Matsya wonten ing ajaran agama Hindhu, Matsya (Dewanagari: मत्‍स्‍य,IASTmatsya, मत्‍स्‍य) inggih punika awatara Wisnu ingkang awujud mina raksesa. Wonten ing basa Sangskreta, tembung matsya ateges mina. Miturut mitologi Hindhu, Matsya njalma nalika jaman Satyayuga,wonten ing jaman papréntahan Raja Satyabrata (langkung kawentar jejuluk Maharaja Waiwaswata Manu), putra Wiwaswan, déwa srengéngé. Matsya njalma wonten ing donya kanggé maringi seserepan dhumateng Maharaja Manu babagan bencana banjir ingkang badhé ngelemaken donya. Piyambakipun marintahaken dhumateng Maharaja Manu supados damel kapal ageng.
[1]

Matsya Awatara

Cariyos punika sami kaliyan cariyos Nabi Nuh, ingkang jaréné damel kapal ageng supados saged nylametaken umat saking bencana banjir ingkang badhé ngelemaken bumi. Cariyos kanthi tema sami ugi pinanggih wonten ing nagara-nagara sanès, kados ta; cariyos saking suku Indian saha Yunani.[2]

Mitologi

besut

Cariyos babagan Matsya saged dipunsemak wonten ing Matsyapurana saha ugi Purana sanèsipun. Kacariyosaken nalika Raja Satyabrata (ingkang langkung kawentar kanthi minangka Waiwaswata Manu) mijiki astanipun wonten ing lèpèn, wonten iwak alit wonten astanipun saéngga ratu mangertos bilih iwak punika nyuwun pitulungan. Saéngga belia mbekta iwak mau saha ndamelaken kolam alit kanggé papan iwak mau. Ananing dangu-dangu iwak mau sangsaya ageng, ngantos kolamipun kebak. Pungkasanipun dipunpindahaken mring kolam ingkang langkung ageng. Kadadeyan mau kaambali malih, saéngga belia sadhar bilih iwak punika sanès iwak biyasa.[3]

Salajengipun kanthi upacara, dipunmangertosi bilih iwak punika minangka panjalmaning Déwa Wisnu. Wonten ing versi sanès, iwak punika dipunbekta wonten ing samudera. Iwak mau piyambak ngaturaken kabar bilih wonten ing bumi badhé kaadanan banjir ageng 7 dinten. Iwak mau nyuwun supados Raja damel bahtera ageng kanggé nylametaken piyambakipun saking banjir ageng, saha ngisi bahtera mau kanthi manéka makluk hidup ingkang saben jinising cacahipun satunggal pasang (jaler kaliyan èstri, sarta mbekta usada, tetedhan, winih sadaya jinis tetuwuhan, saha ngajak Saptaresi (tujuh nabi). Iwak mau ugi nambahaken bilih sabibaripun banjir ageng, kasuwun supados bahtera mau dipuniket wonten ing tanduk sang iwak kanthi naga Basuki minangka talinipun. Sabibaripun paring pesen, iwak ajaib wau lajeng ical.[4][5]

Miturut Matsyapurana, satunggal atus taun salajengipun, katiga ingkang ageng nglanda bumi. Kathah makluk ingkang mati kirang pangan. Lajeng, langit dipunkebaki déning 7 jinis awan ingkang nyiramaken jawah. Kanthi rikat, tirta ingkang kasiramaken ngebaki darata ing bumi. Amargi Waiwaswata Manu sampun damel bahtera kados ingkang dipunsuwun déning awatara Wisnu, saéngga belia kaliyan para pangikutipun slamet saking bencana banjir.[6]

Cathetan suku

besut
  1. Ida Rsi Dvijawani. (2003). Matsya Awatara. Jakarta: Penerbit Pustaka Mitra Jaya.
  2. [blog-indonesia.com/blog-archive-10848-443.html](dipunundhuh tanggal 29 Oktober 2012)
  3. [1](dipunundhuh tanggal 29 Oktober 2012)
  4. [2](dipunundhuh tanggal 29 Oktober 2012)
  5. Dharam Vir Singh (Alih Basa Déning I. G. A. Dewi Paramitha, S. S. (2006). Hinduisme Sebuah PengantarISBN 978-979-722-399-1. Surabaya: Penerbit Paramita.
  6. I Ketut Sukartha, dkk. (2003). Agama Hindu untuk SLTP Kelas 3ISBN 979-571-020-6 (jilid 1). Denpasar: Penerbit Ganeca Exact.

Ugi pirsani

besut
Matsya
Sebelumnya:
{{{sadurungé}}}
Awatara Wisnu
kapisan
Berikutnya:
{{{sawisé}}}
Awatara Wisnu  
Matsya | Kurma | Waraha | Narasinga | Wamana | Parasurama | Rama | Kresna | Baladewa (Balarama) | Buddha | Kalki