Gurih ya iku salah sijiné komponèn rasa dhasar kang dikenal déning manungsa, saliyané, legi, asin, kecut, lan pait.[1] Bahan pangan kang duwé rasa gurih duwé komponèn utama wujud nukleotida lan asem amino kaya ta glutamat lan aspartat.[1] Senyawa glutamat minangka salah siji saiji asem amino kang akèh tinemu ana ing tomat, keju, susu, trasi, lan liyané. Ing kuliner Indonesia, rasa gurih bangrt krasa ana ing gule, sup, kaldu, soto, lan masakan tradhisional liyané.[1] rasa gurih tinemu déning ilmuwan asal Jepang kanthi jeneng Kikunae Ikeda.[2] Ikeda péngin ngerti siji rasa kang kas ing tomat, keju, asparagus, lan daging dipaparake ing kongres internasional kaping-8 ngenani kimia terapan ing Chicago nalika taun 1912.[1] Nalika iku dhèwèké manggon ana ing Jerman.[1] Rasa kang kas ora bisa diwakili déning rasa legi, asin, kecut, lan pait.[1] Sawijining bengi nalika Ikeda bali ing Jepang, bojone masak sup tahu kang dimasak karo rumput laut (kombu]].[2] Dhèwèké takon marag bojone lan anaké ngenani rasa kang énak saliyané patang rasa dhasar mau kang wis dikenal déning manungsa.[1] Kawit iku, dhèwèké ngupaya kanggo nemokakake rasa mau lan ing taun 1908, dhèwèké kasil nemokakake kandhutan kombu kang nyiptakae rasa unik lan énak.[1]

Profesor Kikunae Ikeda, penemu rasa gurih.

Cathetan suku

besut
  1. a b c d e f g h Kulinologi Indonesia. Vol.1/2009. Hal.48
  2. a b (Inggris)Richard L. Myers (2007). The 100 most important chemical compounds: a reference guide. Grennwood. ISBN 978-0-313-33758-1.