Rama uga bisa diarani Prabu Ramawijaya yaiku ratu ing Pancawati. Prabu Ramawijaya putrané Prabu Dasarata[1] ing Ayodya saka garwa Dèwi Reghu utawa Sukasalya. Prabu Ramawijaya iku tokoh mligi Ramayana, salah siji wiracarita saka tanah Indhia kang uga misuwur ing tanah Jawa.

Prabu Ramawijaya
Personal information
Parents
SiblingsRaden Barata
Raden Laksmana
Raden Satrugna

Dasanama

besut

Dasanamané (jeneng liya): Prabu Sri Bathara Rama (titah titising Bathara Wisnu), Prabu Ramawijaya (tansah jaya/unggul ing payudhan), Rama Reghawa (putrané Dèwi Reghu/Sukasalya), Ramabadra (sumunar lir purnamasidhi), Ramacandra,[2] lan Ramayana.

Rama ing Ayodya

besut

Prabu Dastharastha duwe garwa cacah telu: Dèwi Reghu, Dèwi Kekayi lan Dèwi Sumitra. Dèwi Reghu peputra Raden Rama Reghawa, Dèwi Kekayi peputra Radèn Barata, lan Dèwi Sumitra peputra Radèn Laksmana lan Radèn Satrugna (Tugena).

Sadurungé kagarwa Prabu Dasarata, Kekayi duwé panuwun, yèn samengko patutan kakung, kudu kalilanana jumeneng nata ing Ayodya. Tanpa menggalih kang wening, Prabu Dasarata nyaguhi, nadyan wis patutan pembarep kakung Radèn Rama. Kabèh putrané Prabu Dastharastha digulawenthah déning Begawan Wasistha, saéngga bisa dadi satriya utama turta sekti mandraguna.[3]

Sawijining dina Rama ngleboni sayembara ing nagara Matilidirja, lan klakon mboyong Dèwi Sinta, putriné Prabu Janaka.

Ditundhung saka praja

besut
 
Sri Ramacandra, miturut mitologi Hindhu

Satekané ing Ayodya, Rama nedya dijumenengaké ratu, nanging Dèwi Kekayi (garwané Prabu Dasarata) ngucik janjiné Prabu Dastharasttha kang naté kawiyon, ya iku bakal njumenengaké ratu putrané kang patutan karo Kekayi.[4] Kejaba iku, Sang Dèwi Kekayi nyuwun supaya Prabu Dastharattha nundhung Rama saka praja supaya ora ngrégoni Barata anggoné mangreh praja Ayodya.[5]

Rama kelakon ditundhung. Bebarengan karo Dèwi Sinta lan didherekaké Radèn Laksmana, sigra manjing sajeroning alas.[6] Nalika manjing telenging alas Dhandaka, Dèwi Sinta ilang didhustha Prabu Dasamuka, ratu buta saka Ngalengka. Wektu iku Rama lagi mbedhag kidang kencana kang dipingini Dèwi Sinta.

Wadyabala kethèk

besut

Rama duwé bala wujud kethèk pirang-pirang. Mula, dudu duwé bala kethèk iku, amarga biyèn wis tau mitulungi kasangsayané Narpati Sugriwa kang kejepit ana wit asem dhampit amarga pancakara mungsuh kadangé tuwa, Subali. Sabanjuré Subali klakon dipatèni Rama, saéngga Sugriwa bisa dadi ratu ing Guwa Kiskendha lan nggarwa Dèwi Tara. Minangka piwalesing budi, Sugriwa banjur dhawuh marang wadyabalané (para kethèk) supaya mbiyantu marang Rama anggoné ngupadi garwané, Dèwi Sinta, kang didhustha Dasamuka ratu buta ing Ngalengka.[5] Ramawijaya dalah para kethèk banjur padha yasa pasanggrahan ing gunung Malyawan (sok dikocapaké gunung Mangliawan). Pasanggrahan dadi wewangunané ora béda kaya kedhaton (kraton), mula banjur katelah Kraton Pancawati. Raden Rama banjur jumenang nata kanthi jejuluk Prabu Ramawijaya. Kejaba iku, Narpati Sugriwa sabalané banjur suwita marang Prabu Rama.

Nglurug menyang Ngalengka

besut

Rama kang dibiyantu déning Narpati Sugriwa sawadyabalané lan Radèn Wibisana (rayiné Prabu Dasamuka kang mbaléla ngiloni Prabu Rama) klakon nglurug menyang nagara Ngalengka. Gelaré ngrebut baliné Sinta, nanging ing batin kang baku mbrasta tumindhak dur angkara budi candala kang sinandhang déning Dasamuka. Prabu Rama kang nglungguhi kautaman wusanané bisa unggul yudané. Dasamuka sirna kataman jemparing pusaka aran "Guhyawijaya" (Guhya iku mengku teges "ghaib", déné "wijaya" tegesé kamenangan. Dadi tegesé kamenangan kang sinadhi /gaib). Ragané Dasamuka banjur ditableg gunung Pangungrungan iya Somawana déning Senggana/Anoman.

Sawisé brubuh Ngalengka, sapatiné Dasamuka, Prabu Rama banjur ngangkat Wibisana jumenang nata ing Ngalengka. Nanging ora let suwé, Wibisana banjur lereh keprabon saperlu madeg pandhita. Dhampar Ngalengka banjur dilintiraké marang putrané sesilih Radèn Denthawilukrama kang sawisé jumeneng nata jejuluk Prabu Bisawarna.

Titisan Prabu Rama

besut

Ing carita-carita Padhalangan, yuswané Prabu Ramawijaya kalebu dawa banget, ya iku wiwit jaman Ramayana (perang Giriantara) nganti bablas tekan jaman Mahabharata (Pandhawa). Ing pungkasan sugengé, Prabu Rama manitis ana ragané Prabu Kresna, nata ing Dwarawati, Radèn Laksmana manitis ana ragané Radèn Arjuna lan banjur pindhah ana ragané Prabu Baladewa. Déné para wadyabala wanara uga banjur padha ilang musna saragané, kejaba Anoman kang tumeka pati ing jamané Prabu Sri Aji Jayabaya ing Mamenang utawa Kedhiri (lumebu carita Wayang Madya).

Uga delengen

besut

Cathetan suku

besut
  1. Ramesh Menon, The Ramayana: A Modern Retelling of the Great Indian Epic, ISBN 0-86547-660-8, pp. 10–11
  2. Gupta, S.M. (1993). Vishnu and His Incarnations. South Asia Books.
  3. R. Menon, The Ramayana, pp. 14
  4. R. Menon, The Ramayana, pp. 77
  5. a b Griffith, R.T.H. (1870–1874). The Rámáyan of Válmíki. London: Trübner & Co.; Benares: E. J. Lazarus and Co.
  6. R. Menon, The Ramayana, pp. 91

Pranala njaba

besut