Gunung Kaba
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Gunung Kaba utawa ingkang misuwur kawastanan Bukit Kaba inggih punika salah satunggaling gunung geni ingkang taksih aktif ing pulau Sumatera. Gunung punika mapan ing dhusun Sumber Urip, Kacamatan Curup Timur, Kabupatèn Rejang Lebong, Bengkulu. Bukit Kaba gadhah kainggilan kirang langkung 1937 inggilipun lumah laut (dpl).[1] Gunung punika gadhah kalih kawah wlirang ingkang ageng, salah satunggalipun gadhah toya wlirang ingkang warnanipun ijem kanthi 12 anak kawah ingkang taksih aktif.Wiyar tlatah gunung punika sakitar 13.490 Hektar. Kanggé dumugi ing gunung punika pandhaki kedah tumuju Kutha Curup manawi dumugi saking arah Kutha Bengkulu. Jarak Curup saha Kutha Bengkulu sakitar 90 km utawa sakitar 2 jam lelampahan lumantar jalur dharat.Nanging manawi dumugi saking arah wétan inggih punika arah Palembang saged lumantar Kabupatèn Lahat saha Lubuk Linggau.[1] Saking Kutha Curup tumuju Dhesa Sumber Urip ingkang warganipun mayoritas suku Jawa punika kirang langkung sakitar 23 km. Kanggé minggah dhateng puncak gunung saged mlampah utawa ngginakaken sepedha montor. Lokasi ing sakitar Gunung Kaba punika salah satunggaling cagar alam kanggé nglindungi tuwuhan Rafflesia.[2] Gunung kaba mapan boten tebih saking gunung Dempo (31172 mdpl) punika gunung api kembar kanthi gunung cemeng ingkang sampun padham. Wonten ing puncakipun wonten tiga kawah ingkang cekap éndah kanggé dipunnikmati.[2]
Gunung Kaba | |
---|---|
Èlevasi | 1,940 metres (6,360 ft) |
Érupsi
besutGunung Kaba sempet ngalami érupsi wonten ing taun 2000, 1956, 1952, 1950-1951, 1939-1941, 1918, 1907, 1873-1992, 1868-1969, 1853, 1834, 1833. Wonten ing taun 2010 kapungkur statusipun sempat waspaos.[1]
Mitos
besutMitos Gunung Kaba Pinten-pinten mitos kathah ing gunung punika, kathah ingkang ngendika manawi gunung mau kathah lelembut pèndhèk kados ta tuyul. Sanésipun, ing caket kubah sapindha wonten séla ageng ingkang manawi dipuntingali saking kubah rikala dalu kados ta wonten wanita nganggé ageman bethak kanthi sepintas.[1]
Mitos sanèsipun inggih punika warga Curup asli ingkang boten naté ajeng minggah gunung mau. Salah satunggaling warga Curup, Anton nyariosaken manawi ing jaman biyén naté wonten warga Curup ingkang péngin nikah kaliyan warga gunung Kaba. Piyambakipun sampun ngaturi kaluwarganipun kanggé ngrawuhi parnikahanipun kaliyan putri asal gunung punika. Nanging, rikala kulawarga tiyang jaler warga Curup punika nyandhing ing pelaminan, kulawarga tiyang jaler punika boten saged ningali pasanganipun, ngantos piyambakipun dipunhina kanthi dipunanggep édan.[1]
Kulawarga tiyang jaler pungkasanipun nilaraken adicara punika. Nanging, amargi kadadosan punika, saking kulawarga wanita maringi sumpah sarta kutukan. Manawi wonten warga Curup ingkang dhateng ing gunung punika, pramila ajeng angsal musibah utawa boten saged ningali kanthi cetha amargi ajeng wonten kabut tebal.[1]
Cathetan suku
besut- ↑ a b c d e f Mitos Archived 2012-07-25 at the Wayback Machine. (dipununduh 24 Novèmber 2012)
- ↑ a b Panggénan Gunung Kaba Archived 2012-05-09 at the Wayback Machine. (dipununduh 24 Novèmber 2012)