Fénoménologi punika aliran filsafat ingkang ngrengkuh punapa-punapa kados fénomèna. Istilah punika sampun lumrah ing donya filsafat. Ing ngèlmu fénoménologi ingkang dipunslidhik inggih punika kasadaran lan objek-objek kasadaran.[1] Bapak fénoménologi inggih punika Edmund Husserl (1859-1938) lan lantaranipun panjenenganipun, sarana fénoménologi, filsafat kabikak dhumateng donya obyèk.[2] Sedaya bab ing donya wonten fénoménologinipun piyambak-piyambak. Tuladhané inggih punika bab seni, agama, lan sakliyanipun.[1] Fénoménologi ugi magepokan kaliyan èksistènsialisme.[3] Salebeting aliran filsafat punika, fénomèna dipuntepangi sarana osik.[3] Pamanggih fénoménologi ugi lumawan èmpirisme, materialisme, lan rasionalisme.[2] Edmund Husserl gadhah pamanggih bilih pangalaman ingkang sapunika saged dados wiwitanipun fénoménologis sarana sadaya kasadharan.[4] Métode fénoménologi mangpangatipun kanggé èpistemologi, psikologi, antropologi, studi-studi agami, lan ètika.[3]

Edmund Husserl

Cathetan suku besut

  1. a b Bryan Magee (2008). The Story of philosophy. Yogyakarta: Kanisius. kc. 210-211. ISBN 978-979-21-1214-6.
  2. a b Adelbert Snijders (2006). Manusia dan Kebenaran. Yogyakarta: Kanisius. kc. 74-75. ISBN 979-21-1309-6.
  3. a b c Harry Hamersma (2008). Pintu Masuk ke Dunia Filsafat. Yogyakarta: Kanisius. kc. 61-62. ISBN 978-979-413-188-6.
  4. Donald Palmer (2003). Sartre untuk Pemula. Yogyakarta: Kanisius. kc. 35-37. ISBN 979-672-717-X.