Gambyong pareanom
Gambyong Pareanom mujudaken salah sawijining beksan Gambyong ingkang wonten ing kraton Mangkunagaran.[1] Beksan punika pinathok ing warni gendéra Mangkunagaran inggih punika ijo lan kuning.[1]
Sajarah
besutBeksan Gambyong mujudaken beksan ingkang wiwitaipun dipunbeksakake déning para taledhek.[1] Beksan iki banjur dibesut déning Kraton Mangkunagaran saéngga dadi beksan kang luwih alus.[1] Miturut tradhisi lésan ing tlatah Pati Gambyong iku jenengane waranggana kang trampil lan prigel anggoné mbeksa.[2] Beksan Gambyong iku wiwitane jogèd rakyat kang dibeksakake denging taledhek lan padatan dianggo ing satengahing bebrayan agung ingaranan tayub.[1] Para taledhek iku mbeksa sinambi nembang.[1] Ing satengahing mebksa lan nembang mau, para taledhek uga ngajak wong-wong lanang sing padha nonton (mligine sing sugih) supaya ''ngibing'' bareng.[1] Sing dadi garapan Kraton Mangkunagaran dudu taledhek kang ngibing bareng wong lanang iku, nanging nalika dhèwèké njoged dhéwé sinambi mincut para wong lanang kang péngin ngibing bareng dhèwèké.[1]. Gandheng garapane bedha saka jogèd asline, gambyong kang dibesut déning Kraton Mangkunagaran ora nganggo nembang manèh, wujudé jogèd uga pinathok déning paugeran-paugeran beksan saka kraton.[1]
Nalika jamane Mangku Nagara V (1881-1896), beksan Gambyong dikirim minangka duta kesenian ing nagari Walanda.[1] Iki pisanan Gambyong disuguhake ing sangarepe “forum bergengsi”.[1] Jebul para ahli lan sutresna budaya ing nagari Walanda remen marang beksan Gambyong. Mulane,wiwit wektu iku Gambyong mesthi disuguhake nalika nyambut tamu-tamu kraton.[1] Nalika paprentahane Mangku Nagara VII (1944-1986), ya iku taun 1950, Gambyong Pareanom digarap déning Nyi Bei Mintararas.[1] Beksan Gambyong Pareanom iku sengaja digarap lan disuguhake ing pahargyan dhauping Gusti R. A. Siti Nurul Kamaril Ngasarati Kusumawardhani kaliyan R. M. Suryasurarsa.[1] Sapunika, Beksan Gambyong Pareanom dipunsuguhaken minangka beksan “sugeng rawuh” kanggé nyambut tamu-tamu ingkang rawuh ing kraton.[1] Kajaba punika,boten namung wonten kraton kemawon, nanging ing papan panggènan pariwisata kados ta Ambarukmo Palace Hotèl ugi asring ngedalaken beksan Gambyong Pareanom kanggé nyambut tamu (sanajan tata busananipun boten sami persis kaliyan gaya Mangkunagaran).[1]
Tata Rias lan Busana
besutSanajan sampun dipunbesut kanthi alus nganggé paugeran-paugeran beksan kraton, ing babagan busana taksih katingal bilih beksan Gambyong punika asalipun saking jogèd rakyat.[1]
Busana ingkang dipunagem nalika mbeksa taksih kagolong prasaja, boten kados busana beksan kraton kados ta Bedhaya lan Srimpi.[1] Busana penari gambyong dipunwastani angkinan utawi kembenan.[3] Penari Gambyong ngagem jarik ingkang dipunwiru ngajeng lan angkin utawi kemben kanggé nutup payudara.[1] Padatan kemben punika corakipun manalagi, nanging kadhang kala gadhah motif nganggé benang mas.[2] Dhadha ingkang nginggil boten katutup kemben, namung wonten kalung kang gumantung. Sampur (lendang) dipunsampiraken ing pundhak sisih tengen.[1][2] Perhiasan ingkang dipunagem inggih punika kalung, subang (suweng), lan gelang.[2] Rikmanipun dipungelung radi wiyar, dipuntutupi harnet, dipasangi cunduk mentul lan cunduk jungkat.[2] Cunduk mentul dipunpasang ing gelungan utawa sanggul, déné cunduk jungkat ing mbun-mbunan.[2] Ing gelung uga dipunparingi roncenan kembang mlathi.[2]
Gambyong Pareanom
besutTata busana beksan Gambyong Pareanom lan beksan Gambyong utawi taledhek namung sami ing bab pangagemipun jarik.[1] Déné sanès-sanèsipun bènten.[1] Penari beksan Gambyong Pareanom nutup jajanipun (payudara) ngagem mekak.[1] Penari beksan Gambyong Pareanom ugi ngagem jamang kados penari Srimpi gaya Mangkunagaran ing mustakanipun.[1] Sampur boten namung dipunsampiraken kados taledhek, nanging dipuniket ing padharan banjur dipunkencengi ngagem sabuk pending.[1] Pucuk-pucuking sampur nggantung ing ngarepan, tiba nganti meh tekan lemah.[1] Gelang ingkang dipunagem boten namung gelang sakwontenipun, nanging ugi ngagem kelat bahu, inggih punika gelang ingkang dipuanagem ing lengen.[1] Kalung lan sumping ingkang dipunagem déning penari Srimpi ugi dipungem déning penari Gambyong Pareanom.[1]
Wujud Jogèd
besutManawi dipuntingali saking busana,boten katingal bilih beksan Gambyong Pareanom sajatosipun beksan saking jogèd rakyat.[1] Nanging manawi dipunjingglengi kathi premati,obahing awak (gerak), rupa jogedipun taksih prasaja lan katingal sanget anggènipun mendhet obahan jogedane taledhek.[1] Bèntenipun, taledhek punika njoged sinambi nembang lan jogedanipun kanthi improvisasi, nanging penari Gambyong Pareanom boten.[1] Penari Gambyong Pareanom kedah manut paugeran-paugeran ingkang sampun dipuntemtokaken déning koreografer lan boten nembang.[1] Beksan Gambyong Surakarta lan beksan Golek Yogyakarta gadhah tema lan koreografi ingkang sami. [4] Beksan Gambyong lan beksan Golek punika kalebet jogèd tunggal, nanging saged dipunsuguhaken kanthi sesarengan, kathah tiyang.[1] Kekalihipun nggambaraken daya tarik wong wadon kang isih enom, nanging beksan Gambyong ngundhang birahi lan mencut wong lanang.[1] Pramila,beksan Gambyong iku dipunbeksakaken kanthi èsem kang kenes.[1] Nanging kajaba punika, beksan gambyong ugi mujudaken gambaran watak wanodya Jawi ingkang alus.[5].
Uga delengen
besutCathetan suku
besut- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa ab ac ad ae af ag ah ai (id) Soedarsono, R. M. 2002. Seni Pertunjukan Indonésia di Era Globalisasi. Yogyakarta: Gadjah Mada University Press. (Kaca 306-310)
- ↑ a b c d e f g (id) Dahlan, Dandang Ahmad. 2005. Tayub Pati dan Ledeknya. -: Ciptamedia Binanusa. (Kaca 18)
- ↑ (id) Tari Gambyong Archived 2011-10-09 at the Wayback Machine. (dipunundhuh 4 Maret 2011)
- ↑ (en) Brakel, Clara. 1995. Classical Javanese Dance: the Surakarta Tradition and Its Terminology. Leiden: KITLV Press
- ↑ (id)Wisata Budaya (dipunundhuh 4 Maret 2011)