Endotoksin ya iku toksin nalika baktèri gram négatif wujud lipopolisakarida (LPS) ing membran jaba saka dinding sèl kang nalika keadaan tertentu kanti sipat toksik ing inang tertentu.[1] Lipopolisakarida iki ingaran endotoksin amarga terikat ing baktèri lan dicolake nalika mikroorganisme ngalami lisis utawa pecahé sèl.[1] pira-pira uga dicolaké nalika penggandaan baktèri.[2] Komponèn toksik ing LPS ya iku pérangan lipid utawa lemak, kang ingaran lipd A.[2]. Komponèn lipid A iki dudu struktur makromolekuler tunggal ateges kasususun kompleks saka residu-residu lipid.[2] Endotoksin manung ana ing baktèri gram négatif awujud basil/batang lan kokus lan ora saécara aktif dicolaké saka sèl sarta bisa ngakibataké demam, syok, lan tandha-tandha lliyan.[2]

Struktur umum lipopolisakarida

Endotoksin ya iku LPS sawentara eksotoksin ya iku polipetida; enzim-enzim kang ngasilaké LPS mau dikodekake déning gen-gen ing kromosom baktèri ketimbang plasmid utawa DNA bakteriofage kang racaké ngkode eksotoksin.[2] Toksisitas endotoksin luwih endek ketimbang karo eksotoksin, nanging pira-pira organisme duwé endotoksin kang luwih efektif ketimbang kang liya.[2] Endotoksin ya iku antigen kang lemah lan nginduksi antibodi kanti lemah saéngga ora cocog digunakaké minangka antigen sajrone vaksin.[2] Keberadaan endotoksin tanpa baktèri penghasile wis cukup kanggo nimbulake tandha-tandha keracunan ing inang contoné keracunan pakanan amarga endotoksin kang dikasilake déning baktèri Salmonella.[2][3]

Dampak

besut

Efek biologis saka endotoksin ya iku:

  1. Demam amarga pelepasan makrofag déning interleukin-1 kang beraksi amarga punjer pengaturan témperatur hipotalamus.[2] Saliyané iku, demam uga bisa disebapake amarga endotoksin bisa micu pelepasan protéin pirogen endogen (protéin ing jero sèl) kang ngaruhi punjer pengatur suhu awak ing jero utek.[3]
  2. Hipotensi amarga meningkate permeabilitas pembuluh darah.[2]
  3. Aktivasi jalur alternatif saka jalur komplemen saéngga kadadéan peradangan lan kerusakan jaringan.[2]
  4. Aktivasi makrofag, peningkatan kemampuan fagosit, lan aktivasi saka klon limfosit B kang akèh saéngga ningkatake produksi antibodi.[2]

Efek langsung utawa tak langsung liya saka endotoksin kalebu stimulasi pembentukan sèl granulosit, penggumpalan lan degenerasi saka sèl trombosit.[4]

Sumber

besut

Neisseria meningitidis
N.meningitidis ya iku baktèri gram négatif awujud kokus kanti kapsul polisakarida lan sak orane 13 jinis serotipe kang béda.[5] Endotoksin ing diding sèl N. meningitidis ya iku lipopolisakarida kang meh padha karo liopolisakarida kang ana ing baktèri gram négatif kanti wujud batang.[5]

Haemophilus influenzae
H.influenzae ya iku péranganing mikroflora normal ing pérangan nduwur saluran pernapasan ing manungsa. H.influenzae obah ing antarané sèl-sèl epitel ing saluran pernapasan kanggo nginvasi lan nyebapake lelara.[5] H.influenzae duwé endotoksin kang bisa menyebapake peradangan lan sapérangan diasosiasikan karo kejut septik.[5]

Deteksi dan Eliminasi

besut
 
Limulus Amebocyte Lysate (LAL) kanggo deteksi endotoksin

Deteksi lan eliminasi endotoksin wis dadi masalah bertahun-taun kanggone indhustri farmasi lan piranti-piranti kadhokteran.[1] Contohe pemberian obat kang terkontaminasi;; denig endotoksin bisa nyebapake komplikasi utawa kematian marang pasien.[1] Selain itu, endotoksin uga dadi masalah kanggone wong kang makarya karo kultur sèl lan rekayasa genetika.[1] Mangka iku, dikembangake métodhe kanggo ndeteksi lan mengeliminasi endotoksin.[1] Prosedur mau kudu sensitif banget saéngga bisa ndeteksi endotoksin nganti 0,25 endotoxin unit (E.U.) utawa setara karo 0,025ng/ml.[1] Salah siji prosedur kang paling akurat ya iku uji Limulus amoebocyte lysate (LAL) kang andhedhasar marang observasi pembentukan gel beku sewaktu endotoksin bersentuhan karo protéin pembeku saka amoebocytes Limulus kang bersikulasi.[1] Perangkat uji iki kasusub saka kalsium, enzim propembekuan (proclotting) lan senyawa propenggumpalan/prokoagulan (procoagulan).[1] Enzim proclotting bakal teraktivasi déning endoktoksin lan kasium kanggo membentuk enzim pembeku (clotting enzyme) kang bakal nugel prokoagulan dadi subunit polipeptida (koagulogen).[1] Subunit-subunit mau bakal gabung minangka ikatan disulfida minangka gel beku.[1] Banjur dilakukake métodhe spektrofotometri kanggo ngukur jumlah protéin kang tergumpal ing lisat mau kang ngendi bisa dideteksi nganti 10pg/ml lipopolisakarida.[1][3] Tes iki bisa kanggo ndeteksi endotoksin ing jero serum, cuwèran serebrospinal, wedang, lan cuwèran kanggo injeksi lan obat.[3]

Uga delengen

besut

Cathetan sikil

besut
  1. a b c d e f g h i j k l Prescott LM, Harley JP, Klein DA. 2002. Microbiology 5thedition. Boston: McGraw-Hill.
  2. a b c d e f g h i j k l Levinson W. 2008. Review of Medical Microbiology & Immunology, Tenth Edition. New York: The McGraw-Hill Companies, Inc
  3. a b c d Madigan MT, Martinko JM, Brock TD. 2006. Brock Biology of Microorgnisms. New Jersey: Pearson Prentice Hall.
  4. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng Kayser
  5. a b c d Gandhi M, et al. 2004. Blueprints Notes and Cases Microbiology and Immunology. Malden, Mass: Blackwell Pub.

Pranala njaba

besut