Gègèr Sepèi
Gègèr Spèi (tinulis uga Sepoy, Sepèhi) ya iku kedadéan panglurugé wadyabala Inggris ing tanggal 19-20 Juni 1812 marang Kraton Ngayogyakarta.[1] Jeneng Spèi kajupuk saka jeneng saradhadhu Spèi kang digunakaké Inggris nalika semana..
Gègèr Sepèi | |||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|
| |||||||
Péhak kang perang | |||||||
Wadyabala Inggris lan Sepoy Wadyabala Natakusuma lan Tan Jin Sing | Prajurit Kesultanan Yogyakarta | ||||||
Pangarep | |||||||
Thomas Stamford Raffles John Crawfurd Robert Gillespie Mangkunegara II | Sultan Sultan Hamengkubuwana II KRT Sumadiningrat Para kmendhan prajurit kesultanan | ||||||
Kakuwatan | |||||||
<1000 | ~7000 | ||||||
Kurban | |||||||
Pasukan Inggris: |
Tentara Keraton: ? |
Latar mburi
besutSawise walanda teluk lan Hindhia-walanda dadi panguwasané inggris (1811), Sultan Hamengkubuwana II bali jumeneng nata. Déné Pangéran Mangkunegara balik kajumenengaké Adipati Anom sarta agawé bedhamèn marang ramané ing tanggal 5 Novèmber 1811. Nanging tumekané wadyabala Inggris ditampik déning kraton-kraton ing Jawa (Kasultanan Ngayogyakarta lan Kasunanan Surakarta) lan ngadani prajanjèn wadi kanggo mbaléla nyingkiraké bangsa kulit putih. Kaanan kang sansaya panas ndadèkaké John Crawfurd kang dadi Residhèn Inggris ing Ngayogyakarta kepéngin ngadani pirembugan marang Mangkubumi lumantar Pangéran Dipanegara. Inggris nduwèni karep njumenengaké manèh Mangkubumi pinangka sultan amarga dianggep luwih tata lan miturut tinimbang ramané. Déné Sultan Hamengkubuwana II duwé niyat ngganti Adipati Anom marang Mangkudiningrat.[2] Déné putra makutha kariwayataké ing Babad Bedhahing Ngayogyakarta utawa Babad Ngengreng anggitané Bendara Pangéran Harya Panular lan paninjo déning Residèn Valck mratèlakaké menawa putra makutha uga ora duwé niyat ngrebut kuwasa saka kang rama, sanajan keslametanè kaancam déning kang rama. Kuwi sebabè putra makutha tetep ana ing kraton nalika Inggris nyerang.
Lumakuné palagan
besutIng 13 juni, 1812, 1000 prajurit Inggris kang separoné prajurit séwan saka Sepèi[3] lumebu ing Bènteng Vrèderburg kanthi sesidheman. Raffles teka ing Yogyakarta ing tanggal 17 juni 1812. Dina sabanjuré jam lima ésuk, kulawarga Pangéran Natakusuma ngungsi marang bèntèng Walanda, déné para pandhèrèké nganggo tenger gombal putih ing lengen kiwa kanggo tandha marang Inggris. Ing dina iku, wadyabala kang kabawah Raden Harya Sindureja kasil nelukaké prajurit kapaleri Inggris lan dadi siji-sijiné palagan kang dimenangi kraton.
Ing dina iku uga, Raffles ngada-ada Sultan supaya paring panguwasané marang putra makutha kang banjur ditampik déning Sultan. Ing 19 juni 1812, pasukan Inggris wiwit némbakaké meriyem menyang kraton kanggo ngancam, nanging ora digagas déning sultan. Kedadéan ing bastion pojok lor wétan kang ing kono meriyem Kyai Nagarunting njeblug nalika digunakaké, njalari sawatara prajurit saka brigade Setabel, pasukan bala meriyem saka kraton nandang tatu mlosoh. Sawijining gudhang amunisi kang dijaga déning prajurit brigade Bugis uga kalapuraké njeblug marga peluru saka mriem inggris. Palagan utama dumadi ing 20 Juni 1812 kang dimenangi déning Inggris. Ing ésuk dina sabanjuré, wadyabala Inggris lumebu ing kraton migunakaké andha pring kang disiapake déning Kapiten Cina aran Tan Jin Sing. Saliyané iku, plengkung Tarunasura lan régol Pancasura uga dirusak nganggo mriyem. Dredah kuwi njalari pira-pira kulawarga Kraton Yogyakarta nemahi pralaya, kalebu putra mantu sultan (KRT Sumadiningrat, senapati saka kraton) lan Ratu Kedaton. Nalika wadyabala Inggris kasil ngepung kedhaton, Sultan Hamengkubuwana II kang ngagem rasukan sarwa putih banjur pasrah. Kabéh gaman lan ageman sultan dalah sentana dalem dilucuti dening wadyabala inggris. Sultan banjur diarak menyang omah Residhen[4] kang saiki diarani Gedhung Agung.
Pasukan Inggris njarah bandhané kraton kalebu naskah-naskah ana kraton digawa menyang Inggris. Cacah saka teks kang digawa kira-kira luwih saka 7000 besik.[5] Déné kang saiki bisa kalacak mung sapérangan waé, kaya ta kang digawa Kolonèl Colin Mackenzie menyang Benggala taun 1813 cacah 66 besik lan saiki kasimpen ing The Mackenzie Private Collection, cacah 45 besik digawa John Crawfurd lan taun 1842 didol menyang British Mueum lan gurnadur jéndéral Rafflès uga nyekel 55 besik kang sapungkuré banjur diwènèhaké menyang Royal Asiatic Sosiety.[6] Kajaba iku saanané penganggon, gaman, wayang, gamelan ing kraton uga diangkut menyang Benteng Vredeberg nggunakaké kréta lan kuli-kuli. Pusaka aran Kiai Paningset, Kiai Sangkelat, Kiai Urub, Kiai Jingga, Kiai Gupita, Kiai Jaka Piturun lan Kiai Mèsem uga digawa.[7] Nanging, nalika jumenengan Sultan Hamengkubuwana III, pusaka keris dibalekaké manèh menyang kraton.
Asil pungkasan
besutSawisé perang rampung, pangéran AdipatinAnom diangkat dadi Sultan Hamengkubuwana III lan diparenganké mapan ing kraton. Nalika 22 Juni 1812, Raffles ndhapuk Natakusuma minangka Paku Alam I, kang mréntah ing wilayah Pakualaman. Banjur 3 Juli 1812, Sultan Hamengkubuwana II lan putrané cacah loro ya iku Pangeran Mangkudiningrat lan Mertasana dipindhah menyang Semarang lan banjur kakendhangaké menyang Pulo Penang.[8]
Rujukan
besut- ↑ "Mencekam ! Tiga Jam Penuh Darah Saat Takluknya Kraton Yogya di Tangan Inggris - Tribun Jogja". Tribun Jogja (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2018-02-06.
- ↑ "Ketika Inggris Membumihanguskan Keraton Yogya". historia.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2018-02-06.
- ↑ "Kecamuk Pertempuran Inggris dan Keraton Yogyakarta 1812". National Geographic Indonesia (ing basa Indonesia). 2013-11-19. Diarsip saka sing asli ing 2018-02-03. Dibukak ing 2018-02-06.
- ↑ "Tatkala Raffles Menjarah Keraton Yogyakarta". National Geographic Indonesia (ing basa Indonesia). 2013-11-20. Diarsip saka sing asli ing 2018-02-19. Dibukak ing 2018-02-06.
- ↑ ABK. 15 Mei 2012. Sultan Minta Naskah Kuno Keraton Dikembalikan.
- ↑ "Konduring para "pujangga"". Jawacana. 2018-11-01.
- ↑ "Tuah Kutukan Hamengkubuwono I Atas Ambruknya Yogyakarta Dalam Geger Sepoy". Akarasa (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Diarsip saka sing asli ing 2018-02-02. Dibukak ing 2018-02-06.
- ↑ Peter Carey. 2014. Takdir: Riwayat Pangeran Diponegoro (1785-1855). Penerjemah: Bambang Murtianto. Editor: Mulyawan Karim. Jakarta: Penerbit Buku Kompas. ISBN 978-979-709-799-8.