Coro

salah sawijining serangga
Coro
Blaberus giganteus
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Arthropoda
Klas: Insecta
Subklas: Pterygota
Infraklas: Neoptera
Superordho: Dictyoptera
Ordho: Blattodea
Famili
Blaberidae
Blattellidae
Blattidae
Cryptocercidae
Polyphagidae
Nocticolidae

Coro kalebu gegremet utawa kéwan kang diwedèni, ora amarga rupaé kang medèni nanging amarga coro ndadèkaké panggonan reged lan ora séhat.[1] Coro kalebu kéwan kang tuwa dhéwé ing donya kang asalé saka jaman purba.[1] Coro duwé habitat mèh ing saindenging donya kajaba kutub utara.[1] Coro duwé awak kang bisa tahan ing warna-warna kaanan lan bisa lumayu kanthi lincah.[1] Kéwan coro iki jinisé akèh, kurang luwih nganti éwonan spésies.[1]

Coro utawa sok diarani sajeroning basa Indonésia karan jeneng kecoa iku kagolong jinis insèkta saka ordo Blattodea kurang luwih ana 3.500 spesiés saka 6 familia. Andini Maulida Rachma, mahasiswa Ekonomi Pembangunan Universitas Airlangga, mratelakake yen Coro minangka hama sing invasif utawa ngganggu.[2] Coro bisa urip ana ing tlatah donya ing bumi iki mligi iklim tropis, nanging ora bisa urip ana ning tlatah kutub utawa panggonan kang adhem (anyep/anyes), apa manèh mangsa adhem amarga ora bisa gawé anget awaké.[2] Coro lumrahé urip ana ing panggonan kang lembab lan reged, kaya ta: larahan, gudhang, lemari klambi, kandhang sapi, bèbèk pitik lan ing tumpukan gombal-gombal amoh (sandhangan tilas).[2]

Ing antara spesiés kang paling misuwur ya iku coro Amérika, Periplaneta americana, kang duwé dawa 3 cm, kecoa Jerman, Blattella germanica, dawané ±1½ cm, lan kecoa Asia, Blattella asahinai, dawané kurang luwéh 1½ cm.[2] Coro asring dianggep ama ing yasan, kandhang, kamar, pawon.[2] Coro urip ing donya wis 300 taun kapungkur. Coro nduwé jeneng liya lipas kang asring dikelompokaké karo jangkrik (Ordho Orthoptera) utawa walang.[3] Coro kang akèh urip ing pemukiman ya iku Periplaneta americana (kecoa amerika) dan Blatella germanica (kecoa jerman), Periplaneta australasiae (kecoa australia), P. brunnea (kecoa coklat), Neostylopyga rombifolia, Nauphoeta cinerea dan Symploce sp, sanajan keberadaannya jarang.[3]

Dasanama

besut

Dasanamane kecoa:[1]

  1. Kecoa
  2. Roach
  3. Cockroach
  4. Lipas

Coro kéwan kang diwedéni

besut

Panyebab kang ndadékaké coro dadi kéwan kang diwedéni ya iku:[1]

  • Rusoh utawa kotor, awit coro uripé ing panggonan kang lembab lan peteng, kaya ta got, sampah, ngisor lemari. Coro uga marakake lelara.
  • Sikilé landhep.
  • Lumakuné rikat lan kesit.
  • Werna utawa kelire peteng.
  • Mripaté siji, uga nduwé anténa kang gawé keri.
  • Mangané regedan utawa sampah lan panganan bosok nganti garing.
  • Ngetokaké kotoran lan ngendhog ing saenggon-enggon kang angél tinemu.

Mateni coro

besut

Cara matèni cara antarané:[1]

  1. Disemprot obat utawa insèktisida anti gegremet.
  2. Nganggo kapur anti kecoa lan semut.
  3. Nganggo lém tikus.
  4. Dijebak nganggo jebakan kecoa.
  5. Dikepruk nganggo kayu lan dipecak nganggo sikil.

Béda panggonan béda jinis

besut

Coro jinisé dibedakaké manut karo awaké.[2] Coro kang ana ing omah-omah lumrahé dibedakaké dadi loro ya iku coro amerika/ American cockroach (periplaneta Americana) lan coro Jerman/German cockroach (Blattela Germanica).[2] Coro amerika lumrahé urip ing papan kang peteng lan lembab, déné coro jerman seneng uruip ing panggonan kang akèh panganane kaya ta pawon, lemari makan utawa plafon omah.[2]

Otak Coro Ngandhut Antibiotik

besut

Nadyan kéwan iki dianggep kéwan kotor, nanging para ilmuwan bisa manfaatké kéwan iki.[4] Daily Mail nguji lan nemu yèn ing jaringan utek lan sistem saraf gegremet bisa maténi 90 persèn luwih infeksi MRSA lan E-coli tanpa maténi sèl manungsa.[4]

Simon Lee, peneliti saka pascasarjana University of Nottingham ngandaraké yèn coro nduwé sipat antibiotik kang kuwat sawisé nemu 9 molekul kang béda ing jaringan awaké coro kang bisa maténi baktèri.[4] Miturut Kee antibiotik iki bisa kanggo alternatif kanggo obat amarga ora ana efek sampingé, béda kaya obat-obat saiki kang duwé efek samping.[5]

Struktur Awak Coro

besut

Awak coro dhapuré oval utawa lonjong (pipih dorsoventral, ukurané kurang luwih 1–5 cm. Coro nduwé lapisan kulit luar kang diarani integumen.[3] Integumen iku kulit kaya elar kang alus lan wernane coklat nom utawa tuwa, kulit iki manggon ing awaké coro kang paling njaba.[3] Coro nduwé sikil kang kuwat lan nduwé sapasang anténa, uga cangkem kanthi untu geraham kang kuwat.[3] Lar utawa sayape ana rong pasang, lar kang kapindho iki kalebu lar kang kuwat, déné pasangan lar kapisan gunané kanggo nglindungi lar kang diaranitègmina.[[Tègmina luwih kaku lan kuwat kang bisa njaga awak saka dehidrasi.[3]

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e f g h [1](dipunundhuh tanggal 5 April 2011)
  2. a b c d e f g h [2](dipunundhuh tanggal 6 April 2011)
  3. a b c d e f [3](dipunundhuh tanggal 6 April 2011)
  4. a b c [4](dipunundhuh tanggal 6 April 2011)
  5. [5](dipunundhuh tanggal 6 April 2011)

Pranala njaba

besut