Gunung Singgalang
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Gunung Singgalang inggih punika salah satunggaling gunung ing Indonésia ingkang estunipun dumunung Kacamatan IV Kitha Kabupatèn Agam lan Kacamatan X Kitha Kabupatèn Tanah Datar ing provinsi Sumatra Barat, Indonésia.[2] Dhuwuripun gunung Singgalang kirang langkung 2.877 mèter.[2]
Singgalang | |
---|---|
Masalah Lua ing Modhul:Location_map larik 501: Unable to find the specified location map definition. Neither "Module:Location map/data/Indonésia" nor "Template:Location map Indonésia" exists.
| |
Titik dhuwur dhéwé | |
Èlevasi | 2,877 m (9,439 ft) [1] |
Pratélan | Ribu |
Koordhinat | 0°23′24″S 100°19′51″E / 0.39000°S 100.33083°E |
Géografi | |
Location | Kabupatèn Agam, Sumatra Barat, Indonésia |
Parent range | Bukit Barisan |
Géologi | |
Jinisé gunung | stratovolcano |
Manawi dipuntingali saking wujudipun, gunung Singgalang katingal kados Gunung Merbabu ing Jawa Tengah.[3] Gunung Singgalang sapunika sampun boten aktip malih lan gadhah satunggaling tlaga ingkang dados daya tarikipun para wisatawan ingkang minggah gunung.[4] Tlaga kala wau mapan wonten ing pucuking gunung lan punika tilas kawah gunung nalika taksih aktip.[4] Tlaga punika dipunsebat Tlaga Dewi.[4]
Gunung Singgalang ugi asring dipunsebat dados penyangga langit Minagkabau. Ing Gunung Singgalang wonten tigang pucuk ingkang wigati, ingkang asring dipunsebat "Tri Arga".Salah satunggaling pucuking gunung ingkang paling inggil inggih kanthi dhuwut 2.877 mèter dpl. Ing wewengkon geografisipun, gunung punika mapan wonten ing Kabupatèn Agam, lan persis mapan wonten ing sebelahipun inggih wonten Gunung Marapi ingkang dados penyangga langit Minakabau ugi, lan ingkang satungga inggih Gunung Talang.
Hutan Gunung Singgalang
besutIng gunung Singgalang ugi kababr alas ingkang wiyar, inggih wonten kawasan hutan dipterokarp bukit utawi hutan ingkang mapan wonten ing dhuwur 300 dumugi 750 mèter sak nginggiling toya laut. Kajawi punika ugi wonten hutan dipterokarp inggil inggih punika alas ingkang mapan wonten ing dhuwur 750 dumugi 1.200 mèter dpl, hutan Montane inggih punika alas ingkang mapan wonten ing dhuwur 1.200-1.500 mèter dpl, saha hutan Ericaceous utawi hutan gunung. Ing kawasan dipterokrap wonten spésies wit Seraya, wit Kemuning saha Miranti. Ing hutan dipterokarp atas ugi saged kapanggih wit Meranti Bukit saha wit Damar Minyak. Ing kawasan hutan Montane, spésies ingkang paling wigati inggih wontenipun wit Mempening, Berangan, Damar Minyak, saha Podo. Déné ing hutan ericaceous utawi hutan gunung ingkang mapan ing dhuwur langkung saking 1.500 mèter, spésies ingkang paling wigati inggih punika wit Kelat, wit Periuk Kera, saha manéka warna jinising belukar, buluh, resam, paku-pakis, saha lumut.
Daya Tarik
besutIngkang narik kawigatosanipun para pendaki dhateng Gunung Singgalang punika inggih amargi sesawangan ingkang katingal ing gunung punika inggih éndah sanget. Wonten ing gunung Singgalang wonten Tlaga Dewi ingkang kaendahanipun saged damel betah para wisatawan ingkang mampir wonten ing tlaga wau. Padatanipun manawi badhé ndhaki gunung Singgalang punika boten dipunbetahaken wekdal ingkang dangu. Para pendaki ingkang sampun biyasa ndhak saged dugi ing pucuk gunung namung kanthi wekdal kirang langkung 6 jam.
Jalur dhaki
besutManawi badhé ndhaki dhateng Gunung Singgalang punika saged liwat jalur Koto Baru, Agam ingkang samangke badhé medal Nagari Pandai Sikek manawi badhé dugi ing pucukipun gunung singgalang punika.