Nuh (Ibrani: נוֹחַ, Nūḥ; Tiberias: נֹחַ; Arab: نوح) (kurang luwih 3993-3043 SM) ya iku rasul kang dicaritakake ing sajeroning Torèt, Alkitab, lan Al-Quran.Nuh diangkat dadi nabi ing taun 3650 SM. Minangka urip ing laladan kidul Irak modhèren. Panjenengané sinebutake kaping 58 ing 48 ayat kang ana ing 9 buku Alkitab Terjemahan Anyar[1] lan 43 kali sajeroning Al-Quran.

Gambar bahtera Nuh

Miturut Al-Qur'an, panjenengané duwé anak lanang 4 ya iku Kanʻān, Sem, Ham, lan Yafet. Nanging ing Alkitab mung nyathet, dhèwèké duwé anak 3 lanang: Sem, Ham, lan Yafet. Kitab Purwaning Dumadi nyatet, nalika jamané ana kedadéan banjir kang nutupi bumi; mung dhèwèké sakkulawarga (garwane, anaké telu lan mantune telu) lan kéwan-kéwan kang ana ing baita Nuh kang slamet saka banjir mau. Sawisé banjir surut, kulawarga Nuh me-repopulasi bumi.[2]

Baita NuhBesut

Puluhan taun Nuh dakwah, nanging umaté ora gelem mèlu ajarané lan tetep nyembah brahala. Malah asring nganiaya lan pangikute. Amarga iku Nuh nyuwu Allah supaya maringi azab kanggo umate kang nyembah brahala. Banjur ana ing carita mau Allah ngabulake panjaluke Nuh. Allah banjur mrentah Nuh supaya gawé baita supaya umate kang duwé iman slamet.

RujukanBesut

Pranala njabaBesut


Cithakan:Link FA