Beksan Wireng ya iku jogèd kang nggambaraké perang utawa latihan perang lan njupuk tema keprajuritan.[1] Wireng minangka genre jogèd kanggo wong lanang kang dirembakakake ing Surakarta utawa Yogyakarta.[2] Ing Yogyakarta, genre iki diarani beksan. Istilah beksan iki dibédakaké karo beksa kang tegesé jogèd. Jogèd wireng minangka jogèd kang diilhami saka prastawa nalika prejurit gladhèn olah kaprigelan anggoné nggawa gegaman ing ngarsané Ratu utawa Rajané. Gerakan-obahan Jogèd Wireng sumberé saka obahan pencak silat.

Ciri-ciri besut

Wireng utawa beksan ditandhani kaya mangkene:[2]

  1. kang nari iku wong lanang kabèh
  2. cacahé penari genep
  3. duwé telung pérangan jogèd ya iku maju beksa, inti beksa, lan mundur beksa.

Saben-saben pérangan ditandhani déning owahing komposisi gendhing utawa karawitan pangiringe.[2] Inti beksa nggambaraké paaprangan.[2] Ing pérangan iki, wujud prang gendhing, ya iku pérangan kang diiringi gendhing kang ajeg ing sajeroning irama biyasa (normal).[2] Tegesé, irama gendhing ora dirikataké utawa nganggo jinising komposisi imbal.[2]

Wujud Jogèd Wireng besut

Wataking kang digarap kanggo wireng bisa saka beksa alusan, gagahan, utawa campuran.[2] Tuladhané wireng Sala ya iku Dadap, Karna Tandhing, Bandayudha, lan Bandhabaya.[2] Déné beksan Yogya tuladhané Lawung, Eteng, lan Golek Menak.[2]
Jogèd-jogèd kaprajuritan utawa jogèd wireng liya tuladhané:[1]

  • Jogèd Bambangan Cakil
  • Anoman Cakil
  • Lesmana-Indrajit
  • Sancaya Kusuma Wiracrita
  • Prawira Watang
  • Eko Prawira
  • Topeng Sekartaji
  • Bogis Kembar
  • Klono Jayengsari
  • Srimpi Anglirmendung
  • Prajuritan Putri
  • Sodoran

Cathetan suku besut

  1. a b Supriyanto, Mathias.2010.Pencak Silat Dalam Tari Wireng Surakarta.Jurnal Humaniora Volume 22 No.2 Juni 2010 Kaca 176-182[pranala mati permanèn]
  2. a b c d e f g h i Sedyawati, Edi. 1981. Pertumbuhan Seni Pertunjukan. Jakarta: Sinar Harapan. Kaca 6.