Wisnu

(Kaelih saka Bathara Wisnu)
Bathara Wisnu
Bathara Wisnu
Asma miturut basa
Basa Sangaskreta Viṣṇu
Asma miturut aksara
Dewanagari विष्णु
aksara Bali
aksara Jawa ꦧꦛꦫ ꦮꦶꦱ꧀ꦤꦸ

Bathara Wisnu (Sangskreta: Bhaṭāra Viṣṇu) iku putrane Bathara Guru lan Dewi Uma sing angka 5. Wujude dewa bagus, mbranyak pasemone, kulite ireng cemani. Kahyangane ing Uttarasagara. Pusakane wujud buwêngan, bunder kaya rodhaning pedhati, mawa lelandhep wolung penyukur, jenenge Senjata Cakra Baskara.

Kajaba iku, darbe panah sakti aran Kyai Kesawa kang dislempitake ing rikmane.

Bedhor (pucuk panah) Kyai Kesawa yen nganti kesenggol nalikane Bathara Wisnu duka yayah sinipi, bisa njalari mantram triwikrama dumadi. Satemah Bathara Wisnu dadi brahala Balasrewu kang gedhene kagila-gila.

Nalika laire Bathara Wisnu, jagad aweh prabawa nggegirisi. Bumi horeg ketaman lindhu gedhe, nganti Bathara Guru tiba kegeblag.

Bareng diwasa, Bathara Wisnu nggarwa Dewi Sri Kembang, sengkerane Bathara Guru kang dititipake marang Bathara Surya. Perkara iki ndadekake muntabe Bathara Guru. Wusana Bathara Guru lan Dewi Sri Kembang ditundhung saka kahyangan, kadhawuhan tumurun ing bumi, mapan ing alas Purwacarita.

Senadyan Bathara Wisnu wis ora mapan ing kahyangan, nanging yen kelingan citrane Dewi Sri Kembang, Bathara Guru mesthi muntab pikire. Rasa kagole ora bisa disingkirake saka njroning ati.

Sawijining ndina, Bathara Guru dhawuh marang buta 4, yaiku Kalakresna, Kalaseta, Kalarekta, lan Kalapita supaya mateni Bathara Wisnu. Nadyan anak, nanging Bathara Wisnu dianggep klilip sing kudu diilangi.

Buta 4 nuli budhal. Satekane ing alas Purwacarita, sigra angraga sukma. Wujud cahya, manjing ing anggane Bathara Wisnu, ngrusak jagade Bathara Wisnu. Satemah Bathara Wisnu sirna margalayu.

Priksa garwane seda dadakan, Dewi Sri Kembang nangisi. Ora let suwe katungka praptane Begawan Wisnu Kapiwara (pandhita wujud kethek). Ngupadi Bathara Wisnu amarga ditangisi anake wadon kang ngimpi ngladeni Bathara Wisnu. Sang Begawan diaturi nggoleki priya pepujaning ati. Yen wis ketemu, nyuwun didhaupake.

Dewi Sri Kembang saguh nanggung pasuwitane Dewi Sri Pujayanti, sauger Wisnu Kapiwara bisa maluyakake Bathara Wisnu. Kapiwara sigra angraga sukma, nundhung buta 4 kang ngrusak jeroane Bathara Wisnu. Sang Bathara banjur diungkuli Kembang Wijayakusuma, satemah waluya temahing jati.

Nggarwa Dewi Pertiwi lan gugat Bathara GuruBesut

Bathara Wisnu saguh nampa pasuwitane Dewi Sri Pujayanti, nanging Begawan Wisnu Kapiwara kudu bisa nyekel buta-buta kang maeka Bathara Wisnu. Disaguhi, lan ora let suwe pandhita kethek iku wis bisa nyowanake buta 4 ing ngarsane Bathara Wisnu.

Nalika didangu, buta 4 iku blaka yen diutus Bathara Guru supaya mateni Bathara Wisnu. Sanalika Bathara Wisnu muntab pikire, tuwuh krentege nedya ngelekake Bathara Guru kang wis tumindak nalisir saka bebener.

Sadurunge tumindak, Bathara Wisnu minangkani panyuwune Begawan Wisnu Kapiwara luwih dhisik. Banjur budhal menyang Pertapan Cemaragadhing. Dewi Sri Pujayanti kawengku garwa.

Sawise sawatara mapan ing Pertapan Cemaragadhing, Bathara Wisnu nedya gugat. Ngelingake tumindake Bathara Guru sing ora bener. Sranane yaiku kudu nggarwa Dewi Pertiwi, putrane Sang Hyang Nagaraja ing Kahyangan Sumur Jalatundha. Rehne Dewi Pertiwi nyuwun bebana Kembang Wijayakusuma lan Cangkok Wijayamulya, Bathara Wisnu nuli nyuwun marang Begawan Wisnu Kapiwara supaya kersa masrahake pusakane kinarya srana dhaupe Bathara Wisnu.

Begawan Wisnu Kapiwara masrahake Kembang Wijayakusuma marang Bathara Wisnu. Mung kari Cangkok Wijayamulya kang durung kecekel. Bathara Wisnu nuli budhal menyang Kahyangan Sumur Jalatundha.

Wektu iku, Sang Hyang Nagaraja karawuhan penglamar saka negara Garbapitu, utusane Prabu Kala Wisnudewa. Utusan mau cacahe 2, jenenge Patih Baudhendha lan Ditya Wisnungkara.

Sang Hyang Nagaraja ngandharake yen Dewi Pertiwi darbe panyuwunan Kembang Wijayakusuma lan Cangkok Wijayamulya. Patih Baudhendha lan Ditya Wisnungkara banjur kondur, nedya munjuk atur marang ratu gustine.

Sapungkure utusan saka Garbapitu, Bathara Wisnu praptêng ing kahyangan Sumur Jalatundha, nglamar Dewi Pertiwi. Sang Hyang Nagaraja banjur ngaturake bebanane Dewi Pertiwi. Bathara Wisnu banjur maringake Kembang Wijayakusuma luwih dhisik, lan saguh nggoleki Cangkok Wijayamulya.

Daya-daya bisa dhaup, Kembang Wijayakusuma ditampani, dadi srana dhaupe Bathara Wisnu lan Dewi Pertiwi.

Sapurnane dhaup, Bathara Wisnu diaturi manjing cepuri Kahyangan Sumur Jalatundha dening Sang Hyang Nagaraja.

Ora let suwe, Bathara Guru rawuh, nglamar Dewi Pertiwi. Sang Hyang Nagaraja matur yen Dewi Pertiwi wis kagarwa Bathara Wisnu. Bathara Guru duka banget. Sigra manjing cepuri Kahyangan Sumur Jalatundha, dadi perang rame mungsuh Bathara Wisnu.







Wiracarita Mahabharata déning Krishna Dwaipayana Wyasa
Para paraga
Dinasti Kuru Paraga liya
Santanu | Gangga | Bisma | Satyawati | Citrānggada | Wicitrawirya | Ambika | Ambalika | Widura | Dretarastra | Gandari | Sangkuni | Subadra | Pandu | Kunti | Madri | Yudistira | Bima | Arjuna | Nakula | Sahadewa | Duryodana | Dursasana | Yuyutsu | Dursala | Drupadi | Hidimbi | Gatotkaca | Ahilawati | Utara | Ulupi | Citrānggadā Amba | Barbarika | Babruwahana | Irawan | Abimanyu | Parikesit | Wirata | Kicaka | Krepa | Drona | Aswatama | Ekalawya | Kertawarma | Jarasanda | Satyaki | Mayasura | Durwasa | Sanjaya | Janamejaya | Resi Byasa | Karna | Jayadrata | Kresna | Baladewa | Drupada | Hidimba | Drestadyumna | Burisrawa | Salya | Adirata | Srikandi | Radha
Topik kagandhèng
Pandawa | Korawa | Hastinapura | Indraprastha | Krajan ing Mahabharata |
Perang ing Kurukshetra | Bhagawad Gita | Krajan Kuru | Silsilah Pandawa lan Korawa
Awatara Wisnu  
Matsya | Kurma | Waraha | Narasinga | Wamana | Parasurama | Rama | Kresna | Baladewa (Balarama) | Buddha | Kalki


Kapurih Ugi Kersa MriksaniBesut