Pawon kanthi barès tegesé siji panggonan, lumrahé ing jero omah kanggo aktivitas ngolah lan nyadiakaké bahan panganan utawa pangan. Aktivitas iki diarani olah-olah utawa masak. Nanging tembung pawon bisa uga tegesé aktivitas iki, utawa asil saka aktivitas iki yaiku panganan.

Sawijining pawon modhèren
Pawon ing laladan Priangan ing taun 1920

Wangun pawon besut

Kanthi tuwuhing budaya lan teknologi, wangun pawon tansah owah. Perencanaan pawon modhèren saiki mèlu prinsip segitelu sing nyatakaké yèn 3 fungsi utama pawon yaiku panyimpenan (kaya kulkas), persiapan, lan masak. Prinsip iki nandhesaké supaya antara ktelu fungsi mau, ora silih ngalangi nanging uga let antara kaloroné ora pati adoh. Sawetara wangun pawon sing umum yaiku

  • Kabèh fungsi ing dhuwur dipasang ing siji témbok saéngga segitiga iku dadi garis. Wangun iki kurang èfèktif nanging ngirit panggonan.
  • Wangun liya fungsi ing dhuwur, yaiku dipasang ing loro témbok sing adhep-adhepan.
  • Wangun pawon L, yaiku piranti-piranti pawon dipasang ing pojoking rong témbok.
  • Wangun pawon U, yaiku mangon ing telung témbok.

Anakalané, pawon uga duwé papan kanggo mangan utawa sarapan.

Masakan pawon besut

Akeh masakan sing dhadi pangane wong Jawa wiwit jaman kalabendhu. Pramila, kaca iki nyoba mitulungi panjenengan sakabeh kanggo ngangkat masakan Tanah Jawa. tembung Pawon sajatiné nduwé arti "panggonan kanggo masak", yèn ing basa Indonésia yaiku dapur.

Koki besut

Tukang masak mbutuhake mung katrampilan praktis kanggo nyiapake sajian tartamtu, nanging uga kawruh teoretik jero babagan organisasi produksi panganan, karakteristik produk.[1]

Panganan besut

Masakan Jawa besut

Masakan Padhang besut

Masakan Manado besut

Masakan Cina besut

Masakan Jepang besut

Cathetan besut

  1. "Pakaryan koki".

Deleng uga besut