Tuduhaké menu pokok

Kutha Semarang

kutha ing provinsi Jawa Tengah, Indonésia
Kanggo artikel ngenani Kabupatèn Semarang, pirsani Kabupatèn Semarang
Kutha Semarang
Lambang Kota Semarang.jpg
Lambang Kutha Semarang
Pusat Kutha Semarang
Sesanti: "Semarang Setara" ()
Lokasi Kota Semarang.png
Dina Dadi: 2 Mèi 1547
Walikutha: Hendrar Prihadi, S.H.
Wakil Walikutha:
Jembar
 -Total:

373,67 km²
Kacamatan
 -Cacahe:

16 Kacamatan
Padunung
 -Total:
 -Kapadhetan:

+/-2.067.254 (2012)
+/-5.500/ km²
Suku Bangsa: wong Jawa
Agama: Kajawèn, Islam, Protèstan, Katulik, Hindhu lan Buda
Basa: basa Jawa lan basa Indonésia

Kutha Semarang (Jawa: ꦑꦸꦛꦯꦼꦩꦫꦁ) iku kutha krajan Provinsi Jawa Tengah uga kutha gedhé dhéwé ing provinsi iki. Ing Indonésia Kutha Semarang dadi kutha nomer lima kanthi Padunung kang wis tekan 2.067.254 cacah jiwa, mung kalah karo Jakarta, Surabaya, Bandung, lan Medan.[1] Kutha iki dumunung watara 466 km sisih wétan Jakarta, utawa 312 km sisih kuloné Surabaya lan 624 km sisih kidul-kuloné kutha Banjarmasin (via udara).[2] Semarang wewatesan ing sisih lor karo Segara Jawa, ing sisih wétan karo Kabupatèn Demak, ing sisih kidul karo Kabupatèn Semarang lan ing sisih kulon karo Kabupatèn Kendhal.

GéografiBesut

Laladan dataran cendhèk ing kutha Semarang ciut banget, ya iku mung watara 4 kilomèter saka garis pasisir. Dhataran cendhèk iki kaloka kanthi sebutan kutha ngisor. Kawasan kutha ngisor kerep kebanjiran lan ing sawatara kawasan, banjir iki disebabaké lubèran banyu segara (rob). Ing sisih kidul wujud dhataran dhuwur, sing kaloka kanthi sebutan kutha dhuwur, ing antarané kacamatan Candhi, Mijèn, Gunung pati lan Banyumanik.

PamaréntahanBesut

WiyataBesut

Ing kutha Semarang ana sawatara pawiyatan luhur misuwur, antarané:

PariwisataBesut

 
Obyek Wisata Lawang Sewu
  • Semarang duwé kagunan budaya warak ngendhog lan dhugdheran sing dianakaké ngadhepi sasi pasa ramadhan.
  • Semarang duwé brand wisata Semarang pesona Asia sing diwiwiti pertengahan 2007
  • Semarang duwé kutha tuwa Little Netherland sing nyakup kawasan Polder, Stasiun Semarang Tawang, Kreteg berok, Gréja Mblendug lan Lawang Sewu. Saka sajarahé, kutha Semarang ya iku kawasan kang dadi punjer dagang ing abad 18. Kawasan mau saiki dadi kawasan kutha tuwa utawa kutha lama. Wektu iku, kanggo ngamanaké warga lan wewengkoné, mula kawasan iku diyasa bètèng, ya iku bètèng Vijhoek. Kanggo nyepetaké jalur perhubungan antara telu gerbang bètèng, diyasa dalan-dalan perhubungan. Dalan mligi ya iku Heeren Straat kang saiki sinebut dalan Let Jen Oeprapto. Salah sawijiné gerbang kang isih ana nganti saiki ya iku Kreteg Barok, kang sinebut De Zuider Por.
  • Komunitas Tionghoa ing Semarang, liwat pakumpulan Kopi Semawis (Komunitas Pecinan Semarang untuk Pariwisata), nganakaké Pasar Semawis, ya iku pasar malam sing adol warna-warna panganan & olèh-olèh kas Semarang, ing laladan pecinan Semarang (laladan Gang Pinggir).
  • Shopping center ing Semarang antarané:
    • Ciputra Mall ing kawasan Simpang Lima
    • Simpang Lima Plaza ing kawasan Simpang Lima
    • Java Mall ing kawasan Jangli, MT Haryono kanthi pasar Hypermart lan Matahari minangka anchor tenant
    • Sri Ratu Dept Store ing Jalan Pemuda lan kawasan Peterongan MT Haryono
    • Ramayana Dept Store ing kawasan Simpang Lima
    • Ada Dept Store Siliwangi, Majapahit, Setiabudi lan Fatmawati
    • DP Mall kanthi pasar Carrefour sing dumunung ing Jalan Pemuda.
    • Ana uga punjer olèh-olèh ing Jalan Pandhanaran, kaya ta bandeng presto, wingko babat, lunpia, lsp.
  • Hotèl bintang sing misuwur ing Semarang ya iku Grand Candhi, Ciputra, Horizon, Graha Santika, Patra Jasa, Novotel, Gumaya, Ibis.

Carita bab Asal-usule Jeneng SemarangBesut

Jeneng Semarang diparingake déning Ki Ageng Pandan Arang minangka bupati sapisan ing kutha iki.[3] Nalika semana, Kanjeng Bupati lelana nemu wit asem uwohe sethithik utawa arang-arang.[3] Kanjeng Bupati banjur ngendika marang para punggawane mangkene: “Para pandherekku kabèh, seksenana,amarga ing papan iki akèh wit asem, nanging uwohe kok arang, mula iki dakjenengke Semarang”.[3] Saka rong tembung 'asem' lan 'arang'.[3]

Kutha kembarBesut

Liya-liyaBesut

RujukanBesut

  1. Situs wèb Kutha Semarang (diksés tanggal 15 Juni 2011).
  2. Mandala Air tak Naikan Tarif
  3. a b c d Priyantono. (2011). Marsudi Basa lan Sastra Jawa 3. Jakarta: Penerbit Erlangga kaca 14

Uga delengenBesut

Pranala njabaBesut