Dodong Djiwapraja

Dodong Djiwapraja ya iku penyair.[1] Dhèwèké lair ana Banyuresmi, Garut, Jawa Kulon ing 25 September 1928.[1] Dodong ya iku wong ahli ukum militèr kang pawiyatané lan dinasé ana militèr taunan kanthi dhisiplin ketat minangka anggota Angkatan Udara Republik Indonesia nganti pènsiun.[2] Kanthi gawan dhisiplin ngèlmu iku, samestiné Dodong dadi pengacara gigih mbéla hak kang beneré anggota militèr nalika ana ing ngarep pengadilan.[2] Nanging, dhèwèké teteg ana pilihané, ngugemi, nresnani, lan ngregani karya sastra dadi penyaluran aspirasiné.[2]

Dodong Djiwapraja
Lair25 September 1928
Banyuresmi, Garut, Jawa Kulon
PakaryanPenyair

Pawiyatan besut

Dodong miwiti pawiyatané saka SD nganti SMA ana Bandung.[1] taun 1951-1952, dhèwèké mèlu pawiyatan ana Fakultas Sastra, Universitas Indonesia, nanging ora tamat.[1] Lumebu Akademi Hukum Militer nganti lulus taun 1960.[1] Banjur nèng Perguruan Tinggi Hukum Militer nganti éntuk gelar sarjana hukum taun 1963.[1]

Pakaryan besut

Dodong naté ngasta ana Penerbit Pustaka Rakyat kang kabawah Sutan Takdir Alisjahbana taun 1949.[1] Ngasta minangka rédhaktur kalawarti akasa taun 1950.[1] Dadi perwira hukum ana Lanuma Husein Sastranegara, Bandung nganti pènsiun taun 1976.[1]

Saurunge pènsiun, Dodong naté ngasta minangka guru SMA IPI Jakarta taun 1953-1958.[1] Anggota Komisi Istilah Seksi Penerbangan taun 1951-1960.[1] Anggota pangurus pléno BMKN taun 1960.[1] Minangka dhosèn luar biyasa Estetika ana Fakultas Sastra, Universitas Indonesia taun 1962-1964.[1][3]

Pungkasan, sawisé pènsiun, dhèwèké dadi dhosèn luar biyasa ana Fakultas Sastra, Universitas Padjadjaran, Bandung taun 1979-1985.[1]

Ana Donya Kasusastran besut

Kawit isih ana ing pawiyatan, uga sawisé, Dodong akèh gawé telaah lan panalitèn ana babagan kasusastran lan kabudayan, mligi kasusastran lan kabudayan Sunda, kang naté diadani déning Proyek Sundanologi.[1] dhèwèké uga naté urun ana panyusunan Ensiklopedi Kebudayaan Sunda kang diprakarsani Ajip Rosidi.[1]

Dodong wiwit nulis geguritan kawit pungkasan 1940, pasè 1948.[3] Geguritané, mligi kang ditulis taun 1948-1972, dipublikasikaké ing manéka kalawarti ana Indonesia, antarané Mimbar Indonesia, Gema Suasana, "Gelanggang" Siasat, lan Budaja Djaja.[3] Déné geguritané kang mutakhir, antarané taun 1973-1994, diemot ana kalawarti Budaya Jaya.[3] Geguritané kang kasebar ana kalawarti kang mandheg terbit iku diklumpukaké lan diterbitaké awujud buku kang irah-irahan Kastalia karo Pustaka Jaya taun 1997.[3] Geguritané, saliyané kasebar ana manéka kalawarti, uga diemot ana Gema Tanah Air taun 1948 susunané H. B. Jassin, Laut Biru Langit Biru taun 1977 disunting déning Ajip Rosidi, lan Tonggak taun 1987 kanti édhitor Linus Suryadi AG..[3]

Cathetan suku besut

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p Dendy Sugono 2003, kc. 101.
  2. a b c Santosa, Puji. "Estetika Sastra: Keindahan Merayap, Menyelinap, lalu Mengendap". Academia.edu. Dibukak ing 3 August 2016.
  3. a b c d e f Dendy Sugono 2003, kc. 102.

Bibliografi besut

  • Dendy Sugono, èd. (2003). Ensiklopedia Sastra Indonesia Modern. Bandung: Remaja Rosdakarya. ISBN 979-692-283-5.

Pranala njaba besut