Pitik alas abang

jenise manuk
Pitik alas abang
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Aves
Ordho: Galliformes
Famili: Phasianidae
Génus: Gallus
Spésies: G. gallus
Jeneng binomial
Gallus gallus
(Linnaeus, 1758)
Gallus gallus

Pitik alas abang utawa kanthi widyanama Gallus gallus iku sajinis manuk kanthi ukuran sedheng, dawané watara 78 cm, saka suku Phasianidae. Pitik wadon ukurané luwih cilik, dawané watara 46 cm. Pitik alas lanang duwé wulu-wulu gulu, tengkuk lan mantel sing dawa luncip warna kuning sogan emasan kanthi kulit rai abang, iris coklat, wulu geger ijo peteng lan sisih ngisor awak warna ireng gilap. Ing endhasé ana jènggèr mawa rigi lan glambir warna abang. Buntuté kapérang saka 14 nganti 16 wulu warna ireng ijo wêsen, kanthi wulu tengah buntut sing dawa lan mlengkung mudhun. Sikilé warna klawu ana jaluné siji. Pitik wadon sikilé ora ana jaluné, wulu-wuluné cendhak, warna sogan tuwa semu kuning mawa garis-garis lan totol peteng.

Pitik-alas abang kasebar wiyar ing alas tropis lan dhataran asor ing nuswabaga Asia, saka Himalaya, Républik Rakyat Cina kidul, Asia Kidul-Wétan, tekan Sumatra lan Jawa. Ana lima bagapapligi (Ind: subspesies) sing ditepungi. Ing Indonésia, bagapapligu G. g. bankiva tinemu ing Jawa, Bali lan Sumatra.

Pitik-alas abang urip nglumpuk, pitik lanang karo sapérangan pitik wadon. Ing ésuk lan soré, pitik metu anggolèk pangan ing salumahing lemah. Pakan pitik-alas abang kapérang saka warna-warna wiji tutuwuhan, pucuk suket lan gegodhongan, gegremet sarta warna-warna jinis kéwan cilik.

Pitik wadon racaké netesaké watara limang nganti enem endhog warna sogan enom pucet utawa sogan semu abang. Anak pitik bisa mabur sawisé umur saminggu.

Pitik-alas abang dipracaya minangka luluhur saka pitik ingon. Wiwit kapan pitik-alas iki diparilulutake (Ind: didomestifikasi) ora cetha. Nanging, pitik-pitik iku diternakaké wiwit peradaban Lembah Indus watara 5.000 taun kapungkur.

Salah sawiji manuk sing paling akèh ditemoni lan diternakaké, pitik-alas abang diévaluasikaké minangka kanthi résiko asor sajeroning IUCN Red List.

Pranala njaba

besut