Parasurama

Parasurama (Dewanagari|Sansekerta: परशुरामभार्गव; Parashurāma Bhārgava) utawi wonten ing Indonesia kala mangsa mau Ramaparasu, inggih punika namanipun paraga Ciranjiwin (abadi) wonten ing ajaran agama Hindhu. Asma Parashurama tegesipun "Rama kanthi senjata pethèl". Asma sanèsipun inggih punika Bhagarwa (Keturunan Maharesi Bregu). Parasurama kawentar manawi awatara Wisnu ingkang kaping enem saha gesang wonten ing jaman Treta Yuga. wonten ing jaman punika kathah para kaum satriya ingkang sami prang tandhing satunggal baka satunggal kaliyan satriya sanèsipun saéngga damel risak kantentremaning donya. Wisnu minangka déwa ingkang njagi alam, njalma kanthi wujud Brahmana ingkang nggegirisi, inggih punika Rama putra Jamadagni, kanthi ancas mbrasta para satriya.[1][2]

Barkas:Ramaparasu.JPG
Parasurama dalam bentuk wayang kulit digambarkan bertubuh tinggi besar dan berkulit hitam legam.

Cariyos nalika TimurBesut

Parasurama minangka putra ragil saking Jamadagni, salah satunggaling resi keturunan Bregu. Punika dados salah satunggaling sebab piyambakipun ugi kawéntar kanthi jejuluk Bhargawa. Nalika piyambakipun lair, Jamadagni maringi nama putranipun "Rama". Nalika diwasa, Rama ugi misuwur kanthi nama Parasurama amargi ngasta kapak minangka senjatanipun. Kajawi punika, Parasurama ugi gadhah senjata sanès awujud panah ingkang sekti mandraguna.[3]

Nalika taksih timur Parasuama sampun numpes ibunipun piyambak, inggih punika "Renuka". babagan punika kasebabaken amargi anggénipun nglayani Rsi jamadagni wonten kalepatan ingkang dipuntindakaken Renuka saéngga Jamadani duka. Jamadagni lajeng dhawuh dhumateng para putranipun supados numpes Renuka. Piyambakipun janji badhé ngijabahi punapa kémawon pepénginan ingkang dipunsuwun. Éwadéné kados makaten, sadaya putranipun Jamadagni boten wonten ingkang purun nindakaken paréntahipun kejawi Parasurama,saéngga Jamadagni tambah duka saha nyupatani sadayanipun dados watu.[4]

Parasurama minangka putra ingkang paling eném saha ongkang paling pinter, purun numpes ibunipun piyambak. Sabibaripun Renuka séda, piyambakipun lajeng nyuwun Jamadagni netepi janjiipun. Panyuwunan punika, inggih supados Rsi Jamdagni purun nguripaken malih Renuka saha sekawan sedhérékipun. Jamadagni ngraosaken seneng saha netepi sadaya panyuwunipun Parasurama.[5]

Numpes kaum ksatriyaBesut

Nalika jamannipun Parasurama, katentreman donya dipunrisak déning para kaum ksatriya ingkang remen paprangan kaliyan ksatriya sanèsipun. Parasurama bangkit numpes sadayanipun, ingkang sajatosipun kedah ngayomi kaum ingkang lemah. Boten kaétang cacahipun ksatriya ingkang sampun kabesmi déning Parasurama, raja utawi pangéran, ingkang katumpes kanthi kapah saha panahipun Rama putra Jamadagni.[6]

Rumiyin Parasurama gadhah tekad kanggé numpes sadaya ksatriya saking bumi punika. Piyambakipun ugi dipunsebataken muteri donya kaping tiga. Sasampunipun ngraos cekap, Parasurama ngawontenaken upacara pangorbanan suci wonten ing sawijining papan ingkang mau Samantapancaka.[2] Mbenjing wonten ing jaman salajengipun, papan punika misuwur kanthi nama Kurukshetra saha kaangep minangka papan ingkang suci ingkang dados papan kanggé ngadani paprangan ageng déning Pandawa saha Korawa.[6]

Panyebab mligi kénging punapa Parasurama gadhah tekad numpes para kaum satriya inggih punika amargi tumindakipun Raja Karajan Hehaya ingkang mau Kartawirya Arjuna ingkang sampun ngrampas sapi gadhahanipun Jamadagni. Parasurama duka saha numpes raja mau. Nanging wonten ing salajengipun, putra-putranipun Kartawirya Arjuna nuntut piwales kanthi numpes Jamadagni. Amargi kadadéan punika, Parasurama gadhah dendham dhumateng sadaya kaum (golongan) ksatriya.[6]

Ing jagad pewayanganBesut

Ramaparasu (Parasurama, Ramabargawa) iku putra ragile Maharesi Jamadagni. Kakange ana 4, yaiku Rumawan, Susena, Wasu, Wiswawasu. Tembung Parasu tegese kampak/wadung. Nanging, gegamane Ramaparasu ora mung kampak wae, uga wujud panah kang gedhene ngungkuli panah umume. Uga gendhewane.

Nalika ibune Ramaparasu kang asmane Dewi Renuka tumindak sedheng karo Prabu Citrarata ratu ing Martikawata, Maharesi Jamadagni dhawuh marang para putrane supaya ngukum pati Sang Dewi. Nanging, putra mbarep tekane kakang ragil ora ngestokake dhawuhe ramane, ora mentala mateni ibune. Maharesi Jamadagni duka, putra nomer 1 tekane papat disotake ilang akal budine.

Maharesi Jamadagni banjur dhawuh marang Ramaparasu supaya mrajaya ibune. Ramaparasu matur sendika, banjur tumandang karya. Parasu utawa wadunge banjur diangkat, dibabatake ing gulune ibune. Getihe nyembur-nyembur, mustakane Dewi Renuka gumlundhung ing bantala.

Sasedane Dewi Renuka, Maharesi Jamadagni ngendika, "Ngger, Ramaparasu. Jebul anakku kang mituhu dhawuhing bapa mung kowe ngger. Kowe wus ngayahi pakaryan abot kang gawe leganing atiku. Mula saka iku ngger, kowe dakparengake darbe panyuwun marang rama, lan bakal dakudaneni. Gage matura, kowe nduwe pepenginan apa?"

Ramaparasu matur, "Jamadagni bapakku, yen aku dikeparengake darbe panyuwunan, panyuwunku sing sepisan: Renuka ibuku bisaa bali urip maneh. Sing angka 2, tumindakku mrejaya ibu bisaa kalis ing dosa. Katelune, kakang-kakangku 4 cacahe bisaa kasinungan akal budi maneh kaya wingi uni. Kaping 4, aja ana satriya kang kadigdayane ngungkuli aku. Sing pungkasan, dongakna dawa umurku."

"Ya, kabeh panyuwunmu dakparengake. Muga kalakona." ngendikane Maharesi Jamadagni.

Sawijining dina, nalika putrane Maharesi Jamadagni pinuju menyang alas nggolek kayu obong lan woh-wohan, Sang Maharesi kerawuhan Prabu Arjunasasrabahu lan para prajurite. Rawuhe Sang Prabu ditampa kanthi pangaji-aji, sinugata woh-wohan maneka warna. Nadyan mangkono, Prabu Arjunasasrabahu meksa tumindak murang tata. Dhawuh marang para prajurite supaya mbradhat sapi puhan kagungane Maharesi Jamadagni, digawa menyang Maespati.

Ora antara suwe, putrane Maharesi Jamadagni kang ragil bali saka alas. Durung nganti Ramaparasu manjing padhepokan, wis dicritani yen sapi puhane Sang Maharesi dibradhat dening prajurit Maespati awit saka dhawuhe ratune.

Ramaparasu gage nyandhak panah lan wadunge. Prabu Arjunasasrabahu lan para prajurite ditututi. Bisa ketututan. Sulayaning rembug, dadi tarung rame. Ora nganti sapanginang, para prajurit Maespati tumpes. Prabu Arjunasasrabahu duka banget. Sigra maos mantram triwikrama, nanging ora bisa malih brahala, awit Bathara Wisnu wis oncat saka ragane. Wusanane Prabu Arjunasasrabahu bisa disirnakake dening Ramaparasu. Dibabat nganggo wadung.

Ugi pirsaniBesut

Cathetan sukuBesut

  1. [1](dipunundhuh tanggal 15 November 2012)
  2. a b I Ketut Sukartha, dkk. (2003). Agama Hindu untuk SLTP Kelas 3ISBN 979-571-020-6 (jilid 1). Denpasar: Penerbit Ganeca Exact.
  3. [2](dipunundhuh tanggal 15 November 2012)
  4. [3](dipunundhuh tanggal 15 November 2012)
  5. [4](dipunundhuh tanggal 15 November 2012)
  6. a b c [5](dipunundhuh tanggal 15 November 2012)
Parasurama
Sebelumnya:
{{{sadurungé}}}
Awatara Wisnu
ke-6
Berikutnya:
{{{sawisé}}}
Awatara Wisnu  
Matsya | Kurma | Waraha | Narasinga | Wamana | Parasurama | Rama | Kresna | Baladewa (Balarama) | Buddha | Kalki

Cithakan:Tokoh mitologi hindu