Wangsa Qing
Rajawangsa Cing (Ind: Dinasti Qing) (Aksara Kan: 清朝, Pinyin: Qīng Chao) (1644 - 1911), ditepungi uga minangka rajawangsa Mancu yaiku salah siji saka rong rajawangsa manca kang mréntah ana ing Cina sawisé rajawangsa Yuen Mongol (Ind: Dinasti Yuan Mongol) lan uga rajawangsa kang paling pungkasan ana ing Cina.[1] Manca iku tegese rajawangsa paprenntahan saliya wangsa Kan kang dianggep dadi èntitas Cina ing jaman dhisik.[1] Wangsa iki diyasa déning wong Mansuri saka kulawangsa Aisin Gioro (Pinyin: Aixinjueluo), kang banjur ngadhopsi tata cara papréntahan rajawangsa sadurungé lan digabungaké ana ing Cina.[1]
Qing Raya | ||||||||||||||||
大清 | ||||||||||||||||
Kakaisaran | ||||||||||||||||
| ||||||||||||||||
Antem Gong Jin'ou (1911) | ||||||||||||||||
Wewengkon kakuwasan Qing Raya ing taun 1820
| ||||||||||||||||
Kutha krajan | Shengjing (1636–1644) Beijing (1644–1912) | |||||||||||||||
Basa | Mandarin Basa Manchu | |||||||||||||||
Pamaréntahan | Monarki | |||||||||||||||
Kaisar | ||||||||||||||||
• | 1626–1643 | Huang Taiji | ||||||||||||||
• | 1908–1912 | Kaisar Xuantong | ||||||||||||||
Mahamantri | ||||||||||||||||
• | 1911 | Yikuang | ||||||||||||||
• | 1911–1912 | Yuan Shikai | ||||||||||||||
Sajarah | ||||||||||||||||
• | Pangubahan jeneng saka Jin Akir dadi Qing Raya | 1636 | ||||||||||||||
• | Panelukan Beijing | 1644 | ||||||||||||||
• | Pamanunggalan saindhengin dharatan Cina | 1662 | ||||||||||||||
• | Révolusi Xinhai | 12 Fèbruari 1912 | ||||||||||||||
Cacah wong | ||||||||||||||||
• | Étungan 1740 | 140,000,000 | ||||||||||||||
• | 1776 est. | 311,500,000 | ||||||||||||||
• | 1790 est. | 300,000,000 | ||||||||||||||
• | 1812 est. | 360,000,000 | ||||||||||||||
• | 1820 est. | 383,100,000 | ||||||||||||||
Valutah | Yuan, Koin Cina | |||||||||||||||
|
Mangsa kajayan
besutRajawangsa Cing ana ing kajayané nalika ing sangisoré papréntahan Bauratu Kangsyi (Ind:Kaisar Kangxi) (mréntah taun 1662 - 1722), Yongceng (1723 - 1735) (Ind: Yongzheng) lan Cyenlong (1735 - 1796) (Ind: Qianlong).[1][2] Nalika taun 1661 Bauratu Syunci (Ind:kaisar Shunzhi) tilar donya kanthi umur 24 taun lan digantèkaké déning putra nomer papaté, Aysyincwe'lwo Syuanywe (Ind: Aixinjueluo Xuanyue) kang dadi Bauratu Kangsyi.[1]
Ana ing wiwitan papréntahané, bauratu Kangsyi dibiyantu déning 4 Mantri Wali lan dibimbing déning nininé, Ibusuri Syawcwang.[1] (Ind: Xiaozhuang). Nalika taun 1669, Bauratu Kangsyi bisa nggagalaké rencana salah siji Mantri Waliné, Awbay (Aobai) kang duwé kepénginan kanggo ngraman.[1] Dhèwèké uga bisa ngredhem Pambrontakan Telu Raja Mudha (salah sijiné yaiku Wu Sangui, kang diwènèhi wewengkon lan sesebutan pangéran amarga jasané) lan pambrontakan sukuwangsa-sukuwangsa saka Mongolia.[1] Taywan kang dikuwasani déning kulawarga Ceng (Ind: Zheng) kang setya marang rajawangsa Ming, bisa dikuwasani nalika taun 1683.[1] Prajanjian wewatesan karo nagara Rusiyah uga digawé nalika taun 1689.[1]
Sawisé ditinggal déning bauratu Kangsyi nalika taun 1722, putrané kang nomer papat, pangéran Yong (lair Aysincwe'lwo Yincen (Aixinjueluo Yinzhen) manggoni dhampar dadi Yongceng (Yongzheng).[1] Pamaréntahané diwernani karo sengkéta antarané pangéran, kang ngrasa jumenenge bauratu Yongceng iku amarga ana rékayasa.[1] Bauratu Yongceng ditepungi minangka bauratu kang sregep temandang gawé. Ana ing mangsa papréntahan bauratu Yongceng (Youngzheng) artatataning (Ind: ekonomi) nagara Cing samsaya kuwat.[1]
Kaisar-kaisar Wangsa Qing
besutJeneng asli1 | Gelar anumerta2Mandarin, Manchu | Jeneng kuil2 | Jeneng rèzim Mandarin, Manchu |
Taun kawasa | Undangan umum |
---|---|---|---|---|---|
Nu'erhachi 努爾哈赤 pinyin: Nǔ'ěrhāchì |
Gāodì 高帝 Dergi hūwangdi |
Tàizǔ 太祖 |
Tiānmìng 天命 Abkai fulingga |
1616-16263 | Nu'erhachi |
Huang Taiji4 皇太極 pinyin: Huángtàijí |
Wéndì 文帝 Genggiyen su hūwangdi |
Tàizōng 太宗 |
Tiāncōng 天聰 Abkai sure 1627-1636; Chóngdé 崇德 Wesihun erdemungge 1636-1643 |
1626-1643 | Huang Taiji |
Fúlín 福臨 |
Zhāngdì 章帝 Eldembure hūwangdi |
Shìzǔ 世祖 |
Shùnzhì 順治 Ijishūn dasan |
1643-16615 | Kaisar Shunzhi |
Xuányè 玄燁 |
Réndì 仁帝 Gosin hūwangdi |
Shèngzǔ 聖祖 |
Kāngxī 康熙 Elhe taifin |
1661-1722 | Kaisar Kangxi |
Yìnzhēn 胤禛 |
Xiàndì 憲帝 Temgetulehe hūwangdi |
Shìzōng 世宗 |
Yōngzhèng 雍正 Hūwaliyasun tob |
1722-1735 | Kaisar Yongzheng |
Hónglì 弘曆 |
Chúndì 純帝 Yongkiyangga hūwangdi |
Gāozōng 高宗 |
Qiánlóng 乾隆 Abkai wehiyehe |
1735-1796 (tilar donya 1799)6 |
Kaisar Qianlong |
Yóngyǎn 顒琰 |
Ruìdì 睿帝 Sunggiyen hūwangdi |
Rénzōng 仁宗 |
Jiāqìng 嘉慶 Saicungga fengšen |
1796-1820 | Kaisar Jiaqing |
Mínníng 旻寧 |
Chéngdì 成帝 Šanggan hūwangdi |
Xuānzōng 宣宗 |
Dàoguāng 道光 Doro eldengge |
1820-1850 | Kaisar Daoguang |
Yìzhǔ 奕詝 |
Xiǎndì 顯帝 Iletu hūwangdi |
Wénzōng 文宗 |
Xiánfēng 咸豐 Gubci elgiyengge |
1850-1861 | Kaisar Xianfeng |
Zǎichún 載淳 |
Yìdì 毅帝 Filingga hūwangdi |
Mùzōng 穆宗 |
Tóngzhì 同治 Yooningga dasan |
1861-18757 | Kaisar Tongzhi |
Zǎitián 載湉 |
Jǐngdì 景帝 Ambalinggū hūwangdi |
Dézōng 德宗 |
Guāngxù 光緒 Badarangga doro |
1875-19087 | Kaisar Guangxu |
Pǔyí 溥儀 uga ditepungi kanthi jeneng Henry |
Xùndì 8 遜帝 |
None given 9 | Xuāntǒng 宣統 Gehungge yoso |
1908-192410 (tilar donya 1967) |
Kaisar Xuantong |
1 Marga kaisar Qing ya iku Aisin Gioro (愛新覺羅 aixin jueluo), nanging tradhisi Manchu ora nyertakaké jeneng marga ana ing indhividhu. | |||||
2 Gelar anumerta lan jeneng kuil asringé padha karo kaisar-kaisar saka wangsa liyané. Kanggo mbédakaké gelar iki racaké didhisiki karo jeneng wangsané. Thuladhané ana ing Wangsa Qing iki Kaisar Qianlong uga ditepungi kanthi jeneng Qing Gaozong. | |||||
3 Nu'erhachi ngedegaké Wangsa Jin (後金) nalika taun 1616. Jeneng wangsa diganti dadi Qing déning anaké, Huang Taiji nalika taun 1636. Nu'erhachi njupuk jeneng Tianming dadi jeneng rézimé, nanging gelar-gelar liyané diwènèhaké kanthi anumerta. | |||||
4 Huang Taiji dirujukaké kanthi salah ana ing sapérangan literatur sajarah kanthi jeneng Abahai (阿巴海). | |||||
5 Kaisar Shunzhi ya iku kaisar Qing pisanan kang nguwasani ana ing Tiongkok sawisé Beijing dilungguhi taun 1644. | |||||
6 Kaisar Qianlong kanthi resmi pènsiun 1796 dadi tetenger bektiné marang kakangné, Kaisar Kangxi ora manggon tahta luwih suwé saka Kangxi. Nanging dhèwèké tetep nguwasani nganti tekan matiné ya iku taun 1799. Sasuwéné mangsa iki, anaké, Kaisar Jiaqing wiwit nyinaoni kanggo migunakaké kakuwasaané kang wis dadi duwèké kanthi resmi wiwit 1796. | |||||
7 Ibusuri Cixi, selir Kaisar Xianfeng, ibu Kaisar Tongzhi lan ibu angkat uga bibi Kaisar Guangxu nglakokaké kakuwasan ing samburiné layar wiwit 1861 tekan patiné taun 1908. Dhèwèké tumindak minangka wali kanggo loro kaisar enom lan njeblosaké Kaisar Guangxu sajeroning kunjaran omah ing Pura Mangsa Panas sawisé kaisar ngupaya nglakokaké réformasi nalika taun 1898. Dhèwèké tilar donya sadina sawisé patiné Guangxu. | |||||
8 Xundi ("Kaisar sing diturunaké") iku gelar anumerta sing diwènèhaké sajeroning buku-buku sajarah Tiongkok lan Taiwan marang Pu-yi. | |||||
9 Taun 2004 katurunan saka kulawarga Wangsa Qing mènèhaké gelar anumerta Mindi (愍帝) lan jeneng kuil Gongzong (恭宗). Nanging durung dikawruhi apa masarakat Tiongkok kanthi umum nampa dhèwèké apa ora. | |||||
10 Wangsa Qing digulingaké taun 1911 lan kaisar pungkasan, Xuantong/ Pu-yi mudhun tahta kanthi resmi nalika tanggal 12 Fèbruari 1912. Ing mangsa perang nglawan Jepang, Xuantong dadi kaisar bonéka sing ditunjuk Jepang kanggo nagara Manchu (Manchukuo) kanthi jeneng rèzim Datong(大同) (1932-1934), sing banjur diowahi dadi Kangde (康德) (1934-1945). |
Uga delengen
besutCathetan sikil
besut
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |