Tuduhaké menu pokok

Cao utawa Cincau (Hanzi: 仙草, pinyin: xiancao) ya iku gèl kang mèmper ager-ager.[1] Cao digawé saka cem-ceman godhong tuwuhan cao.[1] Gèl dumadi awit godhong tuwuhan iku ngandhut karbohidrat kang bisa ngiket molekul-molekul banyu.[1]

Cao
Grass jelly es cincau hijau.jpg
Cao kang disajekake ana ing gelas
Panggonan asal Asia Tenggara
Woworan pokok Godhong Cao
Buku masakan: Cao  Médhia: Cao
Cao ireng

Tembung cao asalé saka dialék Hokkian sienchau (Hanzi: 仙草, pinyin: xiancao) kang lumrahé diunékaké wong Tionghoa ing Asia Tenggara.[1] Cao dhéwé ing basa asalé sabenere ya iku jeneng tuwuhan (Mesona spp.) kang dadi bahan kanggo nggawé gel iki.[1]

Cao paling akèh digunakaké dadi bahan kanggo nggawé ombènan kaya ta ès cao utawa ès campur.[1] Cao uga nduwéni éfék penyejuk lan peluruh.[1]

Isi

Carané nggawéBesut

Cara nggawé cao kang sepisanan ya iku kanthi ngrendhem godhong cao kang wis diremes-remes utawa diajurké.[1] Ana uga kang nggunakaké kanthi cara nggodhog godhong cao dhisik.[1] Sawisé iku banjur diwénéhi soda kué.[1] Soda kué iki gunané kanggo ngawétaké.[1] Werna cao akèh macemé, ana kang nduwéni warna ijo kenthel, ireng transparan.[1] Konsistensiné uga warna-warna.[1] Werna lan konsistensi iki béda-béda awit tuwuhan kang dianggo nggawé uga béda-béda.[1]

Tuwuhan kang ngasilaké caoBesut

Tuwuhan kang ngasilaké cao ya iku:

"Woh" botani dudu woh nanging syconia Ficus pumila (fikus rambat) ing Tiongkok uga digunakaké dadi bahan jinis cao liyané kang diarani "pai-liang-fen"[2] Woh iki didol dadi grass jelly kaya cao utawa ai-yu jelly.[2]

Cao ijoBesut

Tuwuhan cao ijo (C. barbata Myers.) mrambat, godhongé nduwéni warna ijo pucet lan ana rambuté ing dhuwur godhong.[3] Saliyané ngasilaké cao, ékstrak tuwuhan iki uga ngandhut zat anti-protozoa, tetrandine, ya iku alkaloid, mligi marang jalaran malaria Plasmodium falciparum.[3]

Cathetan sukuBesut

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q iptek.net.id(dipunundhuh tanggal 28 Juni 2011)
  2. a b waynesword.palomar.edu(dipunundhuh tanggal 28 Juni 2011)
  3. a b unibas.ch(dipunundhuh tanggal 28 Juni 2011)