Gunung Abang inggih punika gunung tuwa dhéwé nomer kalih kanthi kainggilan kinten-kinten 152 m (Gunung Abang), gundukan punika mapan ing sisih kilèn kawah saha pérangan kidul Penelokan, inggih punika titik paling inggil wonten ing kawah paling jawi Gunung Batur, wondéné pandhakian Gunung Abang langkung gampil saking Gunung Batur.[1]

Gunung Abang

Dhasar Panunjukan saha wiyar

besut

Gunung Abang minangka cagar alam adhedasar Surat Dudutan Gubernur Jenderal Hindia Walanda Nomor 12 Stbl 1937 Nomer 579 tanggal 25 Oktober 1937 kanthi wiyar 50,4 ha. Wonten ing taun 1978 Mantri Pertanian RI netepaken malih Cagar Alam Gunung Abang lumantar Surat Dudutan No: 458/Kpts/Um/1978 tanggal 24 Juli 1978.

Panggénan

besut

Sacara géografis Cagar Alam Gunung Abang mapan wonten ing 112°48’48” BT saha 7°46’54” LS kanthi wates tlatah: Sacara administratif papréntahan, tlatah punika mapan ing tiga désa inggih punika Dhesa Kedung Pengaron,Kacamatan Kejayan, Désa Sapulante saha Désa Ampelsari, Kacamatan Pasrepan Kabupatèn Pasuruan. [2]

Potensi

besut

Tipe Ekosistem

besut
  • Ekosistem Wana Jawah Tropika Andhap

Ekosistem wana punika kawujud déning vegetasi wana rimba alam campuran.Jinis-jinis limrahipun dipunramékaken kanthi kulawarga Euphorbiaceae, Tiliceae, Moraceae, Streculiae, Fabaceae, Sapindaceae, Dilleniae, Milliceae saha Verbenaceae.[3]

  • Ekosistem Wana Jati

Wana Jati asalipun saking tuwuhan wonten ing taun 1966, sapunika sampun maujud vegetesi wana ingkang homogen kanthi manéka warna tuwuhan andhap kados ta jinis suket-suketan, Lamtoro(Leucena glauca), kacangan (Centrocema pubescens) saha Otok-otok (Moghania strobilifera). [3]

Flora

besut

Vegetasi wana ingkang wonten ing salebeting tlatah Cagar Alam Gunung Abang punika ékosistem wana jawah tropika dataran cendhèk ingkang kasusun saking wana alam saha wana wit-witan. Vegetasi ingkang saged dipuntingali antawisipun: sempu (Dillenia pentagyna) ingkang minangka tuwuhan langka saha ing Pulau Sempu ugi boten saged dipuntingali tuwuhan punika. Jinis tuwuhan ingkang kathah inggih punika beringin (Ficus benyamina), luwing (Ficus hispida), Saga (Adenanthera microsperma), sogo manis (Abrus precatorius), sengon tekik (Albizia lebbeckoides) dan Kesambi (Scleicera oleosa). Vegetasi ing tebing Sungai Kudu langkung kathah bambu ori, bambu wulung, kepuh (Sterculia foetida) saha bendo (Artocarpus elasticus). Wondéné vegetasi wana tuwuhan kasusun saking jinin jati (Tectona grandis).[2]

Fauna

besut

Pinten-pinten jinis kéwan liyar ingkang saged dipuntingali inggih punika kalong (pteropus vampyrus), lutung jawa (Tracypithecus auratus), kera klawu (Macaca fascicularis), kutilang (Pynonotus aurigaster), garudha (Accipiter trivirgatus), srigunting (Dicrurus macrocercus) dan tekukur (Streptopelia chinensis).[2]

Kaunikan utawa kaistimewan

besut

Tipe ékosistem wana jawah tropika dataran cendhèk kanthi jinis siti ingkang abrit (abang) saha kawontenanipun tuwuhan sempu (Dillenia pentagyna).[2]

Aksesibilitas

besut

Kanggé tumuju Cagar Alam Gunung Abang saged dipunlampahi lumantar Kutha Pasuruan kanthi ngginakaken montor rodha kalih maupun mobil ngantos ing Dhusun Lemah Abang kanthi jarak + 15 km. Lelampahan salajengipun namung saged dipunlampahi kanthi mlampah saking dhusun Lemah Abang dhateng tlatah cagar alam + 2 km.[2]

Cathetan suku

besut
  1. Panggénan Gunung Abang Archived 2013-03-19 at the Wayback Machine. (dipununduh 24 Novèmber 2012)
  2. a b c d e Data Panunjang Archived 2013-01-26 at the Wayback Machine. (dipununduh 24 Novèmber 2012)
  3. a b Potensi Archived 2010-04-25 at the Wayback Machine. (dipununduh 24 Novèmber 2012)

Uga delengen

besut