Pitik alas
Pitik Alas | |
---|---|
Pitik alas abang Gallus gallus
ꦥꦠꦶꦏ꧀ꦲꦭꦱ꧀ꦲꦧꦁ | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Aves |
Ordho: | Galliformes |
Famili: | Phasianidae |
Génus: | Gallus Brisson, 1766 |
Spesies | |
|
Pitik alas (Aksara Jawa: ꦥꦠꦶꦏ꧀ꦲꦭꦱ꧀ ꧈ ꦥꦶꦠꦶꦏ꧀ ꦲꦭꦱ꧀ ) iku jeneng umum kanggo jinis-jinis pitik alasan kang urip ing alas. Ing basa Madura ajem alas lan ing basa Inggris junglefowl; kabèh ngrujuk ing papan uripé lan sifaté kang alasan.
Pitik-pitik iki saka segi wangun awak lan prilaku sarupa banget karo pitik-pitik ingon, amarga pancèn wujud leluhur saka pitik ingon. Jantan karo wadon béda wangun awaké, warna lan ukurané (dimorfisme sèksual, sexual dimorphism). Pitik alas lanang duwé wulu kang manéka warna lan éndah, béda karo pitik betinané kang cenderung duwé warna monoton lan kusem.
Rupa jinis lan Penyebaran
besutKabèh, ana patang spésies pitik alas kang nyebar wiwit saka India, Sri Lanka nganti Asia Kidul-Wétan kalebu Kapuloan Nusantara. Papat spésies iku:
- Pitik alas abang, Gallus gallus
- Pitik-alas Srilangka, Gallus lafayetii
- Pitik-alas klawu, Gallus sonneratii
- Pitik-alas ijo, Gallus varius
Rong jinis ana ing Indonésia, nyebar alami mligi ing pérangan kulon kapuloan. Rong jinis pitik iku: (1) Pitik-alas abang, kang seneng pérangan alas kang rélatif katutup; lan (2) Pitik-alas ijo, kang luwih seneng alas-alas kabukak lan tlatah mawa bukit-bukit.
Kabiasaan
besutPitik alas iku mangan apa waé, sanajan cenderung minangka pamangan wiji-wijian. Nanging kaya déné pitik lumrahé, pitik alas uga mangan pucuk-pucuk suket, gegremet lan manéka kéwan cilik kang ditemoni.
Manuk iki racaké urip pasangan utawa sajeroning kelompok cilik. Turu ing dhuwur pang perdu utawa semak, ora adoh banget saka dhuwur lemah. Nalika usum ngendhog, wadon gawé susuh prasaja ing sadhuwuré lemah lan ngengkremi endhogé nganti netes. Anak-anak pitik alas dimong déning baboné.
Ora kaya pitik ingon, pitik alas pinter mabur; ora suwé sawisé ninggal susuh papané netes.
Dhomèstikasi
besutPitik alas wujud salah siji jinis unggas kang wis didhomèstikasi manungsa wiwit èwonan taun kapungkur. Pitik alas abang dikawruhi minangka nenek-moyang langsung saka anéka jinis pitik ingon. Éwadéné pasilangan pitik alas ijo karo pitik ingon ngasilaké pitik bekisar, kang misuwur banget ing Jawa Wétan amarga swara kluruké kang apik lan wuluné kang éndah.
Pitik alas sajeroning dongèng
besutSapérangan carita rakyat tradhisional nampilaké pitik alas minangka salah siji tokohé. Dongèng rakyat kaya déné Ciung Wanara saka tlatah Sunda, utawa vèrsi Jawané kang mawa judhul Panji Laras utawa Cinde Laras, nyritakaké tokoh baku kang duwé pitik jago utawa pitik alas jago kang pinter tarung lan kluruk.
Lan kluruké iku dudu kluruk biyasa, nanging isi carita ngenani nasib bendarané iku. Minangka conto, kluruké pitik jago Ciung Wanara muni:
- Blak ! Blak ! kukuruyuuuuk
- “Bapa raja Ibu uga ratu !
- Suwé kandhutan setaun !
- Paraji ibu ratu !
- Sanajan manis nanging madu !”
- Kanthi wengi mata ditutup !
- Kanthi wengi kuping ditutup !
- Kaloro tangan dibanda !
- Nalika lair sajeroning kandaga kèli !
- Bebarengan sabutir endhog... !
(Saka Ciung Wanara, sawijining carita pantun Sunda, déning Ajip Rosidi. Jakarta: Gunung Agung, 1985)