Pitik

(Kaelih saka Ayam)
Pitik
Pitik jago lan babon

ꦥꦶꦠꦶꦏ꧀ꦗꦒꦺꦴ ꦧꦧꦺꦴꦤ꧀

Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Aves
Ordho: Galliformes
Famili: Phasianidae
Génus: Gallus
Spésies: G. gallus
Subspésies: G. g. domesticus
Trinomial name
Gallus gallus domesticus

Pitik ingon (Aksara Jawa: ꦥꦶꦠꦶꦏ꧀ ) (Basa krama: ayam; Latin: Gallus gallus domesticus) iku wangsa manuk kang lumrah diingu wong kang digunakaké kanggo kapreluan urip wong kang ngingu. Pitik ingon (sabanjuré dicekak "pitik" waé) wujud tedhak turun langsung saka salah sawiji bagapapligi (Ind: subspesies) pitik alas kang ditepungi minangka pitik alas abang (Gallus gallus) utawa pitik bangkiwa (bankiva fowl). Kawin silang antarané pitik wis ngasilaké atusan galur unggul utawa galur murni kanthi guna kang warna-warna; kang paling lumrah ya iku pitik beleh (kanggo dibeleh) lan pitik pangendhog (kanggo dijupuk endhogé). Pitik lumrah bisa uga dikawin silang karo sanak cedhaké, pitik alas ijo, kang ngasilaké silangan gabug kang jagoné ditepungi minangka pitik bekisar.

Kanthi populasi punjul 24 milyar ing taun 2003, Firefly's Bird Encyclopaedia nélakaké ana luwih akèh pitik ing donya iki tinimbang manuk liyané. Pitik nyepakaké loro kaperlon pokok pangan manungsa minangka sumber protéin: daging pitik lan endhog.

Jiwawidya lan Jiwasana

besut

Pitik dipracaya para juru widya yen wiwitané saka parilulut (Ind: domestikasi) pitik alas abang (pitik bangkiwa, Gallus gallus) kang urip ing India. Sanadyan mangkono, pangujian molekular nuduhaké kamungelan sumbangan plasma nutpah saka G. sonneratii, amarga pitik alas abang ora duwé sipat kulit warna kuning kang dadi salah siji ciri pitik ingon.

Pitik nuduhaké béda rupawidya (Ind: morfologi) ing antarané rong jinis purusa utawa dwirupatantra purusajati(Ing: sexual dimorphism). Pitik lanang (jago, rooster) luwih anêngsêmake, kanthi ukuran luwih gedhé, duwé jalu dawa, duwé jengger luwih gedhé, lan wulu buntuté dawa anglewer. Pitik wadon (babon, hen) rada cilik ukurané, jalu cendhak utawa mèh ora katon, duwé jengger cilik, lan wulu buntut cendhak.

Minangka kéwan ingon, pitik bisa mèlu ing ngendi waé manungsa gawa. Kéwan iki adaptif banget lan bisa dikandhakaké bisa urip ing sabarang papan, anggere cepak pangan kanggo pitik mau. Amarga akèh pitik ingon wis kèlangan kakuwatane kanggo mabur kang apik, pitik luwih akèh ngentèkaké wektu ing lemah utawa sok-sok ing wit.

Pitik ukurané cilik sok-sok dipangan déning wangsa manuk pamangsa, kaya ta garudha.

 
Endhog pitik.
 
Pitik jago kang lagi kluruk ésuk-ésuk

Jinis-jinisé

besut

Amarga pitik kalebu wangsa manuk ingon sinuka (Ind: populer) lan murah, añjedhul warna-warna têtêmbungan pligi amarga parigawe (Ind: kegiatan) ing patangkaran lan patrênakan pitik.

Miturut Guna

Miturut gunané, wong nepungi

  • pitik beleh (broiler), kanggo dimupangataké iwaké;
  • pitik pangendhog (layer), kanggo dimupangataké endhogé;
  • pitik klangênan (pet), kanggo diumbar ing kebon/taman utawa dingu sajeroning kurungan amarga èdining sawangan utawa swarané (contoné pitik katé lan pitik pelung; pitik bekisar bisa uga digolongaké ing kéné sanadyan dudu pitik ingon atêmên);
  • pitik adon, kanggo didadèkaké dolanan adu pitik.

Têmbung Indhonesiyah ayam sayur digunakaké kanggo pitik kampung utawa pitik adon kang kerep kalah, lan ora disisihpilihake kanthi mirunggan minangka pitik beleh.

Miturut ras

Ana sapérangan ras laladaning pitik amarga parigawe parilulut lan sisih pilih (Ind: seleksi) kanggo sipat/sawangan tartamtu, kaya déné

  • pitik pelung, ras lokal lan unggul saka Priangan (Kabupatèn Cianjur) kang kluruké mligi (dawa lan larasé ambedani), kalebu pitik klangenan;
  • pitik Kedhu cemani, ras laladan lan mulya saka tlatah Kedhu kanthi ciri kas warna ireng thuntheng nganti cucuk lan iwaké, kalebu pitik beleh lan pitik klangenan;
  • pitik Nunukan, ras lokal lan mulya saka Nunukan, Kalimantan Wétan, kanthi wangun badan adêgeg lan ukuran gedhé, tedhak turuning pitik adon, kalebu pitik beleh lan klangenan;

Ana uga sapérangan tetembungan pligi kanggo angarani sawangan fenotipe tartamtu, nanging sipat iku ora lumebu sajeroning ras tartamtu, kaya déné

  • pitik walik, pitik kanthi wulu kang ora nutupi badan nanging njegrak;
  • pitik Bali, pitik mawa gulu tanpa wulu lan jambul ing endhasé, saiki wiwit ditangkaraké murni.
 
Pitik "bantam", sawijining ras murni saparo katé kasil sisih pilih
  • pitik katé, tembung lumrah kanggo pitik kanthi ukuran cilik (pibandhing dawané sikil karo ukuran badan luwih cilik tinimbang pitik lumrah), ana warna-warna ras laladan lan ras murni sisih pilih kang kalebu golongan iki.

Pirsani uga

besut