (pitulung)
  4. Kaske, Elisabeth (2008). [ISBN 978-90-04-16367-6 "The politics of language in Chinese education"]. BRILL. N/A: 1895–1919. {{cite journal}}: Check |url= value (pitulung)
  5. Chen, Ping, 1954- (1999). Modern Chinese : history and sociolinguistics. Cambridge, U.K.: Cambridge University Press. ISBN 0-511-04033-4. OCLC 56352091.{{cite book}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)