Déterjèn iku salah sijinè pembersih, sing di wujud saka bahan-bahan turunanè lenga bumi.[1] Katimbang sabun, détergèn duwèni kaluwihan yaiku daya umbahe luwih apik lan ora prabawa saka sadahè banyu.[1]

Detergen

Sajarah Déterjèn

besut

Déterjèn kapisan ana ing taun 1940-an, yaiku uyah natrium saka alkyl hydrogén sulfat.[1] Alkohol rantai dawa di gawé saka penghidrogènan lemak lan lenga.[1] Alkohol rantai dawa iki diréaksino karo asem sulfat lan ngasilakè alkyl hydrogen sulfat sing di nétralno karo basa.[1]

Natrium lauril sulfat détergèn kurang apik, amarga uyahé dumadi saka asem kuat lan nètral. Uyah kalsium lan magnesium ora ngéndép ning jéro larutan, saéngga bisa nganggo banyu lunak utawa banyu sadah.[1]

Ing jaman saiki, bahan sing di enggo yaiku alkil benzenasulfonat rantai lurus. Cara gawénè ana 3 tahap, yaiku Alkèna rantai lurus sing jumlah karbonè 14-14 direaksino karo bènzèna lan katalis Friedel-Craft (AlCl3 atau HF) lan dumadi alkil benzena. Sulfonasi lan penetralan nganggo basa kanggo nyempurnano prosès iki.[1]

Rantai alkil iki luwih apik yèn ora ngepang, amarga Alkil benzenasulfonat sing ngepang sifaté ora bisa didégradasi karo jisim rènik (biodegradable). Nanging taun 1950-an, ana masalah saka panggunané détergèn iki, yaiku ana buih-buih putih ing unit-unit perjenihan, ing kali lan tlaga. Amarga iku, saka taun 1965-an, sing di enggo alkil benzenasulfonat sing ora ngepang. Detregen jinis iki gampang didégradasi nganggo lan ora gampang wujud akumulasi ing pangonan sakiwa-tengené.

Bahan-bahan kabentuke déterjèn

besut

Lumrahé détergèn dumadi saka 3 bahan, yaiku:

Surfakatan

besut

Surfaktan yaiku zat aktif sing duwèni pucuk sing béda yaiku hidrofil (seneng banyu) lan hidrofob (seneng lemak).[2] Surfaktan fungsiné ana gayutané karo sudut kontak sistem pencucian. Surfaktan ana 4 kategori, kaya ta:

  • Anionik:
  1. Alkyl Benzene Sulfonate (ABS)
  2. Linier Alkyl Benzene Sulfonate (LAS)
  3. Alpha Olein Sulfonate (AOS)
  • Kationik: Garam Ammonium
  • Non ionik: Nonyl phenol polyethoxyle
  • Amphoterik: Acyl Ethylenediamines

Builder

besut

Builder duwèni fungsi kanggo ngèfisiènsi surfaktan ing prosès ngilangi reget.[2] Kelebihane sing liyané yaiku ngilangi ion sing nyebabake sadahe banyu lan nyegah ion mau interaksi kari surfaktan.[2] Contohe builder, kaya ta:

  • Zeolit (Na2Ox.Al2O3y.SiO2z.pH2O)
  • Clay
  • Nitrilotriacetic acid
  • Garam nétral

Aditif

besut

Aditif duwé fungsi kanggo ngundhakaké daya cuci. Peningkatan iku wujudé:

  • Ningkataké èfék pembérsih lan pencerah
  • Ningkataké daya kanggo ngilangi régèt
  • Ningkataké daya pembusaan kaya sing diarépakè
  • Ningkataké tingkat kelarutan déterjèn
  • Ningkataké daya dorong marang logam-logam
  • Ngurangi injury (kaya ta iritasi kulit ing manungsa, barang utawa kain, lan mesin)

Rujukan

besut
  1. a b c d e f g Sejarah Deterjen Archived 2012-10-17 at the Wayback Machine.(Dipunundhuh tanggal 29 September 2012)
  2. a b c Detergen[pranala mati permanèn](Dipunundhuh tanggal 29 September 2012)

Pranala njaba

besut