Gudheg

panganan khas Yogyakarta lan Jawa Tengah
(Kaelih saka Sega Gudheg)
     

Gudheg punika dhaharan khas saking Provinsi Yogyakarta lan Jawi Tengah, ingkang dipundamel saking gori (nangka ingkang taksih enèm), dipunkekep kaliyan ron jati lan dipungodhog nganggé uyah, moto, kluwek lan bumbu sanèsipun. Dipunbetahaken wekdal ingkang dangu kanggé masak gudheg. Werni coklat limrahipun dipunasilaken saking ron jati ingkang dipunmasak sesarengan. Gudheg dipundhahar nganggé sekul lan dipunsajèkaken nganggé duduh santen kenthel (arèh), ayam kampung, tigan, tahu lan sambel gorèng krècèk.

Sekul gudheg
Bakul gudheg ing Surakarta
Resep bumbu gudeg

Asal usul

besut

Ing Jawa Tengah, ana legenda sing ngubungake asal-usul Gudeg lan Kasultanan Mataram ing pungkasan abad kaping 16. Kacarita nalika semana para pejuang sing ngresiki alas kanggo pambangunan ibukutha negara anyar ing wilayah Yogyakarta ora nampa pasokan panganan sing cukup. Sauntara mung wit nangka lan klapa sing tuwuh subur ing alas. Nalika isih enom, nangka iku ora bisa dipangan mentah, angka enom kasebut banjur ing santen ing panci logam gedhe lan diaduk nganggo papan kayu, ing basa Jawa rikala iku cara masak kasebut kasebut hangudek. Saka tembung kasebut miturut legenda, dadi asal jeneng panganan sing ditemokake dening prajurit Mataram iki, "Gudheg".[1]

Wonten warni-warni varian gudheg, ing antawisipun:

  • Gudheg garing, inggih punika gudheg ingkang dipunsajèkaken nganggé arèh kenthel, langkung kenthel tinimbang santen wonten ing masakan padang.
  • Gudheg teles, inggih punika gudheg ingkang dipunsajèkaken nganggé arèh èncèr.
  • Gudheg Sala, inggih punika gudheg ingkang arèhipun warni pethak.

Adatipun ing Jawi Tengah sajawinipun Yogyakarta, ugi nganggé tambahan ron ketéla pohung.

Caranipun nyajèkaken gudheg

besut

Gudheg biyasa dipunsajèkaken kaliyan tigan pindhang, témpé bacem, tahu bacem, sambel goreng krècèk ingkang dipundamel saking kulit lembu utawi ugi wonten ingkang dipunsajèkaken kaliyan ayam goreng kalasan[2]. Wadhah kanggé nyajèkaken gudheg ugi manéka warna, antawisipun tampah alit saking pring, wadhah kendil utawi piring kados dedhaharan liya[3].

Uga delengen

besut

Cathetan suku

besut
  1. Sri Anindiati Nursastri (2016-11-16). "Asal-usul Gudeg dan Kisah Tentang Prajurit Mataram" (ing basa Indonesia). Kompas. Dibukak ing 2018-04-13.
  2. bebasbicara.indonesianforum.net
  3. "jalanasik.com". Diarsip saka sing asli ing 2011-10-19. Dibukak ing 2011-06-02.