Bathara Kala iku putra Sanghyang Manikmaya. Bathara iki kondhang ing ruwatan kang magepokan klawan wong-wong sukerta. Kanggo ngruwat kudu dianaké tanggapan wayang kulit Lakon Amurwakala.

Bathara Kala

Tembung kala

besut

Kala duwé arti loro, ya iku:

  • wektu
  • déwa penasaran

Lairé Bathara Kala

besut

Kacaritaaké, Sanghyang Manikmaya lagi numpak Lembu Nandhini bareng Umayi, garwané. Ing ndhuwur samodra, Manikmaya sedya lambang asmara, nanging Umayi ora gelem. Kama kang metu banjur tumiba ing samodra lan dadi raseksa. Raseksa iku terus urip lan gawéyané mangan iwak-iwak samodra.

Sanghyang Baruna, panguwasa samodra, ngadhep Suralaya supaya raseksa mau disingkirké. Iba kagèté, jebul para déwa padha ora kuwawa nandhingi. Sing bisa ngalahaké ya iku ramané dhéwé, Manikmaya (Bathara Guru). Siyungé ditugel lan dadi keris Kalanadhah lan Kaladhita. Raseksa mau banjur dijenengi Bathara Kala. Kanggo gantiné, Kala diwènèhi wenang mangan wong-wong kang lair sukerta lan kang lali ing urip pradinan. Ing bathuké, Bathara Kala diwènèhi Rajah Kalacakra. Sapa kang bisa maca rajah mau ora bakal bisa dipangan Kala.

Kauripané

besut

Bathara Kala urip bareng Bathari Durga ing kahyangan Setra Gandamayit. Dhèwèké kang nurunaké raja-raja buta (raseksa). Ing pedhalangan, Bathara Kala bisa dikalahaké déning Bathara Wisnu. Raseksa iki sembrono lan seneng ngrusak apa waé tanpa mikir dawa.

Ing ajaran Hindhu

besut

Wonten ing ajaran agama Hindhu, Kālá (Sansekerta: कल) inggih punika putra Déwa Siwa ingkang dados déwa panguwaosipun wektu (tembung kala saking basa Sanskerta ingkang tegesipun wekdal). Déwa Kala asring dipunsimbolaken mawi wujud raksasa ingkang wujud nggegirisi, boten kados Déwa. Wonten ing filsafat Hindhu, Kala minangka simbol bilih sinten kemawon boten saged nglawan hukum karma. Ewadene sampun wekdalipun nilar paken gesang ing donya, wekdal punika ugi "Kala" badhé mapag. Ewadene wonten ingkang kersa, badhé dipunbrasta déning Kala. Saéngga, Kala punika gadhah rupa ingkang nggegirisi, asipat meksa sadaya tiyang supados nurut kaliyan piyambakipun.

Rujukan

besut

Sukartha, I Ketut. 2003. Agama Hindhu. Penerbit: Ganeca Exact

Uga delengen

besut